wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAT XI SMK PGRI 01 SUKOREJO T.P. 2023/2024

Total questions: 53

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.
Nama Peserta (huruf kapital)
4 lines
2.
Kelas
a)

XI 1

b)

XI 2

c)

XI 3

d)

XI 4

e)

XI 5

3.
ID Peserta (diisi lengkap)
4 lines
4.
Gendhing iki pancen mirunggan amarga bisa nglatih rasa sabar, njaga rasa, lan ngadhemake ati, sarta emosine luwih bisa dikendhaleni. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung lingga yaiku ….
a)
A. dikendhaleni
b)
B. ngadhemake
c)
C. mirunggan
d)
D. nglatih
e)
E. njaga
5.
Diajab, sapa wae sing ngrungokake gendhing iki atine ya melu asrep, bisa ngendhaleni, lan meper hardaning nepsu. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung lingga yaiku ….
a)
A. ngrungokake
b)
B. ngendhaleni
c)
C. hardaning
d)
D. gendhing
e)
E. meper
6.
Jroning budaya Jawa, adoh sadurunge ana upacara tradhisi Sekaten, rikala jaman leluhure Raden Patah wus ana lan ngrembaka kang jenenge slametan utawa wilujengan. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung lingga yaiku ….
a)
A. wilujengan
b)
B. sadurunge
c)
C. upacara
d)
D. slametan
e)
E. jroning
7.
Para niyaga pancen diwulang ngenani sejarah lan swasana sarta wingite upacara tradhisi Sekaten, supaya rasane bisa nyawiji karo apa kang bakal dilakoni. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung lingga yaiku ….
a)
A. diwulang
b)
B. dilakoni
c)
C. sejarah
d)
D. wingite
e)
E. nyawiji
8.
Manawa dionceki, makna gendhing Sekaten iku nandhesake manawa Gusti Allah iku Pangeranku ingkang Maha Tunggal lan ngajak ngadohi tumindak kang ora becik. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung lingga yaiku ....
a)
A. becik
b)
B. ngajak
c)
C. ngadohi
d)
D. dionceki
e)
E. nandhesake
9.
Nang tlatah Jawa, jinis tarian sing ana hubungane karo upacara kesuburan jenenge tayuban. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung andhahan yaiku ....
a)
A. sing
b)
B. karo
c)
C. tlatah
d)
D. jenenge
e)
E. upacara
10.
Nang babak badhutan, badhut karo Lengger mbeksa bareng sambi dhialog. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung andhahan yaiku ....
a)
A. babak
b)
B. sambi
c)
C. bareng
d)
D. dhialog
e)
E. badhutan
11.
Badhut dilakoni karo wong lanang, maksude kanggo nyegerake swasana. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung andhahan yaiku ....
a)
A. badhut
b)
B. lanang
c)
C. kanggo
d)
D. dilakoni
e)
E. swasana
12.
Lenggeran iku seni drama tradhisional Banyumasan sing dipadhu karo seni tari uga dhialog. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung andhahan yaiku ....
a)
A. tradhisional
b)
B. Banyumasan
c)
C. dhialog
d)
D. drama
e)
E. sing
13.
Seni tari wis dadi seni lan kabudayan tumrap bangsa Indonesia sing mesthi ana ing saben adicara kabudayan. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung andhahan yaiku ....
a)
A. seni
b)
B. dadi
c)
C. saben
d)
