Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN TEMBANG MACAPAT

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

1.      Tembang macapat iku kaiket ing paugeran ….

 

a)

A.    Guru gatra, guru basa, guru lagu

b)

B.     Guru swara, guru basa, guru sastra

c)

C.     Guru gatra, guru wilangan, guru lagu

d)

D.    Guru swara, guru lagu, guru wilangan

2.

2. Tembang macapat iku ana ….

a)

A.    8

b)

B.     10

c)

C.     9

d)

D.    11

3.

3. Cacahe gatra ing saben sapada tembang diarani ….

a)

A.    Guru gatra

b)

B.     Guru lagu

c)

C.     Guru wilangan

d)

D.    Guru swara

4.

4. Dhong-dhinge swara utawa tibane swara saben pungkasane gatra diarani ….

a)

A.    Guru gatra

b)

B.     Guru lagu

c)

C.     Guru wilangan

d)

D.    Guru swara

5.

5. Cacahe wanda ing saben gatra diarani ….

a)

A.    Guru gatra

b)

B.     Guru lagu

c)

C.     Guru wilangan

d)

D.    Guru swara

6.

6. Tembang pucung iku kadadeyan saka …. Gatra

a)

A.    4

b)

B.     8

c)

C.     6

d)

D.    10

7.

Supaya bisa nembang macapat, kudu bisa maca angka-angka sing ana ing sadhuwure teks tembang. Angka-angka mau diarani ….

a)

A.    Cakepan

b)

B.     Titi laras

c)

C.     Tangga nada

d)

D.    Notasi

8.

Titi laras pelog lan slendro iku bedane ing angka ….

a)

A.    4 dan 6

b)

B.     5 dan 7

c)

C.     5 dan 6

d)

D.    4 dan  7

9.

Pamedhot swara ing tengahe tembang ing saben larik diarani ….

a)

A.    Cakepan

b)

B.     Pathet

c)

C.     Pedhotan

d)

D.    Cengkok

10.

Ing ngisor iki seng kalebu cacahe tembang Asmaradana yaiku ….

a)

A.    12u, 6a, 8i, 12a

b)

B.     10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

c)

C.     12u, 8i, 8u, 8i, 8o

d)

D.    8i, 8a, 8o/e, 8a, 7a, 8u, 8a

11.

Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo !

 

Pahlawanku Surapati,

Sampun kondur ing pangeran,

Akathah sanget jasane,

Nyemangati kutha kula,

Atekad mbrantas landa,

Maju terus pantang mundur,

Kanggo ngrukunaken warga.

 

Guru gatrane tembang ing dhuwur yaiku ….

a)

A.    7

b)

B. 9

c)

C. 6

d)

D. 10

12.

Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo !

 

Pahlawanku Surapati,

Sampun kondur ing pangeran,

Akathah sanget jasane,

Nyemangati kutha kula,

Atekad mbrantas landa,

Maju terus pantang mundur,

Kanggo ngrukunaken warga.

jlentrehna guru lagu lan guru wilangan tembang macapat ing dhuwur...

a)

A.    12u, 6a, 8i, 12a

b)

B.     10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

c)

C.     12u, 8i, 8u, 8i, 8o

d)

D.    8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

13.

Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo !

 

Pahlawanku Surapati,

Sampun kondur ing pangeran,

Akathah sanget jasane,

Nyemangati kutha kula,

Atekad mbrantas landa,

Maju terus pantang mundur,

Kanggo ngrukunaken warga.

  Tembang ing dhuwur nyritakake apa ….

a)

A.    Lelabuhane Surapati

b)

B.     Paprangane Surapati

c)

C.     Sedane Surapati

d)

D.    Riwayate Surapati

14.

I.          Dhawuh guru dititeni

II.       Sing pungkasan aja lali ndedongaa

III.    Siswa iku kudu sregep yen sinau

IV.    Nurut nang wong tuwa

 

Paugeran tembang pucung 12u,6a,8i,12a. ukara-ukara ing dhuwur menawa didhapuk dadi tembang pucung urutane sing bener yaiku ….

a)

A.    II, I, III, IV

b)

B.     III, IV, I, II

c)

C.     III, I, IV, II

d)

D.    IV, III, II, I

15.

