NEW
Font size
WorksheetsPENILAIAN HARIAN UNGGAH UNGGUH BASA
Total questions: 15
Worksheet time: 24mins
Unggah-ungguh basa ingkang trep miturut Sudaryanto (1989) kaliyan Karno Ekowardono, lkk. (1993), kejawi…
ngoko alus
ngoko lugu
krama lugu
krama alus
krama madya
Bentenipun ragam ngoko lugu kaliyan ngoko alus inggih menika wontening tembung ingkang dipunagem. Ragam ngoko lugu basanipun taksih asli ngoko, bilih ragam ngoko alus sampun wonten campuran tembung...
krama
ngoko
sesulih
kriya
aran
Ingkang sanes kalebet tembung sesulih inggih menika…
aku
kowe
sampeyan
dheweke
manungsa
Ragam krama alus inggih menika…
basa ingkang tembungipun sedaya krama, kalebet ater-ater kaliyan panambangipun.
basa ingkang tetembunganipun ngoko kaliyan krama.
basa ingkang tetembunganipun ngoko sedaya.
basa ingkang tembungipun boten wonten campuranipun.
basa ingkang tembungipun dipuncampur krama.
Bapak menehi ngerti Simbah. Tembung ingkang dipunkandeli supados leres unggah-ungguhipun dipungantos…
ngendikani.
sanjang.
matur.
ngandhani.
ngaturi pirsa.
Kowe arep menyang endi? Ukara kasebat menawi dipungantos dados ragam ngoko alus inggih menika…
kowe arep tindak ngendi?
kowe badhe tindak ngendi?
sampeyan arep menyang ngendi?
panjenengan arep tindak ngendi?
panjenengan badhe tindak pundi?
Wanci ndalu, Rukayah nembe saged sare rikala sampun ngunjuk wedang anget. Tembung ingkang kandel dipungantos tembung ngoko inggih menika…
wayah, ngombe
wektu, mangan
nalika, mangan
nalika, ngombe
wayah, mangan
Dinten menika, Ibu tindak dhateng pasar nitih sepedha listrik warni kuning. Tembung ingkang kandel dipungantos tembung krama inggih menika…
peken, ijem
pasar, ijem
peken, jene
pasar, cemeng
peken, pethak
Temanten putri katingal ayu ngagem busana warni ireng, jumputan warni abang kaliyan mlathi putih. Tembung ingkang kandel dipungantos tembung krama inggih menika…
ijem, abrit, jene
cemeng, abrit, pethak
jene, abrit, cemeng
pethak, abrit, cemeng
ijem, abrit, cemeng
Nuha numbasaken beras, lenga karo endhog kagem ibu. Frasa ingkang kandel dipungantos tembung krama inggih menika…
uwos, lisah kaliyan tigan
ulam, uwos kaliyan tigan
krambil, lisah kaliyan uwos
gendhis, ulam kaliyan toya
tigan, margi kaliyan lisah
Kacilakan kasebat andadosaken Tegar tatu wonten bathuk, pundhak uga geger. Frasa ingkang kandel dipungantos tembung krama inggih menika…
mustaka, pangrasan ugi waja
jangga, padharan ugi pamekan
palarapan, pamidhangan ugi pengkeran
pocong, jengku ugi ampeyan
racikan, samparan ugi wengkel
Panjenengan arep kondur jam pira? Bu Santi takon marang Pak Gani kanca kantore. Dialog kasebat migunakaken ukara ragam…
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
krama desa
Biyen, jaman kamardikan Indonesia, akeh pejuang kang mati supaya Indonesia bisa mardika. Ukara ing nginggil, menawi ngagem ragam krama alus inggih menika…
Riyin, jaman kamardikan Indonesia, kathah pejuang ingkang pejah supados Indonesia saged mardika
Kala rumiyin, jaman kamardikan Indonesia, kathah pejuang ingkang seda supadya Indonesia saged mardika
Rikala riyin, jaman kamardikan Indonesia, kathah pejuang kang pejah supadya Indonesia saged mardika
Kala rumiyin, jaman kamardikan Indonesia kathah pejuang ingkang seda supados Indonesia saged mardika
Riyin, jaman kamardikan Indonesia, kathah pejuang kang pejah supadya Indonesia saged mardika
Pitakonan iki gampang yen digarap bareng karo kanca-kanca. Ukara ing nginggil, menawi ngagem ragam krama alus inggih menika…
Pitakenan menika gampil menawi dipungarap sesarengan kaliyan kanca-kanca.
Pitakenan menika gampil menawi dipungarap sesarengan kalih kanca-kanca.
Pitaken menika gampil menawi dipungarap sesarengan kalih kanca-kanca.
Pitakenan menika gampil menawa dipungarap sesarengan kaliyan kanca-kanca.
Pitakenan menika gampil menawa digarap sesarengan kaliyan kanca-kanca.
Saiki, luase lapangan cedhak omahku luwih amba tinimbang luas wewangun ngarep omahmu. Ukara ing nginggil, menawi ngagem ragam krama alus inggih menika…
Sakmenika, luasipun lapangan caket griya kula langkung wiyar tinimbang luas wewangun ngajeng dalem panjenengan.
Sakmenika, luasipun lapangan caket dalem kula langkung wiyar tinimbang luas wewangun ngajeng dalem sampeyan.
Sakmenika, luasipun lapangan caket dalem kula langkung wiyar tinimbang luas wewangun ngajeng dalem sampeyan.
Sakmenika, luasipun lapangan caket griya kula langkung wiyar tinimbang luas wewangun ngajeng dalem sampeyan.
Sakmenika, luasipun lapangan caket dalem kula langkung wiyar tinimbang luas wewangun ngajeng griya panjenengan.