D. Indonesia
e)
E. kabudayan
14.
Gamelan Sekaten dhewe pancen ora kanggo tabuhan padinan, mligine wanci Mulud Nabi. Tembung ing ukara kasebut paling akeh kasusun saka tembung ....
a)
A. sandhangan
b)
B. katrangan
c)
C. wilangan
d)
D. kriya
e)
E. aran
15.
Jarene Bambang, sapa kang ngrungokake gendhing tabuhan gamelan Sekaten genah kena pangaruhe. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung kriya yaiku ....
a)
A. ngrungokake
b)
B. gendhing
c)
C. gamelan
d)
D. tabuhan
e)
E. kang
16.
Miturut piyambake, pamarentah dhaerah akeh padha salah kaprah anggone nerapake promosi kasenian. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung sesulih yaiku ....
a)
A. piyambake
b)
B. pamarentah
c)
C. nerapake
d)
D. anggone
e)
E. miturut
17.
Pambeksane (lengger) biyasane sakurang-kurange loro pambeksa wadon ditambah badhut (lanang) sing muncul nang pertengahan wektu pagelaran. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung wilangan yaiku ....
a)
A. loro
b)
B. wadon
c)
C. lanang
d)
D. pambeksa
e)
E. pagelaran
18.
Dene tabuhan gamelane dileksanakake ing pengetan dina laire Kanjeng Nabi. Wus, kabeh kuwi maknane becik lan luhur. Tembung ing ukara kasebut sing awujud tembung kaanan yaiku ....
a)
A. gamelane
b)
B. pengetan
c)
C. becik
d)
D. kabeh
e)
E. kuwi
19.
Tembung ing ngisor iki kang kasusun saka tembung lingga katambahan ater-ater tripurusa yaiku ….
a)
A. linuwih
b)
B. ditabuh
c)
C. klenengan
d)
D. pakurmatan
e)
E. katentreman
20.
Tembung ing ngisor iki kang kasusun saka tembung lingga katambahan ater-ater anuswara yaiku ….
a)
A. alus
b)
B. nabuh
c)
C. kanggo
d)
D. diwiwiti
e)
E. minangka
21.
Nanging nalika jaman Patih Sosronagoro, banjur diejawantah dadi notasi kepatihan awujud angka 1-2-3-4-5-6-7, lan dadi laras slendro sarta pelog. Saiki sakdonya nggunakake notasi angka. Tembung ing ukara kasebut sing kasusun saka ater-ater (ang-) + tembung lingga + panambang (-ake) yaiku ....
a)
A. awujud
b)
B. kepatihan
c)
C. sakdonya
d)
D. nggunakake
e)
E. diejawantah
22.
Nanging nalika adeging kraton Islam kapisan, yakuwi Demak, gamelan banjur digunakake kanggo nyiarake agama Islam ing tanah Jawa, dening para Wali. Tembung ing ukara kasebut sing kasusun saka ater-ater (di-) + tembung lingga + panambang (-ake) yaiku ....
a)
A. kanggo
b)
B. adeging
c)
C. gamelan
d)
D. nyiarake
e)
E. digunakake
23.
Para niyaga ngrumangsani arep nglakoni upacara ritus kang dianggep sakral. Mula, kudu bisa meper hawa nepsune, nyiapake raga lan batine supaya resik lan suci. Tembung “ngrumangsani” ing ukara kasebut kasusun saka ....
a)
A. mangsa + ni
b)
B. ngrumangsa + ni
c)
C. ngru + mangsani
d)
D. ang + rumangsa + i
e)
E. ngru + mangsa + ni
24.
Unsur intrinsik ana ing cerkak iku maneka warna. Bakuning cerita wiwit saka wiwitan nganti pungkasan diarani ….
a)
A. alur
b)
B. paraga
c)
C. setting
d)
D. sudut pandang
e)
E. lelewaning basa
25.
Pratelan crita iku nggambarake unsur intrinsik kang diarani ….
