NEW
Font size
WorksheetsASESMEN AKHIR MATERI_LEGENDHA
Total questions: 20
Worksheet time: 17mins
Crita rakyat kang ana gegayutane karo prastawa sejarah ....
mitos
fabel
legendha
parabel
Legendha iki nyritakake babagan dumadine papan panggonan kang kedadean ana ing gunung, bukit, tlaga, lan salliyaliyane. Legendha iki diarani ....
legendha kegaiban
legendha keagamaan
legenda pawongan
legendha lokal
Legendha iki ngrembung pawongan tartamtu. Tuladhane, crita sumebare agama Islam ing tanah Jawa, Wali Sanga, lan sapiturute. Legendha iki diarani ....
legendha kegaiban
legendha keagamaan
legendha pawongan
legendha lokal
Jaman biyen ing dhaerah Jawa Timur (Kedhiri), ana maharaja sing gelare Prabu Pramosa. Raja iku duwe watak sing atos, dheweke wegah tundhuk marang sapa wae lan ora seneng menawa ana wong sing luwih sekti tinimbang dheweke lan duwe pengaruh gedhe ing negarane. Prabu Aji Pramosa ngongkon punggawa menyang ing kabeh penjuru kerajaan kanggo nggoleki wong-wong sing dianggep luwih sekti, amarga dheweke ora bakal trima yen ana sing luwih sekti lan pinter. Punggawa sing diprentah Prabu Aji Pramosa mau dibagi-bagi lan nyebar menyang pelosok kerajaan supaya luwih gampang anggone nggolek. Ora suwe anggone nggolek para punggawa-punggawa kerajaan mau nemokake salah siji panggonan sing neng papan kana ana Resi sing wis kondhang amarga kapinteran lan kasektiane.
Pratelan ing ngandhap menika jumbuh kaliyan pethikan teks legendha ing nginggil inggih menika Aji Pramosa ….
gadhah watak kesatriya lan sekti mandraguna
langkung sekti saking sinten kemawon
badhe meguru dhateng salah setunggal Resi
ngutus para punggawa kangge pados tiyang ingkang langkung sekti
Prabu Aji Pramosa seneng banget atine amarga nampa hadhiyah kembang iku, banjur kanthi gugup anggone numpak prau kanggo mulih menyang Kediri, nanging kembang iku tiba ing segara lan ilang kegawa ombak. Aji Pramosa gela banget amarga mulih ora nggawa kembang mau.
Sawise tekan kratone, Sang Prabu krungu warta menawa ing pulo karang cedhak Nusakambangan ana wit aneh. Wit sing diomongake dening wong-wong, ora liya wit mau yaiku cangkok Wijayakusuma sing diwenehi Dewi Wasowati marang Aji Pramosa.
Budi pekerti ingkang saged kapundhut saking waosan teks ing nginggil inggih menika ….
dadosa tiyang ingkang remen maringi hadhiyah dhateng sinten kemawon
menawi tulung tinulung becikipun tansah ngajab hadhiyah saking tiyang sanes
ampun gampil pitados kaliyan perkawis ingkang sampun cetha wartosipun
tumindak gugup lan kirang pangatos-atos saged ngrugekake badanipun piyambak
Prabu Aji Pramosa seneng banget atine amarga nampa hadhiyah kembang iku, banjur kanthi gugup anggone numpak prau kanggo mulih menyang Kediri, nanging kembang iku tiba ing segara lan ilang kegawa ombak. Aji Pramosa gela banget amarga mulih ora nggawa kembang mau.
Sawise tekan kratone, Sang Prabu krungu warta menawa ing pulo karang cedhak Nusakambangan ana wit aneh. Wit sing diomongake dening wong-wong, ora liya wit mau yaiku cangkok Wijayakusuma sing diwenehi Dewi Wasowati marang Aji Pramosa.
Ringkesan saking waosan ing nginggil inggih menika ….
Prabu Aji Pramosa remen sanget amargi kecalan hadhiyah saking Dewi Wasowati ing seganten
Prabu Aji Pramosa getun sanget amargi kecalan hadhiyah saking Dewi Wasowati ing seganten
Kembang Wijayakusuma saking Dewi Wasowati saged tuwuh kanthi subur ing kraton Kediri
Kembang Wijayakusuma saking Dewi Wasowati boten saged tuwuh kanthi subur ing kraton Kediri
Wong wadon ayu mau ngampiri Aji Pramosa karo ngomong matur nuwun amarga panahe bisa nggawe dheweke dadi manungsa maneh. Kanggo rasa matur nuwun wong wadon mau menehi kembang wijayakusuma kanggo Aji Pramosa. Wong wadon iku ngomong marang Aji Pramosa “Kembang wijayakusuma iku ora bisa ditemokake ing alam biasa, sapa sing bisa nduweni kembang iki bakal nurunaken raja-raja sing bakal duwe kuwasa ing tanah Jawa.
Saking pethikan teks ing nginggil ingkang dados paraga protagonis menika wong wadon ayu kanthi dhasaripun inggih menika tiyang estri ….
kalawau ngandharaken sekar wijayakusuma menika mboten saged dipunpanggihaken ing alam biasa.
maringi pesen dhateng sinten ingkang gadhah sekar wijayakusuma menika ingkang badhe nurunaken raja-raja ing tanah Jawa.
ngendika dhateng Aji Pramosa bilih Aji Pramosa ingkang badhe dados raja ing tanah Jawa.
mboten duka sampun dipunpanah dening Aji Pramosa kepara (malah) ngaturaken matur nuwun lan maringi Aji Pramosa sekar wijayakusuma.
