WorksheetsKidang Kencana 7
Total questions: 10
Worksheet time: 10mins
1. Garwane Prabu Dasarata cacahe 3. Minangka ibune Rama yaiku Dewi ....
Sinta
Kekayi
Sumitra
Kosalya
2. Prabu Dasarata wis sepuh, mula Rama dikarepake bisa jumeneng nata/raja nggenteni bapake. Nanging garwane Dasarata ora sarujuk. Garwane Dasarata kang ora sarujuk Rama jumeneng nata yaiku ....
Sinta
Kekayi
Sumitra
Kosalya
3. Rama kagungan adhi beda ibu. Adhine Rama kang melu ngumbara yaiku ....
Barata
Laksmana
Satrugna
Kalamarica
4. Rama kudu ninggalake Ayodya. Bab kasebut amarga Prabu Dasarata kudu netepi janjine marang
Barata
Dewi Kekayi
Sinta
Rahwana
5. Rama ninggalake Ayodya lan ngumbara menyang ....
Negeri Mantili
Alas Dhandhaka
Negara Alengka
Negara Kosala
6. Ing satengahe ngumbara, Rama ketemu karo raseksa wanodya (raseksi). Raseksi kasebut aran .....
Sumitra
Kalamarica
Rahwana
Sarpakenaka
7. Sinta kepengin ngopeni sawijining kewan ing satengahe pangumbaran. Kewan kang pengin diopeni Sinta lan Rama ngupaya nyekelake yaiku ....
manuk
jaran
kidang
kelinci
8. Rahwana teka ing panggonan pangumbarane Rama lan Sinta. Nanging dheweke malih wujud dadi ....
raseksa
pandhita
kidang
raja
9. Rama nayogyani/sarujuk dhawuhe bapake supaya ninggalake Ayodya. Bab kasebut amarga janji kang digawe dening bapake marang kang garwa. Kahanan kasebut ngandhake pitutur yen manungsa duweni janji prayogane kudu ....
dikandhakake
dieling-eling
dilakoni/ditepati
ditulis
10. Sinta weruh sawijining kidang lan kepengin ngopeni. Kidang kasebut sejatine kongkonane Rahwana kang aran ....
Kalamarica
Sarpakenaka
Kumbakarna
Wibisana