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kelantur

Tanpa tutur ketula-tula katali

Kadaluwarsa katutuh

Kapatuh pan dadi awon

 

Wacana tembang macapat ing dhuwur dumadi saka pirang pada ….

a)

A.    1 pada

b)

B.     2 pada

c)

C.     3 pada

d)

D.    4 pada

16.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung
sabamu ing sendhang
pencokanmu lambung kering
prapteng wisma si pucung muntah kuwaya


Guru gatrane tembang macapat Pucung ing dhuwur yaiku ana... .

a)

A. 4 gatra

b)

B. 4 wanda

c)

C. 5 gatra

d)

D. 5 wanda

17.

Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kelantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon


Guru lagune tembang Gambuh ing dhuwur yaiku... .

a)

A. o, u, i, u, u

b)

B. u, u, i, u, o

c)

C. u, u, i, u, a

d)

D. a, u, i, u, u

18.

Mingkar mingkuring angkara
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
kang tumrap ing tanah Jawa
agama ageming aji

Tembang macapat ing dhuwur kalebu jinise tembang macapat... .

a)

A. Dhandhanggula

b)

B. Kinanthi

c)


C. Megatruh

d)

D. Pangkur

19.

oba gatekna tembang-tembang ing ngisor iki!
(i) Pangkur
(ii) Mijil
(iii) Balabak
(iv) Girisa
(v) Prau Layar
(vi) Lingsir Wengi
(vii) Gundul-gundul Pacul
(viii) Cublak-cublak Suweng
Saka tembang-tembang ing dhuwur, sing kalebu jinise tembang macapat yaiku tembang
nomer... .

a)

A. (i) lan (ii)

b)

B. (iii) lan (iv)

c)

C. (v) lan (vi)

d)

D. (vii) lan (viii)

20.

Yen dinulu saya rumesep ing …………….. (1)
kebak ………………………………………... (2)
lan laladan ………………………………….. (3)
gunung Bromo mbabar lubering …………. (4)
Tembang macapat Pucung ing dhuwur durung jangkep. Tembung-tembung kanggo
njangkepi tembang ing dhuwur yaiku... .

a)

A. (1) ati, (2) sesawangan, (3) edi endah, (4) angkasa

b)

B. (1) kalbu, (2) sesawangan, (3) tan becik, (4) budaya

c)

C. (1) kalbu, (2) sesawangan, (3) edi peni, (4) budaya

d)

D. (1) aku, (2) sesawangan, (3) kang endah,(4) gegana

21.

Coba gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki!
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh
Kapatuh pan dadi awon
“Kang cinatur polah kang kelantur”. Tegese pethikan tembang Gambuh kasebut yaiku sing
digunem tumindak sing... .

a)

A. kelantur

b)

B. becik

c)

C. apik

d)

D. ngajeni

22.

Coba gatekna tembang Macapat Dhandhanggula ing ngisor iki!
Hang tekan kadhatone sami,
Nuli rusak iya nungsa Jawa,
Nora karuwan tatane,
Pra nayaka sadarum,
Miwah manca negara sami,
Pada sowang-sowangan,
Mangkana Winuwua,
Mangka Allahu tangala,
Anjenengken Sang Ratu Asmara kingkin,
Bagus maksih taruna.
(Jaya Baya, Ramalan Musabar)
Struktur tembang macapat Dhandhanggula ing dhuwur yaiku... .

a)

A. 10 gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

b)

B. 9 gatra: 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 7a, 8i, 12a

c)

C. 8 gatra: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

D. 8 gatra: 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

23.

Tembung “saneskareng” kalebu tembung garba sing asale saka tembung... .

a)

A. sanes+kara

b)

B. sanes+kara+ing

c)

C. saneskara+ning

d)

D. saneskara+ing

24.

Coba gatekna tembang Dhandhanggula ing ngisor iki!
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.
Tembung prang (baris ka 6) lan tembung nagri (baris ka 8) saka tembang ing dhuwur
minangka salah sijine unsur basa kang diarani tembung... .

a)

A. plutan

b)

B. kawi

c)

C. garba

d)

D. kuna

25.

“Aprang rame Karna mati jinemparing”.
Tegese tembung jinemparing ing pethikan tembang Dhandhanggula kasebut yaiku... .

a)

A. kewanen

b)

B. dipanah

c)

C. dipateni

d)

D. ditembak