NEW
Font size
WorksheetsLatihan PSBK Bahasa Jawa 2024
Total questions: 35
Worksheet time: 18mins
Gatekna geguritan iki!
Bocah sekolah iku
Wajibe kudu sregep sinau
Mituhu wong tuwa lan manembah Gusti
Bakal seneng urip iki
Gegayuhan mesthi klakon.
Isi geguritan ing dhuwur yaiku bocah sekolah iku gegayuhane bakal klakon yen ....
sregep sinau, mituhu wong tuwa, lan manembah Gusti
bakal urip seneng, mituhu wong tuwa, lan manembah Gusti
sregep sinau, bakal urip seneng, lan mituhu wong tuwa
bakal urip seneng , manembah marang Gusti, lan wong tuwa
Lampu neyon madhangi tumpukan buku tema lan buku Basa Jawa. Ana bocah lungguh ngadhepi bukune ing kono, lagi nggarap tugas online saka Bu Guru, sisih tengene ana laci. Uga ana tempelan jadwal pelajaran.
Paragraf ing dhuwur nggambarake ....
meja tamu
meja guru
meja sinau
meja sudut
Menthok-menthok tak kandhani.
Mung rupamu angisin-isini.
Mbokya aja ngetok.
Ana kandhang wae.
Enak-enak ngorok.
Ora nyambut gawe.
Judul tembang dolanan ing ndhuwur yaiku . . . .
Padhang bulan
Menthog-menthog tak kandani
Menthog-menthog
Nyambut gawe
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" pitakone Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang banjur nanggepi Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."
"Apa iku syarate?" Bandung Bandowoso banjur takon maneh.
"Gawekna aku 1000 candi tapi mung sewengi!" syarat saka Roro Jonggrang. Ing bengi kuwi, Bandung Bandowoso ngumpulne anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokake perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan banjur langsung nggarap apa sing diperintahake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi penggaweane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedhi yen Bandung Bandowoso isa ngrampungke apa sing disyaratake. Roro Jonggrang banjur ngumpulake para dayang. Roro Jonggrang ngongkon dayange mbakar damen, ngonekke lesung lan naburake kembang sing wangi. Jin lan setan sing lagi nggawe candi mau wedhi lan nyangka wis isuk. Jin lan setan langsung mandeg olehe nggawe candi sing cacahe wis ana 999. Bandung Bandowoso ngamuk amarga ngrasa diapusi Roro Jonggrang, banjur ngesabda Roro Jonggrang dadi patung kang ke 1000.
Paraga utama cerita ing ndhuwur yaiku ....
Bandung Bandawasa
jin lan setan
para dayang
Roro Jonggrang
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
1.Ditulis dening pujangga jawa
2.Ngrembaka kanthi gethok tinular
3.Kalebu dongeng
4.Isine nyritakake lelakon
Kang dadi titikane legendha nomer ...
1 lan 2
2 lan 3
2 lan 4
3 lan 4
Ukara “tukang gawe sega bakar” yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener ana ing nomer ….
1
2
3
4
PR Basa jawa saka pak guru wis "garap". Tembung "garap" yen diowahi nganggo ater-ater tripurusa dadi..
Digarap
Dakgarap
Kokgarap
Garapen
Kurang luwih 30 pepathan kesenian saka maneka warna tlatah ing Jateng lan Yogyakarta sumadya ngramekake “Taman Budaya Jawa Tengah” utawa “Taman Budaya Surakarta” Solo ing adicara Panggung Seni SeribuBbunga kang kawiwitan dina Setu (24/1/2018) nganti tekan dina Jemuah (30/1/2018).
Miturut jenise, wacan ing ndhuwur kalebu teks . . .
Deskripsi
Narasi
Pawarta
Persuasi
Wacanen kang patitis!
Prabu Yudhistira iku ratu ing negara Ngamarta. Garwane asma Dewi Drupadi.
Yudhistira ratu kang jujur, ora tau nesu, lembah manah, lan seneng ngalah. Sajrone dadi ratu, Yudhistira tansah tumindak adil lan ngutamakake kapentingan kawulane. Mula negarane gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, karta raharja, kawulane guyub rukun lan sengkut makarya.
Isi wacan ing dhuwur yaiku ….
