NEW
Font size
WorksheetsASESMEN CRITA WAYANG KELAS X (SMAGA)
Total questions: 20
Worksheet time: 17mins
diyan/lampu kanggo madhangi wayang diarani
blencong
debog
kelir
dalang
cempala
layar kang dinggo nalika pagelaran wayang kulit diarani
blencong
kelir
debog
Cempala
keprak
wayang Mahabarata nyeritakake perang sedhulur antarane Pandhawa kalawan ...
ramawijaya
anoman
kurawa
kresna
gatotkaca
crita mahabarata iku kaperang dadi pirang parwa....
10
8
28
18
24
Parwa kang nyeritakake silsilah kerajaan Ngastina uga babagan Pandhawa lan Kurawa nalika isih enom yaiku...
adiparwa
sabhaparwa
wanaparwa
wirataparwa
udyogaparwa
Bhismaparwa yaiku salah sawijining parwa Mahabarata kang nyeritakake anggone Bhisma gugur ing medan perang Baratayudha. Piyambake dikalahake dening Srikandi lan Arjuna. Paraga Bhisma iki duweni sesambungan karo Pandhawa yaiku minangka...
paklike
bapake
pakdhene
gurune
simbahe
paraga Pandawa kang dipercaya minangka titisan Dewa Indra yaiku ...
Yudhistira
Arjuna
Wedkudara
Nakula
Sadewa
Bima minangka putrane Dewi Kunthi lan Prabu Pandhu uga dipercaya titisane dewa...
indra
aswin
bayu
yama
surya
Salah sawijining paraga wayang ing Mahabarata kang reinkarnasi dadi Srikandi yaiku...
Amba
Ambika
Ambalika
Gandari
Drupadi
Ing Negara Ngastina wonten ratu yaiku Prabu Pandhu Dewanata. Sang Prabu duweni garwa yaiku Dewi Kunthi. Putrane kang nomer loro lair awujud bungkus. Awake kabungkus selaput tipis ora bisa disuwek nganggo gaman apa wae, bab kasebut agawe Prabu lan Dewi Kunthi sedhih.
Pethilan crita wayang kasebut ndudohake babagan struktur teks crita wayang yaiku...
orientasi
komplikasi
konflik
resolusi
dudutan/koda
unsur intrinsik kang ngemot babagan ide pokok minangka dadi wosing crita kang ndhasari lakuning crita yaiku...
latar
alur
penokohan
tema
sudut pandang
Bima duweni sedulur tunggal Bayu yaiku Anoman, Gunung Maenaka, Garuda Mahambira, Naga Kurawa, Liman/Gajah Setubanda, Kapiwara, Yaksendra, Yayayhwreka, lan Pulasiya. Bima awake gagah prakasa, watake wani, teges, teguh imane. Bima meguru karo Resi Durna babagan olah batin lan kaprajuritan, Begawan Kepra lan Prabu Baladhewa babagan migunakake Gandha.
Pethilan crita wayang kasebut njlentrehake babagan unsur intriksik yaiku...
alur
latar
penokohan
tema
sudut pandang
Ing Negara Ngastina wonten ratu yaiku Prabu Pandhu Dewanata. Sang Prabu duweni garwa yaiku Dewi Kunthi. Putrane kang nomer loro lair awujud bungkus. Awake kabungkus selaput tipis ora bisa disuwek nganggo gaman apa wae. Bab kasebut agawe Prabu lan Dewi Kunthi sedhih. Mula Prabu Pandhu nyuwun tulung marang Kurawa supaya bisa mecah bungkus. Para Kuwara mecah bungkus kanthi ancas kepengin mejahi si bayi bungkus. Nanging bayi bungkus kasebut ora bisa pecah 8 taun suwene nganti adhine lair kang diarani Permadi.
alur kang digunakake ing crita wayang kasebut yaiku...
maju
mundur
campuran
papan
wektu
Wayang kang digawe saka kayu diklambeni kaya dene manungsa diarani....
Wayang klithik
Wayang beber
Wayang golek
Wayang wong
Wayang kulit
Tokoh wayang iki ing Serat Tripama dadi sawijining punjer crita Mahabharata ing perang Bharatayuda. Sanajan wis ngerti yen dheweke iku sedulur tuwane para Pandhawa, nanging nalika perang Bharatayuda ora mbelani sedulure nanging mbelani Negara Ngastina kang wis nggedhekake lan kang disuwitani.
Tokoh kasebut yaiku ....
Kumbakarna
Dasamuka
Janaka
Sumantri
Adipati Karna
Gambar wayang kang jenenge Werkudara yaiku ....
Saben titah kang urip ing jagad iki kudu duwe sikep empati marang pepadhane, marang pepadhane manungsa, tanduran, lan sato kewan. Amarga sikep empati bakal ndadekake manungsa dadi tanggap ing sasmita marang panguripane lan wong liya lan supaya mangun urip kang tetrem lan ayem.
Pratelan iku kalebu nilai ing pewayangan kang diarani ....
Adil
Jujur
Mad sinamadan
Tanggap ing sasmita
Ngabdi mring Negara
Kala mangsane sikep iki gampang diucapake nanging angel dilakoni “gedhang wohing pakel, ngomonge gampang nglakoni angel”. Amarga kudu duwe watek prasaja utawa apa anane. Yen ngendika ora ngayawara, yen janji ora mblenjani. Sakabehe tumindak ora digawe-gawe.
Pratelan iku kalebu nilai ing pewayangan kang diarani ....
Adil
Jujur
Mad sinamadan
Tanggap ing sasmita
Ngabdi mring Negara
Panguripan iki bakal karasa tentrem yen kang enom ngajeni piyayi sepuh, lan kosok balene. Sikep iki kang ndadekake panguripan ing masarakat bisa rukun, ora nengenake rumangsa bisa nanging bisa rumangsa, mula lumakuning bebrayan bisa kekanthenan lan gotong royong. Tuladhane nalika Pandhita Durna maju ing bharatayuda,ora ana Pandhawa kang wani ngadhepi, amarga ngurmati yen piyambake iku gurune Pandhawa.
Pratelan iku kalebu nilai ing pewayangan kang diarani ....
Adil
Jujur
Mad sinamadan
Tanggap ing sasmita
Ngabdi mring Negara
Awake dhewe kudu duwe sikep kang bela Negara, amarga kanthi mangkono bisa mangun lan ningkatake drajat panguripan, ngleluri, nglestarekake alam sakiwa tengene. Amarga yen dilandhesi rasa handarbeni bangsa bakal ora trima nalika negarane dhewe disepeleke. Ing wayang ana sawijining crita kang nuduhake sikep bela negarane, yaiku critane Raden Kumbakarna kang gugur mbelani negarane, lan ora mbelani sedulure.
Bab kasebut njlentrehake nilai crita wayang yaiku...
Adil
Jujur
Mad sinamadan
Tanggap ing sasmita
Ngabdi mring nagara
