WorksheetsUjian bahasa Jawa keyauven
Total questions: 60
Worksheet time: 1hrs 14mins
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ...........
narasi
deskripsi
persuasi
fabel
Bapak puncung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Yen lumaku sipuncung ngumbar suwara
Adhedasar tembung kasebut bedhekane yaiku ….
Tasbih
gelang
sepur
kalung
Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan ...
Tembung kang cocok kanggo njangkepi cangkriman kasebut ing dhuwur yaiku ...
mandheg
lungguh
diliwati
ngadeg
Supaya wong sing mirengake pidhato bisa ketarik, wong kang pidhato kudu nggateake bab-bab ing ngisor iki, yaiku ...
vokal/swara, intonasi,ekspresi,lan runtute isi pidhato kudu cetha
vokal/swara, intonasi,ekspresi,lan improviasi kudhu cetha
impromtu, memoriter, intonasi, lan ekspresi kudu cetha
impromtu, vokal/swara, intonasi, lan ekspresi kudu cetha
sego sak kepel di rubung... (bedhekane=salak)
tinggi
semut
laler
angkrang
pitik walik sobo ... (badhkane=nanas)
kebon
sawah
ratan
kali
naliko pidhato ana 4 methode sing bisa digunakake apa wae ..
naskah,deskripsi,eksposisi,narasi
impromptu,memoriter,naskah,ekstemporan
persuasi,naskah,deskrisi,ekstemporan
memoriter,sesanti,deskripsi,impromptu
Wong kang ngalah bakal nemu kabegjan ing tembe burine, Paribasane................
Durung becus keselak besus
Sabaya pati, sabaya mukti
Wani ngalah luhur wekasane
Renggang gula kemepyur pulut
Ukara ing ngisor iki tuladhane teks pawarta wujud andharan ngenani kedadeane...........
Gunung Kelud njeblug ing tanggal 14 pebruari 2014
Banjir bandang wingi sore dinuga amarga alas kulon kae gundul
Jaman saiki udan panas ora pas wancine
Ibu seneng banget dina iki
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........
banyu resik
ngopeni banyu
ngopeni banyu sumber penguripan
banyu kali sumber panguripan
Tembang macapat kang nduweni pugeran 7u, 12i, 8u, 8o diarani ....
kinanthi
gambuh
durma
pucung
Gatekne jinis-jinis cangkriman ing ngisor iki !
1) Wancahan
2) Pepindhan
3) Blenderan
4) Kidung
Kang klebu jinis cangkriman katujokake ing nomer ...
1), 2), 3), lan 4)
1), 3), lan 4)
1), 2), lan 4)
1), 2), lan 3)
Lawa lima, kalong telu dadi pira ?
Batangane yaiku....
Enem
Pitu
Wolu
Loro
Anake gelungan , ibune ngrembayang, klebu cangkriman...
Awujud pepindhan
Awujud blendheran
Sinawung ing tembang
Awujud wancahan
Pitik walik saba meja, batangane...
Nanas
Nangka
Sulak
Sapu
Watake tembang macapat: Mijil
sumanak, sumadulur
kereng, nepsu
gregetan, kendho
tresna marang pepadha, prihatin, pituthur
Ana catur mungkur, iku paribasan kanggo wongkang kaya apa?
ora gelem ngrungokake rerasan ala
ora gelem ngrungokake rerasan becik
gelem melu rerasan ala
seneng rerasan ala
Nuladha laku utama
tumprape ning tanah Jawi
wong agung ing Ngeksigondo
Panembahan Senapati
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
amemangun kayenak tyasing sasama
tembang kasebut duweni patokan/paugeran ....
gatra : 9, wilangan : 8, 8, 8,8, 7, 8, 7,8,12 lagu : a,i,a,i,i,u,a,i,a
gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a
gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u
gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o
Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan
Paribasan
Bebasan
Saloka
Emban cinde emban siladan, bebasan Iki artine....
Kabeh tumindak bakal katon
Wong kang nglanggar walere
Wong kakean anak
Wong kang pilih kasih
Opo sing diomongake mesti digugu wong liyo, paribasane....
