wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Post Test Pawarta

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Salah satunggaling titikanipun pawarta ingkang nedahaken bilih pawarta menika nembe mawon dumados saha taksih dados rerasaning tiyang kathah inggih menika ...

a)

faktual

b)

obyektif

c)

aktual

d)

lugas

e)

publisitas

2.

Pawarta menika gadhah titikan bilih informasinipun kedah trep kaliyan kadadosan saestunipun, menika kawastanan ...

a)

publisitas

b)

wigati

c)

aktual

d)

faktual

e)

obyektif

3.

Pawarta ingkang dipungiyaraken kados Liputan 6 Petang, Seputar INews Siang, Buletin INews, lan sapanunggalanipun kalebet jinising berita ...

a)

lesan

b)

tulisan

c)

internet

d)

cetak

e)

nyata

4.

Warta ingkang dipungiyaraken acasipun kangge paring informasi dening masarakat umum. Saking andharan menika saged dipunmangertosi bilih pawarta menika gadhah titikan ...

a)

aktual

b)

wigati

c)

faktual

d)

obyektif

e)

publisitas

5.

"Partai Golkar lan PDIP ngumumaken rantamaning koalisi kangge ngadhepi pamilihan umum presiden lan wakil presiden 2024."

Unsur pawarta ingkang saged kaanalisis saking pethilan pawarta ing nginggil inggih menika ...

a)

who

b)

when

c)

what

d)

where

e)

why

6.

"Ing daerah kabupaten, mliginipun sasampunipun mlebet wilayah Kecamatan Sreseh, wonten margi ingkang sami njeglong. Tiyang ingkang nitih motor saha mobil keda ngati-ati lan waspada awit saking risakipun margi supados boten nyebabaken alangan."

Pawarta ing nginggil kadadosan ing pundi ?

a)

dalan aspal

b)

Kecamatan Sreseh

c)

kabupaten

d)

dalan kabupaten

e)

Kabupaten Sreseh

7.

Pamrentah Kitha Surakarta sakmenika nembe nyamektakaken program beasiswa kangge pelajar ingkang gadhah prestasi ing wilayah menika. Program menika dipuntindakaken adhedhasar kangge ngregengaken minat saha pestasi pelajar ing Surakarta.

Saking pethilan pawarta kasebut menapa ingkang dipunwartakaken ?

a)

Minat sinau para pelajar kitha Surakarta

b)

Pelajar kitha Surakarta ingkang gadhah prestasi

c)

Kaendahan kitha Surakarta

d)

Program beasiswa kangge pelajar kita Surakarta

e)

Kirangipun gregeting para pelajar Kitha Surakarta

8.

"Anggenipun ngrimat taneman menika kanthi gilir gumantos."

Unsur pawarta ingkang saged dipunanalisis saking pethilan pawarta kasebut inggih menika ...

a)

when

b)

why

c)

how

d)

what

e)

where

9.

Karang taruna desa Margodadi angger sesasi pisan ngadakake sambatan ngeresiki desa utawa kerja bakti. Tujuan Kerja bakti iki di adakake yaiku kanggo ngeresiki kalen kang rusoh lan dalan sing akeh sukete.
Sadurunge kerja bakti para anggota karang taruna padha kumpul ing Lapangan Bulutangkis Mergodadi.
Kegiatan iki dipelori Ketua Karang Taruna Doni Arya, deweke duwe pendapat yen kerja bakti iki bisa ngakrabno para anggota karang taruna lan kegiatan iki bisa kanggo refreshing.

Ing pundi para karang taruna kumpul saderengipun kerja bakti?

a)

Plataran Desa Margodadi

b)

Lapangan Bulutangkis Mergodadi

c)

Lapangan Karang Taruna

d)

Dalemipun Doni Arya

e)

Bale Desa Margodai

10.

Ing dina Senen, tanggal 21 Juni 2021, warga ing kutha Surabaya padha ngrembug babagan vaksinasi Covid-19 kanggo wong tuwa. Vaksinasi iki diayahi dening Dinas Kesehatan setempat lan dipun-sengkuyung dening pamrentah kutha. Warga sing umure luwih saka 60 taun dipun-prioritaskan kanggo nampa vaksinasi supados bisa nglindhungi dhewe saka virus corona kang lagi nyebar.

Unsur when saking pethikan pawarta ing nginggil saged dipuntingali saking ukara ...

a)

Vaksinasi Covid-19 kanggo wong tuwa.

b)

Supados bisa nglindhungi dhewe saka virus corona.

c)

Ing dina Senen, tanggal 21 Juni 2021.

d)

Vaksinasi iki diayahi dening Dinas Kesehatan setempat.

e)

Warga sing umure luwih saka 60 taun dipun-prioritas-aken.