Prabu Yudhistira iku ratu kang jujur lan ora seneng ngalah, tansah tumindak adil, lan ngutamakake kapentingane kawulane
Prabu Yudhistira ratu ing Ngamarta watake luhur tansah tumindak adil lan ngutamakake kapentingan kawulane
Ngamarta negara gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, karta raharja, kawulane guyub rukun lan sengkut makarya.
Negara kondhang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, karta raharja, kawulane guyub rukun lan sengkut makarya.
Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................
Kang ngasilake oksigen yaiku ..............
kewan ingon-ingon
banyu kang resik
tanduran sing subur
manungsa
Miturut gambar iku, kedadeyan ing ngisor Iki kan ora mathuk yaiku ...
Banjir ing kutha Gedhe iku disebabake dening sampah kang nyumbat iline banyu
Banjir ing kutha Gedhe disebabake dening betonisasi dalan
Banjir kang dumadi ing ibukota dadekake wong-wong podho kangelan budhal kerjo
Banjir ing ibukota nyebabake gedung klelep lan ora ono manungso seng slamet
Ana lampu bangjo kendaraan pada mandheg. Bangjo klebu tembung camboran tugelan asale saka ....
abang biru
abang ijo
abang kuning
abang abang
Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....
Maskumambang
Balabak
Citramengeng
Girisa
Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem sing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku bantheng.
Irah-irahan sing mathuk kanggo paragraf ing ndhuwur yaiku...
Rekreasi ing Baluran
Taman Nasional Baluran
Rekreasi Keluargaku
Padhang Savana ing Baluran
Adipati Karna satriya ing Ngawangga madeg Senopati Kurawa maju ing palagan. Sejatine, Karna wis mangerti yen mbelani Kurawa kuwi dudu tumindak kang becik. Nanging Karna wis kaputangan budi karo Duryudana, Ratu Ngastina kang ambeg angkara murka. Mulane dheweke gelem sabaya mukti sabaya pati tegese gelem mbelani Ngastina.
Isine wacan ing dhuwur yaiku ….
setya marang negara
tumindak kang becik
setya marang Duryudana
bekti marang wong tuwa
Ukara iki yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ….
Mimi nulis aksara jawa.
Mami nulis aksara jawa.
Maman nulis aksara jawa.
Mimin nulis aksara jawa.
Ibuku gawe jajan panganan kang arane semar ....
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....
cekak
biyung
mendem
pait
Ukara ing dhuwur menawa ditulis latin ....
Tikno nganti abang ireng
Tikno mangan ketan ireng
Tikno nganggo klambi ireng ireng
Tikno ngoyak tikus ireng
Tuti mau lagi mepe pari.
Ukara ing dhuwur yen ditulis aksara jawa dadi....
Ing cerita pawayangan tanah jawa, Dewi Srikandi lahir amarga kekarepan wongtuane, yaiku Prabu Drupada lan Dewi Gandawati, mengenke kelairan sawong anak karo normal kang kapindhone mbake, Dewi Drupadi lan Drestadyumna, dilairke liwat pemujaan semadi. Dewi Drupadi dilairake saka bara geni pemujaan doa, keluk geni kuwi njelma dadi Drestadyumna.
Dewi Srikandi seneng banget ing olah keprajuritan lan mahir ing nggunakake senjata panah lan kapintarane iku dientukake pas dheweke meguru ing Arjuna, sing banjur dadi bojone.
Dewi Srikandi dadi suri teladan para prajurit wedok. Dewi Srikandi tumindak dadi penanggung jawab kaslametan lan keamanan kesatrian Madukara karo semubarang isine. Ing perang Bharatayudha, Dewi Srikandi tampil utama dadi senapati perang Pandawa gantekake Resi Seta, Kesatria Wirata sing wis kalah kanggo madhepi bisma, Senapati Agung balatentara Kurawa, karo panah rusangkali, Dewi Srikandi bisa ngalahake Bisma, padha tumakne Dewi Amba, putri Prabu Darmahambara, Raja Nagara Giyantipura, sing balas dendam marang Bisma. Ing riwayat Dewi Srikandi dicaritakne menawa dheweke mati dipateni Aswatama sing menyelundup surup menyang keraton Hastinapura sakwise kerine perang Bharatayuddha.
Srikandi meguru manah marang...
Drupada
Drestadyumna
Drupadi
Arjuna
Wacanen kang setiti!
Banjir Bandhang lan Longsor Trenggalek
Bupati Trenggalek, Emil Elistianto ndadak ngirim pesen ringkes marang Kantor Berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing Kabupaten Trenggalek, yaiku Kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampar.