Idu geni
Blobo wudo
Tumbak cucukan
Tunggal guru
Jroning sesorah becike nggunakake basa....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama alus
Krama lugu
Saloka sing nduweni teges gegayuhan kang mokal bisa kelakon yaiku ....
cebol nggayuh lintang
jamur tuwuh ing sela
kuthuk marani sunduk
ula marani gepuk
Sandhangan swara cacahe ana
3
4
5
6
Tembung kasebut nggunakake sandhangan
Wulu
Taling
Suku
Pepet
Taling yaiku sandangan swara..
I
U
E
O
Tembung “ metu “ iku yen ditulis nganggo aksara jawa migunakake sandhangan swara....
Pepet lan wulu
Pepet lan suku
Taling lan wulu
Taling lan suku
Tembung "Ora" yen ditulis nganggo aksara Jawa nggunakake sandhangan......
Taling tarung
Taling
Pepet
Wulu
sandhangan kanggo nulis e ana ing tembung sate yaiku ....
Langkah sing nomer siji gawe teks deskripsi yaiku nemtokake apa?
a. Tema
b. Latar
c. Paraga
d. Kodha
Katarangan kang nuduhake sawijine papan panggonan utawa lokasi ing pawarta, yaiku kalebu unsur pawarta …
a. What
b. When
c. Where
d. Why
Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku
7u, 8i, 8u, 8i, 8o
6u, 8i, 10u, 6u, 8o
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
12u, 8u, 10i, 8u, 80
4. Karangan kang tujuane supaya wong kang maca bisa tuwuh daya kayale ngenani barang diarani gancaran....
a. narasi
b. argumentasi
c. deskripsi
d. eksposisi
5. Tembung loro utawa luwih sing tegese padha utawa meh padha dienggo bebarengan tujuane kanggo mbangetake yaiku tembung....
A. Garba
B. Entar
C. Camboran
D. Saroja
9. Sing kalebu Tembung Saroja ing ngisor iki yaiku....
A. Budi Pekerti
C. Mahmeru
D. Cilik atine
D. Ala tembunge
Tembang macapat kang watake nelangsa keranta ranta yaiku tembang ...
Pangkur
Pocung
Maskumambang
Dhandhanggula
Tembung saroja nduweni fungsi kanggo....
Menehi rasa endah
Njelasake teges
Nambahi rasa mbangetake
Nambahi rasa cetha
Ukara ing ngisor iki sing kalebu tembung saroja yaiku... .
Ibuku mususi beras ketan ing pawon.
Adhiku nangis gulung-koming.
Bola-bali mangan ancene weteng karet.
Kabare ngenani rajapati wis sumebar warata ing ngendi-endi.
Awake wong kuwi gagah ...... kok mung dadi wong ngemis.
prakosa
lantun
gedhe
kuwat
Teks sing tujuane nginformaseake sawernane bab utawa apa wae diarani...
teks informasi
teks penjelasan
teks pernyataan
teks berita
Teks pawarta sing ana ing medhiya cithak yaiku...
TV
Radio
Kalawarti
Internet
Teks pawarta sing ana ing medhiya elektronik yaiku...
Ariwarti
Radio
Kalawarti
Tabloid
Tembung pitakon sing nakokake geneya bisa kedadeyan kaya mangkono yaiku...
Sapa
Ing ngendi
Kapan
Geneya
Conto babagan penutup teks pidhato, yakuwe....
Cekap semanten atur kula, menawi lepat nyuwun pangapunten
Mangga sami muji maring Gusti Sing Kuwasa, awit dinten niki kita teksih saged kempal wonten papan ngriki
Dhumateng Bapak lan Ibu Guru sing kula bekteni, lan kanca batir sing tak tresnani
Batir kabeh sing tak tresnani, dadi siswa kudu sregep sinau, manut maring guru, lan netepi aturan sekolah
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sangkane ing sabrang
Ngon ingone sang bupati
Yen lumaku si pocung lambeyan grhana
Paugeran kang trep karo tembang Pocung ing nduwur yaiku...
