Font size
WorksheetsBahasa Jawa UASBN
Total questions: 50
Worksheet time: 49mins
Tibane swara vokal ing pungkasane gatra diarani ....
guru sastra
guru lagu
guru gatra
guru wilangan
Gatekna pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 4-7!
Nyuwun Pangestu
Gani:”Bu, kula nyuwun pangestu, Benjing enjing badhe tes semester kalih.”
Ibu:”Tak, pangestoni Le cah bagus. Sing garap ya ding tenang, aja seneng birun kancane ya!”
Gani:”Boten, Bu. Kula sinau saestu kok. Dados boten perlu nirun kaca malih. Nirun, japlak menika boten sae ta Bu?”
Ibu:”Bener Le, tak dongakake muga-muga kowe bisa garap tes kanthi gampang lan biji sing apik!”
Gani:”Matur nuwun, Bu. Mangke menawi angsal juwara nyuwun hadiah buku wacan nggih, Bu?”
Ibu:”Ya, saiki sinau dhisik supaya asile apik. Besuk menawa juara tak tukokne buku wacan.”
4. Cacahe paraga pacelathon ing dhuwur yaiku …
loro
telu
papat
lima
Sandhangan swara cacahe ana
3
4
5
6
sandhangan kanggo nulis huruf u yaiku sandhangan ....
Para kadang , siswa-siswi sing kula tresnani mangga langkung krihin sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah sing sampun paring pinten- pinten nikmat, rahmat, lan hidayah sahengga kita sedaya teksih saged makempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, lan kebak ing kabagyan salebete ing pahargyan pengetan Dinten Kartini seniki.
Tegese ukara kang kacetak miring yaiku ... .
sedulur
tangga
kanca
mengsah
Adhipati Karna
Adhipati karna utawa Basukarna iku ratu ing Ngawangga (awangga), nagara cilik kebawah Astina. Garwane asma Dewi Surtikanti. Adhipati karna iku sadulure Janaka kang tunggal ibu nanging sejen rama, ramane Adipati Karna iku Bathara Surya dene Ramane Janaka Pndhu Dewanata. Pathuladan saka deweke nalika anaperang Bharatayuda ora mbelani Pandawa nanging mbiyantu marang prajurit astina, jalaran deweke kepengin males budi kebecikan marang ratu ing Ngastina yaiku Prabu Duryudana. Karna Pancen putrane Bathara Surya lan Dewi kunthi,mula karna iku kalebu Drajating wasu, yaiku manusia setengah dewa. Sapa jenenge ramane Adipati karna ?
Janaka
Batara Surya
Pandhu
Duryudana
Adhipati Karna
Adhipati karna utawa Basukarna iku ratu ing Ngawangga (awangga), nagara cilik kebawah Astina. Garwane asma Dewi Surtikanti. Adhipati karna iku sadulure Janaka kang tunggal ibu nanging sejen rama, ramane Adipati Karna iku Bathara Surya dene Ramane Janaka Pndhu Dewanata. Pathuladan saka deweke nalika anaperang Bharatayuda ora mbelani Pandawa nanging mbiyantu marang prajurit astina, jalaran deweke kepengin males budi kebecikan marang ratu ing Ngastina yaiku Prabu Duryudana. Karna Pancen putrane Bathara Surya lan Dewi kunthi,mula karna iku kalebu Drajating wasu, yaiku manusia setengah dewa.
Garwane raden Adipati Karna yaiku ... .
Arimbi
Dewi madrim
Srikandi
Surtikanti
Pidhato sing becik yaiku ...
suwe
akeh wong sing ngrungokake
singkat lan cetha
nganggo basa ngoko
Pawongan kang nindhakake sesorah kasebut yaiku ...
wakil kelas telu
wakil kelas papat
kepala sekolah
wakil kelas lima
(1) Isi/Suroso
(2) Purwaka
(3) Panutup
(4) Salam Panutup
(5) Salam Pambuka
Urutane Perangan Sesorah kang bener yaiku ...
2-5-1-3-4
5-2-1-3-4
5-2-4-3-1
2-5-1-3-4
Tujuan Sesorah kanggo nompo rawuhe para tamu kasebut ...
Atur Panglipur
Atur Pambagyo
Atur Pawarta
Pangajak
Sumangga kula dherekaken raos puji sukur dhumateng Gusti igkang Maha Kuwaos.
Pratelan ing dhuwur klebu perangane sesorah ana ing…
uluk salam
isi
pambuka/purwaka
panutup
Gatekna bab-bab ing ngisor iki!
(1) ndhingkluk
(2) tangan ngapurancang
(3) nyawang tamu
(4) nguwasani pemirsa
Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku bab nomer…
(4)
(3)
(2)
(1)
Urut-urutane ing sesorah kaping pisan yaiku…
wigatining atur
pangarep-arep
pambuka
salam pambuka
Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh diarani …
sesorah
geguritan
nembang
ndhalang
Megatruh
Karo kanca kudu urip guyub rukun,
Senajan beda agami,
Apadene beda suku,
Ayo padha sing nyawiji,
Gedhe cilik tuwa anom.
Megatruh iku salah sijine jinis tembang ....
dolanan
macapat
gedhe
tengahan
Tuladha basa krama kang trep kanggo awake dhewe yaiku ….