Teks informasi ing dhuwur kalebu teks ….
narasi faktual
deskripsi
persuasi
pawarta
SINOM
Carita nggonsun nenular
wong tuwa kang momong dingin
akeh kang padha cerita
sun rungokna rina wengi
samengko isih eling
sawise diwasa ingsun
bapak kang paring wulang
miwah ibu mituturi
tatakrama ing pratingkah karaharjan
Guru wilangan lan guru lagune tembang ing nduwur yaiku ...
8a, 7i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 11a
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
8a, 8i, 7a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Ukara pitakone Sekar kang trep yaiku ….
Bu Lurah asmane sinten, nggih?”
Bu Lurah kagungan dalem pinten. nggih?”
Wonten pundi daleme Bu Lurah, nggih?
Putrane Bu Lurah wonten pinten, nggih?
Jinejer neng Wedhatama
Mrih tan kemba kakembeng ing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Gonyak-ganyuk nglelingsemi
Tembang macapat ing ndhuwur tuladhane tembang...
Dhandhanggula
Pangkur
Sinom
Kinanthi
Mikul dhuwur mendhem jero
Unen-unen ing dhuwur kalebu...
Paribasan
Bebasan
Saloka
Sanepan
Ing jaman sing nganggo teknologi maju, akeh wong tuwa sing njaluk wuruk/ golek ilmu marang wong enom.
Ukara paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku...
Kebo kabotan sungu
Kebo nusu gudel
Mikul dhuwur mendhem jero
Cebol nggayuh lintang
Teh panas legi lan kenthel,yen diwancah dadine..
Tepan leken
Tenas giken
Tehnas githel
Tehnas leken
Ngarep ireng,mburi ireng,tengah methentheng, apa iku?
Wong mikul areng
Wong bakar sate
Wonge ireng kaya areng
Arenge ora ana sing ireng
Ingakng sepisan sumangga kita sadaya ngaturaken puji syukur dumatheng Gusti Allah ingkang sampun maringaken nikmat saengga kita saged makempal ing adicara perpisahan kelas VI.Kula siswa kls VI. Kula ingkang tinanggenah guru, makili kanca-kanca ngaturaken matur nuwun dhumateng bapak ibu guru, ingkang sampun nggulawentah kula sakanca. Kula lan rencang nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglanjutaken ing pawiyatan ingkang langkung inggil ,saengg a cita-cita kula lan rencang-rencang saged kawujud kanthi lancar.
Isi sesorah ing ndhuwur yaiku....
pamitan arep lunga
perpisahan kelas VI
persiapan ngarepake ujian
pengumuman ujian
Bapak Ibu guru ingkang tansah kinurmatan, sumangga kita .... ingkang tansah paring berkah dumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika kita saged pepanggihan wonten panggenan punika kanthi sehat wal afiat.
Ukara sing mathuk kanggo njangkepi pidato ing ndhuwur yaiku...
ngaturaken sugeng enjing dumateng para rawuh
ngaturaken sugeng rawuh dumateng panjenengan sedaya
ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha agung
matur nuwun sedaya saged rawuh wonten adicara punika
Tansah waspadeng pandulu
Ugere manungsa urip
Nalusur marang wardaya
Den tliti lawan premati
wit lair mung manut nalar
yen pengin dadi wong mukti
Tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang....
Sinom
Mijil
Pucung
Kinanthi
Saka pethikan tembang Pangkur iku kang ora kalebu pitutur luhur saka tembang kasebut, yaiku …
Ilmu sejati iku nyenengake atine wong liya
Mumpung isih mudha kudu seneng ngibadah
Dadiya wong urip kang tumindake kebak tata
Wong kang nguwasani ilmu Jawa seneng diarani cubluk
Wusana namung makaten ingkang kula aturaken, mugi saged migunani tumrap warga panti asuhan mriki. Manawi wonten lepat anggen kula matur, nyuwun agungung pangaksami.
Wassalamu 'alaikum wr wb.
Perangan sesorah ing ndhuwur miturut strukture kalebu ....
Isi
panutup
pambuka
surasa basa
Bapak pucung dudu watu dudu gunung
sangkamu ing sabrang
ngoningone sang bupati
yen lumaku si pucung lambeyan grana.
batangane cangkriman kuwi...
sepur
sabuk
gajah
jun/wadah banyu
