wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

asesmen geguritan

Total questions: 20

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Kang kudu digatekake nalika maca geguritan ana ngarep kelas yaiku ....

a)

imajinasi

b)

pamilihing tembung

c)

artikulasi

d)

gaya bahasa

e)

Rima

2.

Pilihan tembung ing geguritan uga diarani ....

a)

dhiksi

b)

larik

c)

bait

d)

pada

e)

Tema

3.

Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi ....

a)

alus lan nrenyuhake

b)

endah lan aji

c)

kasar lan mangkelake

d)

suci lan nyenengake

e)

Katon ngayawara

4.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng

b)

katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah

c)

katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih

d)

katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng

e)

Katon bungah lan mesem ngguyu

5.

Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku ....

a)

kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe

b)

kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan

c)

kanthi tanpa solah bawa lan patrap

d)

kanthi solah bawa sing digawe-gawe

e)

Kanthi patrap kang ora lumrah

6.

ancase maca endah geguritan, yaiku .....

a)

supaya bisa mirsani padha nggumun lan era marang sing maca

b)

sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi, piweling lan kaendahan geguritan

c)

nemokake struktur batin geguritan

d)

nemokake struktur lair geguritan

e)

Nemokake tema geguritan

7.

Ritme iku mujudake ... .

a)

purwakanthi (persamaan bunyi) ing guritan

b)

dhuwur endheke, dawa cendhake, banter aloni uni (bunyi)

c)

gegantenaning munggah mudhune swara sacara teratur

d)

mimike wadana nalika maca endha sawijine guritan

e)

wangsulan kabeh bener

8.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama Hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani

Ing geguritan iku, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

ibu

c)

anak

d)

putu

e)

tangga

9.

Ndheg-ndhegan (hentian) lakune pocapan sajroning geguritan diarani ...

a)

intonasi

b)

jeda

c)

wirama

d)

pocapan

e)

gancaran

10.

Ing ngisor iki sing ora kalebu bab sing kudu digatekake sadurunge nemokake isi geguritan yaiku ...

a)

negesi tembung sing angel

b)

nggoleki maknane ing saben gatra

c)

nggathukake maknane ing saben pada

d)

nyimpulake maknane geguritan kanthi wutuh

e)

ngrasakake kekarepane geguritan lan njlimeti asmane panggurit

11.

Geguritan ing dhuwur dumadi saka ... pada, saben pada dumadi saka ... gatra.

a)

2, 5

b)

3, 5

c)

3, 4

d)

2, 4

e)

4, 2

12.

Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese . . .

a)

rasaning swasana ati

b)

pocapan kang cetha

c)

pathokan

d)

dawane ukara

e)

solah bawa

13.

Jingglengana geguritan ing ngisor!


Medhitasi Mangsa

Sumono Sandy Asmoro


....

Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake

Samubarang kang ana ing sadhuwure

Kabeh winih dithukulake

Ora metung papak lancipe


Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungso ...

a)

Kudu milah lan milih

b)

Tumindak sakarepe

c)

Kang ngina mring sasama

d)

Ora oleh mbeda-mbedake

e)

Kudu bisa mbeda-mbedakake

14.

Nalika maca geguritan kudu nggatekake wirama kang tegese . . .

a)

obahing awak

b)

isining geguritan

c)

alon, banter, cetha lan samaring swara

d)

ngucapake swara

e)

bantere swara

15.

swarane lembut kaya kapas


Majas sing tinemu ing ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

majas personifikasi

b)

majas hiperbola

c)

majas antitese

d)

majas litotes

e)

majas ironi

16.

Sawise lawas pisah

Ketemu wes padha dadi simbah

Rambut-rambut putih, pasuryan padha malih


Ing pethilan geguritan kasebut tinemu imaji ....

a)

imaji paningal/ penglihatan

b)

imaji pangrasa/ perasaan

c)

imaji pangrungu/ pendengaran

d)

imaji panindak/ perbuatan

e)

Imaji dadi ibu

17.

Wong sing nulis geguritan diarani . . .

a)

panggurit

b)

penulis

c)

pamaos

d)

dening

e)

narator

18.

Geguritan kasebut nggambarake rasa . . .

a)

seneng

b)

sedih

c)

nesu/jengkel

d)

susah

e)

kemeren

19.

Mogat dundum sedhekah

Malah nyebar dhuwit ing lemah

Banjur dadi rebutan

Wekasane bengkerengan

Tembung mogat ing pada nduwur nduweni teges duwe . . .

a)

sikil

b)

omah

c)

montor

d)

niyat

e)

dhuwit

20.

LENA

Dening: Suwasti Ratri Eni Lestari

Jare,

Lemah wutah getih iki suwarga

Theklek, kayu, lan watu bisa dadi tetuwuhan

Tirta tumrap amerta

Samirana sumilir ing pinggir

Punapa tegesipun tembung lena?

a)

ora ngati-ati

b)

banyu

c)

barat (angin)

d)

wit-witan

e)

lemah