Bu, kula bidhal rumiyin, nggih
Panjenengan adus rumiyin!
Bu, kula tindak rumiyin
Kula badhe siram rumiyin
Tanda waca kang digunakake kanggo misahake jeneng paraga lan ucapane yaiku ....
titik
petik
titik loro
koma
ana dina ana upa
ana alangan mungkura
ana catur mingkur
ana catur mungkur
mingkar-mingkuring angkara
Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku
Ukara kasebut diwaca
Krateg salareja
Kreteg selareja
Kreteg selorejo
Krateg soloreja
Cangkriman “pesok mbulan” batangane “ tempe bosok kanggo bumbu kelan” tuladhane cangkriman awujud ....
A. pepindhan
B. wancahan
C. plesetan
D. sinawung ing tembang
7. Pitik putih ngendhog ing segara getih, batangane manggis. tuladhane cangkriman awujud ...
A. pepindhan
B. wancahan
C. plesetan
D. sinawung ing tembang
Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,
Tangan papanira,
Nuduhake rina wengi,
Lamun mati bingung wektu sang bendara.
Batangane yaiku ….
A. tasbih
B. ali-ali
C. binggel
D. gelang jam
Wit thoyung , batangane yaiku ….
A. yen dijiwit atho biyung
B. ana uwit ditoto karo payung
C. lare alit kelangan biyung
D. kopi pahit wetenge kembung
Cangkriman ing ngisor iki sing kalebu cangkriman wancahan yaiku ….
A. Bosok malah enak
B. Rangsinyu, muksitu
C. Wong adol krambil dikepruki
D. Bocor malah kebak
Cangkriman ing ngisor iki sing kalebu cangkriman plesetan yaiku …
A. Sega sakepel dirubung tinggi.
B. Tibane ngisor, digoleki ndhuwur.
C. Dikethok malah mundhak dhuwur
D. Sing endhek didhudhuk, sing dhuwur diurug.
Teks karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca diarani teks ....
persuasi
pariwara
pawarta
slogan
Teks informasi kang ngandharake fakta diarani ....
teks pawarta
teks persuasi
sesanti
pariwara
Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........
uwuh utawa larahan
uwuh lan limbah
suket kang tukhul saparan-paran
gegodongan
Isa gambang ora isa nyuling
.................................................
Isa ngendang ora isa nyanting
Isa nyawang ora isa nyanding
Isa ngomong ora isa aweh tuladha
Isa ngarang ora isa mangsuline
Cangkriman iku padha karo....
Lok-lokan
Paribasan
Bedhekan
Omong-omongan
ukara ing ngisor iki minangka tuladhane cangkriman yaiku
dilenokne malah metu
bukune dilebokne tas
klambine dilebokne lemari
klambine gak dilebokne
pitik walik sobo ... (badhkane=nanas)
kebon
sawah
ratan
kali
sego sak kepel di rubung... (bedhekane=salak)
tinggi
semut
laler
angkrang
Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan ...
Tembung kang cocok kanggo njangkepi cangkriman kasebut ing dhuwur yaiku ...
mandheg
lungguh
diliwati
ngadeg
Bapak puncung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Yen lumaku sipuncung ngumbar suwara
Adhedasar tembung kasebut bedhekane yaiku ….
Tasbih
gelang
sepur
kalung
Gambar kasebut basa kramane yaiku....
gulu
kuping
jangga
talingan
Es batune (tutuk) mas Ilham. Yen diowahi dadi ukara tanggap kang bener yaiku...........
Es batune (nutuk) mas Ilham
Es batune (daktutuk) mas Ilham
Es batune (ditutuk) mas Ilham
Es batune (kotutuk) mas Ilham
Jinise tembang macapat ana . . .
sewelas
pitu
wolu
sepuluh
ana pira (berapa) guru gatra tembang macapat iki
6
7
8
9
Guru gatra yaiku......
cacahing ukara (kalimat) saben bait
cacahing suku kata saben kalimat
suara pungkasan (akhir) utawa huruf vocal pungkasan saben ukara (kalimat)
Ukara ngisor iki minangka kelebu cangkriman yoiku ....
Dilebokne malah metu
Klambine dilebokne lemari
Bukune dilebokne tas
Klambine gak dilebokne
Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yoiku ...
Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014
Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul
Jaman saiki udan panas ora pas wancine
Ibu seneng banget dina iki
Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
macapat
Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
guru saka
Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........
macapat
dolanan
tengahan
gedhe
Ing ngisor iki ukara sing klebu jenise pariwara/iklan yaiku ......
ngundhuh wohing pakarti
lemah longsor mendhem puluhan omah
ayo njaga lestarine alam!
banjir nrajang pirang-pirang desa
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku
Banyu Resik
Ngopeni banyu
Ngopeni Banyu sumber panguripan
Banyu kali sumber panguripan
Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur....
Ukara inti paragrap ing dhuwur kang bener yaiku...
Ora mung menungso, kewan uga butuh oksigen
Oksigen bisa nyehatake paru paru
Tanduran kang mridhuksi oksigen
Panguripan ing ngendi wae mesthi mbutuhake oksigen
