wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah-ungguh basa

Total questions: 10

Worksheet time: 3mins

Name
Class
Date
1.

(A) Panjenengan wungu tabuh pinten?

(B) Kula ... watawis tabuh 5.

a)

turu

b)

tangi

c)

sare

d)

dhahar

2.

(A) Panjenengan punapa kulina sare ing wayah siyang?

(B) Kula kulina ... ing wayah siyang.

a)

turu

b)

tilem

c)

dhahar

d)

siram

3.

A. Mangga kula aturi ngunjuk.

B. Inggih kula badhe ... malih.

a)

ngombe

b)

ngunjuk

c)

dhahar

d)

siram

4.

A. Mangga kula aturi dhahar.

B. Matur nuwun kula sampun ... nembe mawon.

a)

mangan

b)

dhahar

c)

nedha

d)

ngunjuk

5.

A. Punapa panjenengan asring siram mawi toya anget?

B. Kula kulina ... mawi toya asrep kemawon.

a)

siram

b)

dhahar

c)

adus

d)

ngunjuk

6.

A. Panjenengan siyos mundhut tahu saking Magelang?

B. Inggih, kula siyos ... tahu 3 bungkus.

a)

tuku

b)

mundhut

c)

sade

d)

tumbas

7.

Murid : Pak, kula badhe nyuwun pirsa.

Guru : Iya, arep ... bab apa ndhuk?

a)

takon

b)

mundhut pirsa

c)

nyuwun pirsa

d)

taken

8.

Anak : Ibu tindhak Jogja kalawau ... napa?

Ibu : Numpak sepur mbak.

a)

nitih

b)

nunggang

c)

numpak

d)

kondur

9.

A. Panjenengan ngasta menapa kok kadosipun awrat sanget?

B. Kula ... gendhis niki nembe tumbas wonten wande.

a)

ngasta

b)

mbekta

c)

nggawa

d)

mundhut

10.

A : Panjenengan gerah napa ta bu?

B : weteng kula ... niki bu, sampun awit wingi ndalu.

a)

sakit

b)

lara

c)

gerah

d)

kesel