NEW
Font size
WorksheetsLATIHAN PERSIAPAN AM MI 2024 BAHASA JAWA
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Geguritan kanggo soal nomer 1 lan 2
Sekolahanku
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku
Diwulang dening bapak ibu guru
Sekolahanku
Sinau, maca buku
Ing panggonan iki
Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti
Ing panggonan iki
Aku diajari marang kanca aja srei
Diparingi PR kanggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan
Aku percaya
Sanajan abot kudu dilakoni
Kare ben mbesuk dadi wong miguna kanggo bangsa lan nagari
Pitutur utawa nasihat jroning geguritan ndhuwur yaiku ...
Ilmu sing diparingake bapak ibu guru marang para siswa bakal migunani ing tembe mburine. Bakal migunani kanggo urip bebrayan ing masyarakat
Akehing ilmu kang diduweni dening para siswa ora bisa kanggo golek gaweyan sing diidham-idhamake. Ora bisa kanggo nggayuh impen sing digadhang.
Apa wae ilmu sing oleh saka seolahan ora nakal migunani yen ora dilambari rasa seneng lan ikhlas anggone nglakoni urip ing bebrayan
Aja nglalekake apa wae piwulang lan pesen saka bapak ibu guru sing wis mbimbing para siswa kanthi welas asih. Piwulang saka bapak ibu guru mesthi piwulang sing becik
Geguritan kanggo soal nomer 1 lan 2
Sekolahanku
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku
Diwulang dening bapak ibu guru
Sekolahanku
Sinau, maca buku
Ing panggonan iki
Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti
Ing panggonan iki
Aku diajari marang kanca aja srei
Diparingi PR kanggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan
Aku percaya
Sanajan abot kudu dilakoni
Kare ben mbesuk dadi wong miguna kanggo bangsa lan nagari
Isi geguritan ing ndhuwur ngenani ....
Piwulang ing sekolahan sing ora bisa kanggo cekelan ing tembe mburine
Sekolahan panggonan golek elmu sing ora mesthi migunani kanggo bebrayan
Piwulang saka bapak ibu guru sing bisa migunani kanggo urip bebrayan ing tembe mburi
Sangu ilmu luwih migunani dibandhingake karo donya brana
Pacelathon
Hari: Piye kabare?
Ryan: Apik. Lha kowe piye?
Hari: Aku ya apik. Wah, wis suwe ora ketemu. Kangen rasane karo kanca.
Ryan: Saiki kowe wis nyambut gawe apa durung?
Hari: Aku durung nyambut gawe alias isih nganggur. Lha kowe piye?
Ryan: Alhamdulillah aku wis oleh gaweyan. Ya wis ayo mangan bareng nang warung mie ayam kae. Tak traktir wis. Tenang wae.
Hari: Alhamdulillah. Oke. Ayo
Basa sing digunakake ing pacelathon ndhuwur yaiku basa ....
ngoko alus
ngoko lugu
krama lugu
krama alus
Paklik kula tindak Jakarta nitih sepur jam sedasa.
Ukara ndhuwur yen diowahi dadi ngoko lugu ....
Paklikku tindak Jakarta numpak sepur jam sanga
Paklikku lunga Jakarta numpak sepur jam sepuluh
Paklikku kesah Jakarta numpak sepur jam sewelas
Paklikku kesah Jakarta numpak sepur jam sepuluh
Cerita kanggo soal nomer 5 – 6
Asal usul Desa Mirigambar
Ing jaman biyen ana salah siji prajurite Pangeran Diponegoro kang mlayu ngetan parane amarga dioyak pasukan Walanda.
Kocape crita, prajurit mau tekan dhaerah Tulungagung kang wektu iku isih wujud alas gung liwang-liwung.
Saking kesele, ptajurit mau leren lungguh semendhe wit miri kang gedhe banget. Nalika enak-enak leren, prajurit mau weruh sesawangan kang nggumunake ing sacedhake papane lungguh.
Prajurit mau weruh tumpukan watu kependhem lemah iku ana gambare werna-werna.
Saiba kagete nalika lemah kang ngurug tumpukan watu disisihake pramyata tumpukan watu mujudake sisa-sisa candhi tinggalan jaman kawuri.
Sesawangan kang ana ing ngarepe nduweni panganggep yen papan sing ditekani mujudake desa kang wis ditinggalake pendhudhuke.
Sanalika tuwuh pepinginane prajurit kanggo babad alas ing dhaerah kono.
Sarehne wektu sepisanan teka weruh ana gambar ing ngisore wit miri, dheweke nengeri dhaerah mau kanthi tetenger Mirigambar.
Latar panggonan cerita ing ndhuwur yaiku ....
alas
kali
segara
pasar

Sing dadi paraga ing cerita ndhuwur yaiku ....
Andhahane Pangeran Antasari
Andhahane Pangeran Diponegoro
Prajurite Pangeran Diponegoro
Prajurite Pangeran Antasari
Salah sijine unsur instrinsik cerita yaiku ....
beya
kostum
make up
alur
Tuladhane tembang dolanan sing misuwur yaiku ....
lir ilir
pucung
maskumambang
megatruh
...................
..................
Wakul ngglimpang segane dadi sakratan
Wakul ngglimpang segane dadi sakratan
Ing ndhuwur pethilan tembang sing isine ngelingake pemimpin supaya ora kumalungkung.
Tembang kasebut yaiku ....
Lir ilir
Gundhul-gundhul Pacul
Turi-turi Putih
Cublak-cublak Suweng
Sing kalebu ater-ater anuswara yaiku ....
dak, ko, di
m, n, ny, ng
m, n, ny, sa
kuma, kapi, sapi
Sing kalebu ater-ater tripurusa yaiku ....
pra, tar, ka
dak, ko, di
m, n, ny, ng
m, n, ny, sa
Salah sijine ciri teks narasi yaiku ....
Nyajekake rerangkene warta utawa kedadeyan
Nggambarake utawa nglukisake sawijine babagan
Ngyakinake paamaos kanthi maparake bukti-bukti
Ngajak pamaos supaya gelem tumindak karo kekarepane penulis
Salah sijine ciri teks deskripsi yaiku ....
Ngyakinake paamaos kanthi maparake bukti-bukti
Ngajak pamaos supaya gelem tumindak karo kekarepane penulis
Nggambarake utawa nglukisake sawijine babagan kanthi rinci
Nyajekake rerangkene warta utawa kedadeyan
Preinan ing Borobudur
Dina preian wingi aku lunga menyang Borobudur karo ibu, bapak, lan adhiku. Borobudur rame banget nanging kabeh padha manut karo aturan protokol kesehatan. Aku uga dipeseni ibu tansah nggawa hand sanitizer lan masker cadangan. Pokoke masker tetep dianggo terus nalika ing lokasi.
Wacan ing ndhuwur kalebu tuladhane teks ...
narasi
deskripsi
eksposisi
argumentasi
Tuladhane tembung saroja ing ukara yaiku ....
Rambutmu iki modhel apa ta, kok nganggo buntut urang barang lo
Bapa biyungmu kuwi aja nganti koklalekake nganti kapan wae!
Kowe isih duwe sepedha siji wae kok wis dhuwur atine ya.
Tangi turu lha kok wis padhang jingglang. Ngene iki jenenge lak karainan