Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAT JAWA 7 TP 2023/2024

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Udan nggrejih ora mandheg-mandheg

Gawe atiku tansaya judheg

Kabeh rancangan dadi kandheg

Petikan geguritan kui, swaasana ati kang kepriye bisa dirasakake.......

a)

bungah

b)

mangkel

c)

seneng

d)

adreng

2.

Aksaraku, budayaku ya Jawaku
Muga tansah anjayeng bawana.

Tembung kang kacitak garis ngisore mengku teges....

a)

disenengi masyarakat

b)

unggul ing jagad

c)

digoleki wong akeh

d)

tetep digunakake

3.

Salah sijining judul tembang dolanan kang trep karo gambar kui yaiku....

a)

Gambang Suling

b)

Menthok-Menthok

c)

Jaranan

d)

Sluku-Sluku Bathok

4.

Tembang kang cocok kanthi gambar iku ....

a)

Jaranan

b)

Jamuran

c)

Menthok-Menthok

d)

Gugur Gunung

5.

Gatekna geguritan iki:

Tekadku tan bisa dipalang

krentegku tan bisa ditrejang

ngupaya lestarining budaya

ngupiya mekaring basa

Pethikan ing dhuwur isine ngandharake........

a)

tekad sing gampang dialang-alangi

b)

kekarepan kang bisa dialang-alangi

c)

tekad ngrembakakake budaya lan basa

d)

tekad kanggo munthesake basa Jawa

6.

Gatekna geguritan iki:
elingen piwelingku ngger

jaganen lisanmu

tatanen patrapmu

mundhak dicelathu

Pethikan kui katujokake marang....

a)

wong tuwa

b)

tiyang sepuh

c)

kasepuhan

d)

para mudha

7.

Gatekna tembang dolanan iki:

  1. a. Gugur gunung

  2. b. Lumbung desa

  3. c. Kupu kuwi

  4. d. Menthok-menthok

Tembang kang isine nggambarake greged gotong royong.....

a)

a lan c

b)

b lan c

c)

a lan b

d)

c lan d

8.

"Sepuran"

Sinten nunggang sepur , lunga nyang Kediri

Wong niki sepur dhur bayare setali
Sapa trima mbonceng konangan kondektur

Yen diidhenda kenceng napa mboten kojur

Larik lagu kasebut mengku pitutur....

a)

yen lelungan becike numpak sepur

b)

dadi wong kudu seneng numpak sepur

c)

ngajak numpak sepur yen arep menyang kediri

d)

ajak tumindhak jujur lan andhap asor

9.

Sapa trima ngonceng konangan kondektur

Yen didhenda kenceng napa mboten kojur

Tembung kang kacetak abang ing tembang iku mengku teges....

a)

seneng

b)

cilaka

c)

gumbira

d)

prasaja

10.

Ayo Konco Ngayahi karyaning projo
Kene Kene Gugur gunung tandang gawe
Sayuk sayuk rukun Bebarengan ro kancane
Lila lan legowo Kanggo mulyaning nagoro
Siji loro Telu papat
Maju papat papat Diulang ulungake
Mesthi enggal rampunge
Holobis kuntul baris
Holobis kuntul baris
Holobis kuntul baris
Holobis kuntul baris

Tembang dolanan ing dhuwur isine ngandharake........

a)

latihan ngetung angka bebarengan

b)

latihan baris karo kancane sekelas

c)

gotong royong bebarengan kanca

d)

padha munggah gunung bebarengan

11.

Ayo kanca ngayahi karyaning praja.

Tembung "ngayahi" duwe teges padha karo tembung...

a)

namatake

b)

nindakake

c)

nakokake

d)

nambahi

12.

Tembung salah kaprah kang sejatine salah pangetrape nanging wes kulina dianggo mula dianggap bener yaiku pengerten saka...

a)

kerata basa

b)

geguritan

c)

rura basa

d)

macapat

13.

Tembung kanthi dedhasar wandane diothak athik supaya mathuk kui pangerten saka....

a)

kerata basa

b)

rura basa

c)

geguritan

d)

macapat

14.

Pak Gunadi kagungan kersa mantu gedhen mula saiki wis pasang tarub. Kerata basa tembung tarub yaiku...

a)

ditata wayah surup

b)

nata wadah sirup

c)

ditata campur sirup

d)

ditata kareben murub

15.

a. wedang = nggawe kadang

b. tebu tegese antebing kalbu

c. nggoreng peyek

d. nguleg sambel

Kang kalebu kerata basa saka tetembungan ing dhuwur yaiku...

a)

a lan b

b)

b lan c

c)

a lan c

d)

b lan d

16.

a. negor gedhang

b. mikul dhawet

c. nggodhog wedang

d. nguleg sambel

Kang kalebu rura basa saka tembung ing dhuwur yaiku....

a)

a

b)

a, b

c)

a, b lan c

d)

a, b, c, d

17.