a)
A. konflik
b)
B. amanat
c)
C. paraga
d)
D. watak
e)
E. latar
26.
Pratelan crita iku nggambarake unsur intrinsik kang diarani ….
a)
A. konflik
b)
B. amanat
c)
C. watak
d)
D. latar
e)
E. plot
27.
Pengarang ing cerkak migunakake tembung “aku” kanggo nyebutake paragane, tegese pengarang migunakake sudut pandang wong ….
a)
A. kapindho minangka paraga utama
b)
B. kapisan minangka paraga utama
c)
C. katelu minangka paraga utama
d)
D. kapindho minangka antagonis
e)
E. katelu minangka tritagonis
28.
Pethilan cerkak iku nuduhake yen pangripta nggunakake sudut pandang ….
a)
A. wong kapindho minangka paraga utama
b)
B. wong kapisan minangka paraga utama
c)
C. wong katelu minangka paraga utama
d)
D. wong kapisan sarwa weruh
e)
E. wong katelu sarwa weruh
29.
Konflik sing ana ing crita kasebut yaiku ….
a)
A. bisa urip rukun ngudhari reribed
b)
B. kulawargane kang sangsaya abot
c)
C. rembug bab lara ginjele Pak Ibrahim
d)
D. makaping-kaping mlebu metu rumah sakit
e)
E. jejere biyung kang nggegadhang putra-putrane
30.
Paraga protagonis tegese paraga kasebut duwe watak ….
a)
A. ala
b)
B. apik
c)
C. bebas
d)
D. figuran
e)
E. gegenep
31.
Unsur intrinsik kang bisa dianalisis saka pratelan cerkak iku yaiku ….
a)
A. plot
b)
B. latar
c)
C. tema
d)
D. watak
e)
E. amanat
32.
Unsur intrinsik kang bisa dianalisis saka pratelan cerkak iku yaiku ….
a)
A. tema
b)
B. setting
c)
C. amanat
d)
D. gaya bahasa
e)
E. sudut pandang
33.
Karepe “emban cindhe emban siladan” yaiku ….
a)
A. njarag marani bebaya
b)
B. wong asor nanging sugih
c)
C. nrajang wewalere dhewe
d)
D. pilih kasih utawa ora adil
e)
E. ora ana akibat tanpa sebab
34.
Tembung “sugeng” teges utawa karepe padha karo tembung ….
a)
A. urip
b)
B. enom
c)
C. karep
d)
D. gagah
e)
E. seneng
35.
Tembung “pakeliran” duwe karep yaiku pagelaran nonton ….
a)
A. wayang kulit
b)
B. campursari
c)
C. sendra tari
d)
D. kethoprak
e)
E. dangdut
36.
“Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane uga adhem banget.” Pratelan crita iku nggambarake unsur intrinsik kang diarani ….
a)
A. konflik
b)
B. amanat
c)
C. paraga
d)
D. watak
e)
E. latar
37.
“Cangkir iki mbok kapakke kok nganti ganthilane prothol ngene iki?” pitakone Bandi karo mripate mendelik. Unsur intrinsik kang bisa dianalisis saka pratelan cerkak iku yaiku ….
a)
A. gaya bahasa
b)
B. alur/ plot
c)
C. paraga
d)
D. watak
e)
E. latar
38.
Srengenge wis angslup. Lampu-lampu dalan wis wiwit murub padhang kaya padhange ati dina kuwi. Tembung srengenge dasanamane yaiku ….
a)
A. dahana
b)
B. raditya
c)
C. kartika
d)
D. candra
e)
E. ratri
39.
Pratelan crita ing ndhuwur nggambarake unsur intrinsik kang diarani ….
a)
A. alur
b)
B. paraga
c)
C. setting
d)
D. amanat
e)
E. lelewaning basa
40.
Paraga utama ing pethilan cerkak iku yaiku ….
a)
A. Adri
b)
B. Aku
c)
C. Aku lan Adri
d)
D. kanca-kancane Adri
e)
E. Adri lan kanca-kancane
41.
Konflik sing ana ing crita kasebut yaiku ….
a)