Guru gatra 4
Guru wilangan lan guru lagu
12u, 6a, 8i, 12a
Guru gatra 5
Guru wilangan lan guru lagu
4u,8u, 6a, 8i, 12a
Tembang kang nduweni watak Grapyak yaiku
Kinanthi
Asmarandhana
Pangkur
Pocung
Teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadean kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan diarani ....
Teks dheskripsi
Teks narasi
Teks dheskripsi bagean
Teks persuasi
Ing ngisor iki kagolong struktur teks narasi, kajaba …….
Latar
Alur
Paraga
Obyek
Urut-urutane crita diarani ….
tema
alur
latar
watak paraga
Wacenen crita ing ngisor iki!
Saiki dina minggu. Aku lan kluargaku jam 06.00 esuk budhal mlaku-mlaku menyang pasar minggu. Kira-kira jam 07.00 aku wis tekan panggone. Bapakku nyewa sepedhah pancal karo Roni. Aku lan ibuku blanja kabutuhan ing pawon. Ora krasa wis wayahe mulih. Nalika aku ndelok jam, tibake wis tumuju jam 10.00. banjur aku lan ibuku ngampiri bapak sing wis ngenteni. Aku lan kluargaku tekan omah jam 11.00
Tugelane crita ing nduwur kalebu karangan ….
novel
narasi
dongeng
deskripsi
Panganan khas daerah Gresik iku pundhak. Rasane enak teksture empuk. Bungkuse wernane putih. Niyen isine wernane putih. Saiki werna-werna ana sing abang lan ijo. Pangan iki ajeh ditemokake ana ing pasar-pasar daerah Gresik.
Wacan ing dhuwur termasuk karangan ....
narasi
deskripsi
eksposisi
argumentasi
Mbah Suto penggaweane dadi wong tani. Mbah Suto sabendinane budhal menyang sawah ing wayah esuk. Piranti sing digawa Mbah Suto salah sijine yaiku caping sing wernane coklat, arit lan pacul. Mbah Suto ndangir suket nganti kringete tumetes.
Miturut crita iku, latar waktu ditemokake ana ing tembung ....
kepisan
kepindo
ketelu
kepapat
Ing ngisor Iki ciri ciri teks narasi kejaba
Ana unsur kedadean
Ana latar kedadean
Basa padhinan
Rinci lan gamblang
Ing ngisor Iki ciri ciri teks deskripsi kejaba..
Njlenterakeh obyek
Rinci lan gamblang
Digawe kaya kaya ngrasakake
Ana latar kedadean
Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....
Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.
Pesan moral kang kinandhut ing crita.
Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.
Tata urutan lumakune crita
Gatekno kutipan pidhato ing ngisor iki!
Para sedherek sedaya, makaten sekedhik andharan ingkang kula aturaken ing acara pengetan Dinten Pahlawan menika. Kulo ngrumaosi taksih kathah kalepatan ingkang kula tindakaken nalika ngandharaken menika. Pramila, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Kutipan pidhato iku nuduhake bagian ….
salam pidhato
panutup pidhato
isi pidhato
cengkorongan pidhato
Sumangga kula dherekaken raos puji sukur dhumateng Gusti igkang Maha Kuwaos.
Pratelan ing dhuwur klebu perangane sesorah ana ing…
uluk salam
isi
pambuka/purwaka
panutup
Paribasan ingkang gegayutan kaliyan gotong royong inggih puniko ...
adigang - adigung adiguna
rawe - rawe rantas malang - malang putung
kutuk marani sunduk
rukun agawe santosa crah agawe bubrah
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh. Ing sajroning tanggap wacana diarani ….
salam pembuka
pangarep-arep
pambuka
panyapa
Timun wungkuk jaga imbuh, paribasan iki tegese...
wong bodo iku kanggone mung sak perlune wae
wis ditulungi malah ora matur suwun
nyambut gawe tanpa nyuwun pamrih babar pisan
wong asor naging sugih kapinteran
