NEW
Font size
WorksheetsBAHASA JAWA
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Dadi bocah kuwi aja sok seneng goroh. Dasanamane tembung goroh yaiku ....
dolanan
tegese
gumedhe
ngapusi
Bapak lan Ibu mirsani lelomban ing Pantai Marina.Tembung mirsani basa ngokone ....
giyaran
maca
nonton
weruh
Arum : Dita, kowe oleh ulem apa ora ?
Dita : Ulem saka sapa ?
Arum : ….
Ukara kanggo ganepi pacelathon ing dhuwur yaiku ….
Dita oleh ulem
Aku arep ngadho
Ngesuk Minggu
Nining arep ulang tahun
Sekolahane Budi adoh, dene Bowo sekolahe ....
jero
tebih
cedhak
amba
Bu Lik lunga pasar numpak pit motor. Ukara ing dhuwur basa kramane ....
Bu Lik tindak peken nitih sepedha motor
Bu Lik tindak peken numpak sepedha motor
Bu Lik pasar nitih sepedha motor
Bu Lik peken nitih pit motor
Bapak wis kondur saka Bandhung. Kondur basa ngokone yaiku ….
mulih
lunga
manggon
omahe
Tahu lan tempe ngandhung zat gizi kang arane ....
vitamin
protein
mineral
karbohidrat
Tembung sing oleh seselan um mapan ing ukara ....
Mustika melu tuku buku
Mardi mangan sate pitu
Murni mlaku-mlaku
Sapa sing gumuyu mau ?
Nastiti lan Ajeng dadi sahabat pena. Tembung kang kacithak miring tegese ....
Kekancan kanthi piranti pena
Kekancan kanthi kirim-kiriman layang
Kekancan kang diwiwiti kanthi nyilih pena
Kekancan kang ora ngerti namane
Bu Rahayu : “ Hallo, meniko sinten ?”
Ani : “ Kulo Ani, bu “
Bu Rahayu : “ Ana apa, An ?”
Ani : “ Kapurih matur, ibu mboten saged tindak arisan amarga gerah waja.”
Pacelathon ing dhuwur iku dumadi ing ....
layang
dalan
kantor
telephon
Gambar wayang ing sisih kiwa iki jenenge ....
Pandhudewanata
Arjuna
Begawan Durna
Werkudara
Dongeng kang peragane awujud kewan kang bisa celathu kaya manungsa diarani …
babad
legenda
sage
fabel
Dongeng gegandengan karo dumadine sawijining papan utawa barang diarani …
babad
mite
legenda
fabel
Ing ngisor iki kalebu cerita rakyat saka Jawa, kejaba ….
Malin Kundang
Rawa Pening
Bleduk Kuwu
Andhe-andhe Lumut
Prilaku sing becik kudu ditindakake, kayata ….
nulung wong lara
ngapusi cah cilik
mangan karo mlaku
ngomong sing ala