A. Adri ora gelem cedhak karo kanca-kancane
b)
B. kanca-kancane ora gelem cedhak karo Adri
c)
C. aku trenyuh merga weruh bab kaya iku
d)
D. Adri seneng ngganggu kanca-kancane
e)
E. kanca-kancane padha ngganggu Adri
42.
Amanat sing bisa dijupuk saka crita soal ing ndhuwur yaiku ….
a)
A. awake dhewe kudu duwe rasa trenyuh
b)
B. guyonan karo kanca-kanca iku becik
c)
C. yen diganggu kudu wani nglawan
d)
D. aja seneng ngganggu kancane
e)
E. goleka kanca sing akeh
43.
Pethilan ukara ing crita iku nuduhake yen pangripta nggunakake sudut pandang ….
a)
A. wong kapindho minangka paraga utama
b)
B. wong kapisan minangka paraga utama
c)
C. wong katelu minangka paraga utama
d)
D. wong kapisan sarwa weruh
e)
E. wong katelu sarwa weruh
44.
Tari tradhisional bisa nyengkuyung majuning pariwisata. Tembung tari ngemu teges ….
a)
A. obahing badan kang kacipta dadi endah
b)
B. obahing awak nalika ana swara gamelan
c)
C. obahing awak kang dibudidaya amrih lestari
d)
D. obahing badan kang ora nganggo paugeran tartamtu
e)
E. obahing badan kang dilestarekake minangka perangan kabudayan
45.
Ing babagan pariwisata kang dadi wosing gati ing tari yaiku ….
a)
A. kaendahan
b)
B. luwesing tari
c)
C. akehing paraga
d)
D. jangkeping busana
e)
E. gebyaring pagelaran
46.
Tanya Rotikan mratelakake yen beksa tradhisional kalebu weight bearing exercise kang ngemu teges ….
a)
A. latihan kang paedahedigunakake kanggo gawe kuwating awak
b)
B. latihan kang tundhone gawe aboting awak sekabehane
c)
C. latihan kang migunakake aboting awak nalika ngadeg
d)
D. migunakake latihan kanggo sarana seger awak
e)
E. latihan kang bisa mundhakake aboting awak
47.
Beksa tumrap kang mbeksa uga minangka sarana nyengkuyung majuning pariwisata. Kejaba iku, uga kanggo ….
a)
A. nyempulurake adat minangka perangan kesenian
b)
B. nguri-uri lan nglestarekake kabudayan Jawa
c)
C. melu ngipuk-ipuk ngrembakaning kesenian
d)
D. gawe regeng pertunjukan seni tradhisional
e)
E. sarana gawe mongkog masyarakat Jawa
48.
Ringgit wacucal (wayang kulit) digawe saka wacucal ….
a)
A. menda
b)
B. lembu
c)
C. jaran
d)
D. kayu
e)
E. baya
49.
Piranti sing dinggo kanggo jathilan biasane digawe saka bahan sing gampang ditemokake, yaiku ….
a)
A. debog
b)
B. pring
c)
C. kayu
d)
D. dami
e)
E. wesi
50.
Lakon kethoprak sing kondhang ngrembaka ing Jogja, Jawa Tengah, sarta saperangan Jawa Timur yaiku ….
a)
A. Babad Wanamarta
b)
B. Kresna Kembang
c)
C. Damar Wulan
d)
D. Palasara Lair
e)
E. Sena Rodra
51.
Tujuwane upacara siraman ing tradhisi mitoni yaiku ….
a)
A. bekti marang nusa bangsa
b)
B. nglumpukake rereged
c)
C. ngruwat sukerta
d)
D. njupuk banyu
e)
E. nemu tuk
52.
Prosesi brojolan iku khas nganggo pralambang ….
a)
A. kembang setaman
b)
B. jenang kuning
c)
C. jamas pusaka
d)
D. klapa gadhing
e)
E. dhodhog kori
53.
Adicara dodolan rujak biasane pungkasane bakal entuk dhuwit awujud lempung yaiku ….
a)
A. dluwang
b)
B. kreweng
c)
C. kepeng
d)
D. gobog
e)
E. tael