WorksheetsLATIHAN PAS II KELAS 9
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Drama iku mujudake komposisi sair utawa gancaran kang diajab bisa nggambarake panguripan lan watak liwat...
crita lisan
crita tulis
akting lan dialog
akting lan nembang
"Tukua buku gambar saiki mumpung isih ngaso!", ukara kasebut kalebu ukara sambawa kang ateges ...
ngongkon tuku
senajan tuku
muga-muga tuku
upama tuku
"Rampunga wingi-wingi saiki ora bakal keponthalan nggarap PR-e". Tembung rampunga ing ukara kasebut tegese ...
muga-muga rampung
upama rampung
ngongkon ngrampungake
senajan rampung
"Enggal kondura ya bapak lan ibuku ben ora kudanan". Tembung kondura ing ukara kasebut tegese ...
muga-muga kondur
upama kondur
senajan kondur
ngongkon kondur
Seni teater kang asale saka wewengkon Minangkabau yaiku ...
Mamanda
Randai
Calonang
Mendu
Ing ngisor iki ora kalebu titikane teater modern yaiku ...
Kang dipentasake ing panggung temen gambarane naskah/teks
Risiko cabar (gagal) banget gedhene
Naskah minangka cekelan kang kukuh bakuh
Pacelathon lan lakune paraga kudu padha karo naskah
"Jam pira budhalmu sekolah?", ukara kasebut kalebu ukara ...
pitakon
agnya
sambawa
carita
"Tukua spidol abang saiki!", ukara kasebut kalebu ukara ...
pitakon
pakon
sambawa
carita
Drama heroik yaiku ...
Temane bab panguripan kaum bangsawan
Drama kang wujude basa pinathok (puisi)
Tema katresnan lan jeneng becik (nama baik)
Nyritakake rakyat biasa
Jagabaya : “Yen lurah darbe gegayuhan ngono, ya wis. Yen ngono kabeh rakyat digladhi wae
karawitan utawa kethoprak. Aja mung pemudha thok, nanging kabeh!”
Lurah : “Lho, kok terus ngono? Sabar tha sabar, yen ora sarujuk ya ayo dirembug becik-becik.
Nah, karepe Jagabaya kepriye? Carik, mbok coba aweh panemu!”
Saka wacan kasebut, Pak Lurah duweni watak …
Gampang nesu
ora gelem nrima saran
Manut wae marang liyane
Bijaksana
Simbah : "Ibarate kaya woh dhondhong lan woh duren. Woh dhondhong kulite alus, bareng dicokot rasane kecut, serat-serate kasar, isine malah kebak eri sing marahi klelegen. Dene, woh duren kulite kebak eri, nanging bareng dubukak, daginge lembut lan rasane legi. Mula watake woh-wohan kuwi ora bisa dibedhek. Semono uga manungsa. Ora pareng pisan-pisan ngarani apik utawa ala yen durung ngerti tenan. Mula becike kita duwe penampilan kaya woh dhondhong nanging duwe watak kaya duren” (Gumuyu nuli ngendika).”
Dhialog ing dhuwur ngemu pesen …
Dadi wong kudu gelem ngalah
Wong jujur bakal nemu slamet
Aja gampang gawe prasangka
Sapa salah bakal seleh
Wacanen dhialog ing ngisor!
Sulastri : “Kangmas, saiki sing ngalang-ngalangi katresnan kita wis ora ana.”
Imam : “Matura marang wong tuwamu yen aku arep nglamar sliramu.”
Sulastri : “Iya, Kangmas. Aku wis sumadya dadi garwamu.”
Dhialog iku ana ing struktur …
orientasi
komplikasi
resolusi
koda
Ukara kang dumadi saka ukara lamba loro/luwih kang siji-sijine ukara mau isih madheg dhewe-dhewe sarta surasane ukara kasebut ana gandheng cenenge, diarani .....
camboran
camboran sajajar
camboran raketan
camboran susun
Raden Ajeng Kartini mujudake sawijining priyayi klas bangsawan Jawa, putri Raden Mas Sosroningrat saka Bupati Jepara. R.A. Kartini putra kalima saka sewelas dulure lan panjenengane iku putra wanita kang paling tuwa.. R.A. Kartini mujudake keturunan keluarga limpad (cerdas).
Perangan teks ndhuwur ing teks palaporan kagiyatan diandharake ing........
jeneng kagiyatan
dhasar panemu
ancas kagiyatan
rantaman kagiyatan
Ing ngisor iki ora kalebu ukara camboran raketan ...
Aku ora mlebu les amarga udane ora lekas terang.
Aku lan kancaku seneng tuku jajan.
Adhik sianu maca banjur sinau nulis.
Latare disapu aku lan Mas Bayu.
"Aku lan kanca-kanca dalah rombongan liyane mangan bengi lan sholat luwih dhisik ing restoran". Ukara kasebut kalebu ukara camboran ...
sajajar
raketan
susun
bertingkat
Purwakane crita drama sadurunge miwiti dialog diarani ...
prolog
protagonis
tritagonis
epilog
Ing bebrayan Jawa drama uga diarani ...
sandhiwara
teliksandhi
sandhiasma
sandhiyudha
Struktur drama orientasi yaiku ....
Para paraga diadhepake ing prakara
Para paraga wis nemokake cara ngrampungake prakarane
Para paraga ditepungake watake
Nelakake pesen utawa nilai-nilai moral
Drama keagamaan kang isine konflik antaraning bab kebecikan lan kewengisan yaiku ...
Drama misteri
Drama sedhih
Drama heroik
Drama moralis
