NEW
Font size
WorksheetsKUMER/BAHASA JAWA/5/24
Total questions: 25
Worksheet time: 13mins
Pasangan aksara jawa cacahe ana ...
10
15
20
25
Badan PBB kang ngakoni wayang minangka warisan luhur bagsa Indonesia, yaiku....
WHO
UNESCO
FAO
Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani
Mahabarata
Bharatayudha
Dhek jaman biyen nonton wayang kulit manggone ana ing
Sak mburine kelir
sak ngarepe kelir
Ing jaman semana, wiwitane wayang ginawe saka
Godhong tal
Kayu garing
Dewi Srikandhi iku adhine ....
Dewi Drupadi
Dewi Sri
Tembung dentwyanjana iku kadhapuk saka tembung dental an wyanjana. Tembung denta nduweni teges....
Tangan
Untu
Puisi jawa cengkok anyar kang ora keiket dening aturan-aturan tartamtu diarani .....
Macapat
Geguritan
Ana pira jinise geguritan.....
Telu
Loro
Salah sawijine jenis crita sing sumebaring masyarakat, babagan asal usule sawijine papan utawa dumadine panggonan diarani....
Legendha
Fabel
Sawijine tontonan kang nggambarake uwong utawa kewan kang ginawe saka lulang, kayu, godhong, kain, lan sapanunggalane diarani .....
Wayang
Kethoprak
Geguritan kaperang dadi ..... jenis
3
2
Geguritan iku kalebu karya sastra sing asale saka .....
Melayu
Jawa
Ing ngisor iki bab-bab kang kudu digatekake nalika maca endah geguritan, kajaba ....
Winasis
Wicara
Wiraga
Wirasa
Ing ngisor iki klebu titikane geguritan, kajaba ....
Isine mentas
Sawetara migunakake tembung - tembung kawi
Lumrahe nganggo purwakanthi ing ukara-ukarane
Migunakake basa baku
Ide pokok kang dadi punjering crita legendha diarani .....
Latar
Tema
Alur
Ing ngisor iki sing ora klebu latar ing crita yaiku .....
Papan
Panguripan
Swasana
Munggah mudhune swara, lirih lan serune swara ing geguritan diarani ....
Wiraga
Wirama
Wirasa
Wicara
Kahanan ati sajrone geguritan kayata sedhih, susah, bungah, nelangsa, lan sapiturute diarani .....
Wiraga
Wirama
Wirasa
Wicara
Sing nduweni panemu supaya Srikandhi madeg senapati yaiku ...
Raden Wratsangka
Prabu Kresna
Prabu Bisma
Prabu Duryudana
Garwane Raden Janaka kang melu madeg ing palagan, yaiku ....
Dewi Sembadra
Dewi Arimbi
Dewi Srikandhi
Dewi Banowati
Dewi Srikandhi kepanjingan dening ....
Dewi Banowati
Dewi Drupadi
Dewi Surtikanthi
Dewi Amba
Aksara carakan cacahe ana ....
18
20
24
30
Ing ngisor iki kalebu cerita rakyat, kajaba .....
Dongeng
Legendha
Sesorah
Mitos
Piranti kanggo panerangan ing pagelaran wayang kulit, yaiku .....
Blencong
Kepyak
Cempala
Debog
