wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

psaj bahasa jawa

Total questions: 50

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

Gotong Royong

Dinten Ahad wonten ing dusun

Masyarakat kang tansah rukun

Gotong royong tumindak bareng

Nyingkirake lingkungan pepeteng

Resik indah bisa kadeleng

Lingkungan sehat agawe seneng

Surasane geguritan ing dhuwur yaiku …….

a)

Dinten Ahad

b)

Gotong Royong

c)

Ing dusun

d)

Rukun

2.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

3.

Akeh segara kang saiki dadi reged. Babagan iki amarga ...............

a)

banyu kali kang kebak limbah mili menyang segara

b)

kali-kali kang ana wis padha asat

c)

ora an wit-witan ing pinggir-pinggir kali

d)

larahan lan limbah ana ing ngendhi-endhi

4.

Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................


Kang ngasilake oksigen yaiku ..............

a)

kewan ingon-ingon

b)

banyu kang resik

c)

tanduran sing subur

d)

manungsa

5.

Cacahe gatra saben sa pada diarani .........

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru saka

d)

guru lagu

6.

Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

macapat

7.

Jinise tembang macapat ana . . .

a)

wolu

b)

songo

c)

sepuluh

d)

sewelas

8.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu tembang ing dhuwur yaiku .........

a)

7i

b)

8i

c)

9i

d)

10i

9.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Tembang ing dhuwur satemene cangriman. Batangane ......

a)

tali

b)

ula

c)

sabuk

d)

kalung

10.
a)

ana dina ana upa

b)

ana alangan mungkura

c)

ana catur mingkur

d)

ana catur mungkur

e)

mingkar-mingkuring angkara

11.

Bapak puncung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Yen lumaku sipuncung ngumbar suwara

Adhedasar tembung kasebut bedhekane yaiku ….

a)

Tasbih

b)

gelang

c)

sepur

d)

kalung

12.

Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan ...

Tembung kang cocok kanggo njangkepi cangkriman kasebut ing dhuwur yaiku ...

a)

mandheg

b)

lungguh

c)

diliwati

d)

ngadeg

13.

Supaya wong sing mirengake pidhato bisa ketarik, wong kang pidhato kudu nggateake bab-bab ing ngisor iki, yaiku ...

a)

vokal/swara, intonasi,ekspresi,lan runtute isi pidhato kudu cetha

b)

vokal/swara, intonasi,ekspresi,lan improviasi kudhu cetha

c)

impromtu, memoriter, intonasi, lan ekspresi kudu cetha

d)

impromtu, vokal/swara, intonasi, lan ekspresi kudu cetha

14.

sego sak kepel di rubung... (bedhekane=salak)

a)

tinggi

b)

semut

c)

laler

d)

angkrang

15.

pitik walik sobo ... (badhkane=nanas)

a)

kebon

b)

sawah

c)

ratan

d)

kali

16.

Cangkriman iku padha karo....

a)

Lok-lokan

b)

Paribasan

c)

Bedhekan

d)

Omong-omongan

17.

Yen arep pidhato , becike gawe......

a)

Struktur teks pidato

b)

naskah pidhato

c)

gagasan baku

d)

cengkorongan

18.

Wong kang ngalah bakal nemu kabegjan ing tembe burine, Paribasane................

a)

Durung becus keselak besus

b)

Sabaya pati, sabaya mukti

c)

Wani ngalah luhur wekasane

d)

Renggang gula kemepyur pulut

19.

Bapak kepala sekolah nimbali bocah kelas enem.

Ukara tanduk ing dhuwur yen didadekake ukara tanggap....

a)

Bapak kepala sekolah timbalana bocah kelas enem

b)

Bapak kepala sekolah ditimbali bocah kelas enem

c)

Bocah kelas enem ditimbali bapak kepala sekolah

d)

Bocah kelas enem nimbali bapak kepala sekolah

20.

Gambar wayang iki jenenge . . . .

a)

Werkudara

b)

Janaka

c)

Gathutkaca

d)

Baladewa

21.

Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.

Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

numpak

b)

nitih

c)

ngasta

d)

mbeta

22.

Ukara ngisor iki minangka kelebu cangkriman yoiku ....

a)

Dilebokne malah metu

b)

Klambine dilebokne lemari

c)

Bukune dilebokne tas

d)

Klambine gak dilebokne

23.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
24.

Cangkriman iku kaperang dadi . . . .

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

25.

Lawa lima kalong telu, pira? = ......

a)

loro

b)

siji

c)

wolu

d)

telu

26.

Ing ngisor iki sing kalebu Cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban) yaiku....

a)

tulus kerda , tuwok rawan ,wit thoyung

b)

Bosok malah enak

c)

Wong adol krambil dikepruki.

d)

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

27.

Dikethok malah mundhak dhuwur.


Batangane...

a)

sabuk

b)

clana

c)

pring

d)

nanas

28.

Bapak pucung amung sirah lawan gembung,

Padha kinunjara,

Mati sajroning ngaurip,

Mijil baka si pucung dadi dahana.


Batangane cangkriman ing nduwur yaiku...

a)

sepur

b)

jun/wadah banyu

c)

pentol korek

d)

salak

29.

