wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gegurtian

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Kang dikarepake banjir bandhang yaiku ...

a)

Banjir amarga udan deres

b)

Banjir amarga wadhuk kang dhadhal

c)

Banjir gedhe kang nerjang apa wae kang diliwati

d)

Banjir kang angel surute

e)

Banjir kang ora nuwuhake korban manungsa

2.

Kang ilang katerjang dening banjir bandhang yaiku ...

a)

Kang dipantha - pantha

b)

Kang digantha - gantha

c)

Kang dipantha - pantha lan digantha - gantha

d)

Anak lan bojo

e)

Bandha dunya

3.

Kang dikarepake bebendhu saka Gusti yaiku ...

a)

Siksa

b)

Gancaran

c)

Pancoban

d)

Pangeling - eling

e)

Panandhang

4.

Gusti maringi bebendhu marang manungsa amarga ...

a)

Manungsa padha tumindak ngawur lan adoh saka kitab suci

b)

Manungsa sregep ngibadah

c)

Manungsa seneng sedekah

d)

Manungsa padha tumindak becik

e)

Manungsa padha sregep ngaji

5.

Ing ngisor iki kalebu struktur fisik geguritan, kajaba ...

a)

Tipografi

b)

Diksi

c)

Imaji

d)

Wirama

e)

Busananing Basa

6.

Endahing geguritan iku gumantung kaya kang kasebut ing ngisor iki kajaba ...

a)

Pilihane tembung kang menthes

b)

Runtute swara/migunakake purwakanthi

c)

Tembung entar kang digunakake

d)

Tembung andhahan kang karimbag

e)

Bagus lan ayune kang maca geguritan

7.

Wangun geguritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora kudu kawiwitan aksara gedhe sarta dipungkasi tandha titik utawa tandha pawacan liyane. Struktur fisik geguritan kasebut diarani ...

a)

Tipografi

b)

Diksi

c)

Imaji

d)

Wirama

e)

Rasa

8.

Ing ngisor iki kalebu struktuf batin geguritan, kejaba ...

a)

Wirama

b)

Rasa

c)

Tema

d)

Amanat

e)

Nada

9.

Tresnaku sundhul wiyati. Ukara kasebut kalebu gaya basa ...

a)

Metafora

b)

Personifikasi

c)

Repetisi

d)

Pelonasme

e)

Hiperbola

10.

Ing ngisor iki kalebu purwakanthi guri swara yaiku ...

a)

Bibit bebet bobot

b)

Sluman slumun slamet

c)

Desa mawa cara negara mawa tata

d)

Rujak degan, degane krambil ijo

e)

Nandhang lara, larane wong lara lapa