Kerata basane saka gambar kui yaiku...

a)

digugu lan ditiru

b)

kaku tur njepiping

c)

antebing kalbu

d)

eram tur lembut

18.

Kang aran bebuden luhur
dudu pangkat dudu ngelmi

uga dudu kapinteran

lan dudu para winasis

apa maneh kasugihan

nanging mung sucining ati

Kang diarani bebuden luhur trep karo isisne sapada tembang macapat ing duwur yaiku....

a)

wong sugih bandha

b)

duwe ati kang suci

c)

wong kang pinter

d)

pangkat kang duwur

19.

Lan dudu para winasis
Tembung "winasis" ing larik papat rumpakan nhduwur kasebut tegese.....

a)

wong kang suci

b)

wong kang sugih

c)

wong kondhang

d)

wong kang pinter

20.

Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe banjur tuwuh raasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma/weweh marang sapdha-padha. Kabeeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.

Gegambaran ing duwur mujudake perlambang temabnga macapat........

a)

Durma

b)

Kinanthi

c)

Pangkur

d)

Megatruh

21.

Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip

Aja pijer mangan nendra

Kaprawiran den kaesthi

Pesunen sarinira

Sudanen dhahar lan guling

Tembang ing dhuwur klebu salah sijining tembang macapat yaiku.....

a)

Mijil

b)

Kinanthi

c)

Sinom

d)

Asmaradana

22.

Piweling tembang Kinanthi yaiku....

a)

wong iku kudu sehat awake supaya bisa nindakake pakaryan apa wae

b)

wong iku kudu pinter ing sakaabehing samubarang prakara bisa mrantasi

c)

wong iku kudu gelem tanggung jawab lan nindakake sakabehing printah

d)

wong iku kudu gelem nglatih ati supaya bisa tanggap ing kahanan apa wae

23.

Tembung ing ngisor iki kang kalebu rura basa yaiku....

a)

ngiris gethuk

b)

menek klapa

c)

mepe gabah

d)

ngumbah klambi

24.

Tembung kang kalebu kerata basa yaiku...

a)

Pak Diman mikul dhawet

b)

Garwa iku sigaranging nyawa

c)

yu Semi nggoreng peyek

d)

lik Jono nggoreng gedhang

25.

ꦤꦠꦧꦠ

menawa ditulis aksara latine dadi......

a)

nata bata

b)

nata dada

c)

nata rara

d)

rada lara

26.

Tembung "ati iki" menawa ditulis aksara jawa kang bener yaiku.........

a)

ꦤꦫꦶꦆꦏꦶ

b)

ꦲꦫꦶꦆꦏꦶ

c)

ꦲꦠꦶꦲꦶꦏꦶ

d)

ꦲꦠꦶꦆꦏꦶ

27.

"Nama kula Toto"

a)

ꦤꦩꦏꦸꦭꦫꦺꦴꦫꦺꦴ

b)

ꦤꦩꦶꦏꦸꦭꦠꦺꦴꦠꦺꦴ

c)

ꦤꦩꦏꦸꦭꦠꦺꦴꦠꦺꦴ

d)

ꦤꦩꦏꦸꦭꦫꦺꦴꦠꦺꦴ

28.

"tuku klasa"

menawa ditulis jawa kang bener yaiku

a)

ꦠꦸꦏꦸꦏ꧀ꦭꦩ꧀ꦧꦶ

b)

ꦠꦸꦏꦸꦏ꧀ꦭꦥ

c)

ꦠꦸꦏꦸꦏ꧀ꦭꦥꦺꦂꦠꦂꦠ꧀

d)

ꦠꦸꦏꦸꦏ꧀ꦭꦱ

29.

"angka 90" yen ditulis aksara jawa dadi....

a)

ꦄꦁꦏ꧇꧑꧐꧐꧇

b)

ꦄꦁꦏ꧇꧙꧐꧇

c)

ꦄꦁꦏ꧇꧑꧑꧇

d)

ꦄꦁꦏ꧇꧒꧑꧇

30.

Karitas
yen ditulis jawa dadi

a)

ꦏꦫꦶꦠꦱ꧀

b)

ꦏꦫꦶꦠ

c)

ꦏꦂꦠꦱ꧀

d)

ꦏꦂꦠꦱꦸꦫ