Cangkriman kang awujud tembang ing ngisor iki sing batangane SABUK yaiku...

a)

Bapak pucung, saben dina transah bingung,

badanira panjang,

tutukira pan pesagi,

saben dina pucung nguntal buntutira

b)

bapak pucung dudu watu dudu gunung

sangkamu ing sabrang

ngoningone sang bupati

yen lumaku si pucung lambeyan grana

c)

renteng renteng kaya kalung

dawa kaya ula

pencokanmu wesi miring

sing disaba si pocung mung turut kutha

d)

bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,

tangan papanira,

nuduhake rina wengi,

lamun mati bingung wektu sang bendara

30.

Batangane GENI, cangkriman sing cocok yoiku ...

a)

bocah cilik nggendong omah

b)

rasane padha karo jenenge

c)

sega sakepel dirubung tinggi

d)

yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh

31.

Teks sing isi lan andharan ngajak-ajak, narik kawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca kalebu teks ... .

a)

eksposisi

b)

deskripsi

c)

narasi

d)

persuasi

32.

Sawise adus aku terus mangan.

Yen dadekake basa krama ....

a)

Sesampunipun siram kula lajeng dhahar.

b)

Sesampunipun adus kula langsung nedha.

c)

Sesampunipun siram kula langsung nedha.

d)

Sesampunipun adus kula langsung dhahar.

33.

Bapak arep lunga menyang Surabaya numpak sepur.

Tembung sing dicithak kandel benere ....

a)

kesah ; nitih

b)

kesah ; numpak

c)

tindak ; nitih

d)

tindak ; numpak

34.

Wong sing pengaweane golek lan nulis laporan ing media cetak utawa elektonik diarani...

a)

dermawan

b)

hartawan

c)

karyawan

d)

wartawan

35.

Koran lan majalah kalebu pawarta media...

a)

elektronik

b)

sosial

c)

cetak

d)

daring

36.

TV, Internet, lan Instragram kalebu pawarta media

a)

elektronik

b)

luring

c)

cetak

d)

pribadi

37.

Kriwikan dadi grojogan tegese...

a)

akeh omongane nanging ora ana nyatane

b)

wong tuwa jauk warah marang wong enom

c)

wong tuwa nemoni ribed saka polahe anak

d)

prakara cilik dadi gede

38.

Ulo marani gepuk, paribasan iki artine...

a)

wong kang njarak kacilakan

b)

wong sing mburu ulo

c)

nyambut gawe iku soro

d)

kesel kabel

39.

Arya Panangsang

Sawijining dina Arya Panangsang ngadhep Sunan Kudus. Arya Panangsang ora rumangsa ke bawah Pajang lan Demak Malah dheweke rumangsa nduweni hak dhampar Kraton Demak. Sababe pancen nyata, wong tuwane yaiku Pangeran Seda Lepen luwih tuwa katimbang Sultan Trenggana.

Arya Panangsang ora rumangsa kebawah Kasultanan ….

a)

Pajang

b)

Demak

c)

Mataram

d)

Kartasura

40.

Sawijining dina Arya Panangsang ngadhep Sunan Kudus. Arya Panangsang ora rumangsa ke bawah Pajang lan Demak Malah dheweke rumangsa nduweni hak dhampar Kraton Demak. Sababe pancen nyata, wong tuwane yaiku Pangeran Seda Lepen luwih tuwa katimbang Sultan Trenggana.

Wong tuwane Arya Panangsang yaiku ….

a)

Sultan Trenggana

b)

Pangeran Seda Lepen

c)

Raden Prawata

d)

Sunan Kudus

41.

1. Peksi bango menika sukunipun setunggal.

Peksi tegese ….

a)

kewan

b)

daging

c)

mangsak

d)

manuk

42.

Sing baku, kudu nyepakake ubarampe kang diprelokake yakuwi gunting utawa lading cilik.

Ubarampe tegese ….

a)

alat/piranti

b)

panganan

c)

sangu

d)

barang

43.

Esuk dele sore tempe, tegese ....

a)

uripe tansah kuwatir

b)

akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana

c)

ora teteg atine, gampang molah-malih

d)

sipate wong tuwa tumurn menyang anak

44.

Unine suara saben pungkasaning gatra tembang macapat, diarani . . .

a)

Guru lagu

b)

Guru wilangan

c)

Guru swara

d)

Guru gatra

45.

Sekar gambuh ping catur,

Kang cinatur polah kang kalantur,

Tanpa tutur katula-tula katali,

Kadaluwarsa kapatuh,

Kapatuh pan dadi awon


Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ….

a)

8, 10, 12, 7, 7

b)

7, 9, 10, 7, 8

c)

7, 10, 12, 8, 8

d)

7, 7, 8, 8, 9, 9

46.

Aksara jawa iki unine ....

a)

kadir

b)

mahir

c)

sopir

d)

kodir

47.

wong sing nglakoake wayang diarani ...

a)

dhalang

b)

niyaga

c)

sinden

d)

penabuh

48.

Tulisan aksara taling tarung yaiku ....

a)
b)
c)
d)
49.

Tulisan aksara layar yaiku ....

a)
b)
c)
d)
50.

UKARA KASEBUT WACANE ....

a)

NANDA NARI

b)

NANDA NYANYI

c)

NANDUR GORI

d)

NANDUR PARI