Wong wadon ayu mau ngampiri Aji Pramosa karo ngomong matur nuwun amarga panahe bisa nggawe dheweke dadi manungsa maneh. Kanggo rasa matur nuwun wong wadon mau menehi kembang wijayakusuma kanggo Aji Pramosa. Wong wadon iku ngomong marang Aji Pramosa “Kembang wijayakusuma iku ora bisa ditemokake ing alam biasa, sapa sing bisa nduweni kembang iki bakal nurunaken raja-raja sing bakal duwe kuwasa ing tanah Jawa.”
Wosipun pethikan teks legendha ing nginggil inggih menika Aji Pramosa ….
dipunparingi sekar wijayakusuma dening tiyang estri kangge tanda matur nuwun amargi sampun dadosaken piyambakipun manungsa malih.
maringi sekar wijayakusuma dhateng tiyang estri kangge tanda nyuwun pangapunten amargi sampun damel cilaka.
dipunparingi pesen dening tiyang estri bilih sekar wijayakusuma menika mboten saged dipunpanggihaken ing alam biasa.
ngaturaken matur nuwun dhateng tiyang estri kalawau amargi sampun dipunparingi sekar wijayakusuma.
Prabu Aji Pramosa seneng banget atine amarga nampa hadhiyah kembang iku, banjur kanthi gugup anggone numpak prau kanggo mulih menyang Cilacap, nanging kembang iku tiba ing segara banjur ilang kegawa ombak. Aji Pramosa gela banget amarga mulih ora nggawa kembang mau.
Pitutur luhur (amanat) ingkang saged kapendhet saking pethikan teks legendha ing nginggil inggih menika ….
A. sampun kuciwa amarga kecalan C. sampun grusa-grusu kedah ngatos-atos
B. sampun remen suka-suka D. sampun remen ngatos-atos
sampun kuciwa amarga kecalan
sampun remen suka-suka
sampun grusa-grusu kedah ngatos-atos
sampun remen ngatos-atos
Jaman biyen ing dhaerah Jawa Timur (Kedhiri), ana maharaja sing gelare Prabu Pramosa. Raja iku duwe watak sing atos, dheweke wegah tundhuk marang sapa wae lan ora seneng menawa ana wong sing luwih sekti tinimbang dheweke lan duwe pengaruh gedhe ing negarane.
Unsur pambangun ana ing crita ing nginggil, yaiku ....
latar wektu
latar papan panggonan
latar swasan
latar kahanan
Salasawijining tetenger crita legendha yaiku duweni sipat imajiner, tegese ....
ora diweruhi sapa sejatine kang nganggit
dianggep duweke rakyat bareng-bareng
ora ana owah-owahan kang wigati saka jaman biyen nganti jaman saiki
nggambarake kedadeyan-kedaeyan kang mokal anane
Paraga utama sajroning crita kang duweni watak becik diarani ....
melankolis
tritagonis
antagonis
protagonis
Samubarang sing nggambarake papan panggonan kedadeyan crita kasebut latar ....
panggonan
wektu
swasana
campuran
Pawongan kang ana sajroning crita arane ....
tema
alur
latar
paraga
Sawijining crita iku tetep, ora ana ewah-ewahan kang wigati saka jaman biyen nganti jaman saiki, kasebut ....
imajinasi
anonim
kolektif
statis
Sawijining tetenger/titikane legendha yaiku ora diweruhi sapa sejatine kang nganggit, kasebut ....
kolektip
anonim
statis
imejiner
Tema, penokohan, latar, sudut pandang, alur, amanat kalebu ing unsur ....
cerkak
panyengkuyung
intrinsik
ekstrinsik
Paraga tambahan uga diarani paraga ...
protagonis
antagonis
tritagonis
figuran
Sang Prabu duwe karep nyingkirake Resi Kano kanthi cara ngusir saka wewengkon Kediri. Ananging sadurunge diusir, Resi Kano mau wis krungu rencanane sang Prabu mau, mula kanthi sesidheman dheweke ninggalake kerajaan Kediri. Kabar lungane Resi Kano banget ndadekake murkane Sang Prabu. Kanthi dikawal dening para punggawa kang sekti, Prabu Aji Pamasa mburu lungane Resi Kano.
Pokok-pokok wos (isi) teks ing nginggil, inggih menika .…
Prabu Aji Pamasa banget tresna karo Resi Kano, Resi kano wis pirsa, Resi Kano ninggalake Kediri, Prabu Aji Pamasa murka
Prabu Aji Pamasa serik karo Resi Kano, Resi kano ora pirsa, Resi Kano ninggalake Kediri, Prabu Aji Pamasa murka
Prabu Aji Pamasa arep nyingkirake Resi Kano, Resi kano ora pirsa, Resi Kano ninggalake Kediri, Prabu Aji Pamasa bungah
Prabu Aji Pamasa arep nyingkirake Resi Kano, Resi kano wis pirsa, Resi Kano ninggalake Kediri, Prabu Aji Pamasa murka
"Sang Prabu duwe karep nyingkirake Resi Kano kanthi cara ngusir saka wewengkon Kediri. Ananging sadurunge diusir, Resi Kano mau wis krungu rencanane sang Prabu mau, mula kanthi sesidheman dheweke ninggalake kerajaan Kediri. Kabar lungane Resi Kano banget ndadekake murkane Sang Prabu. Kanthi dikawal dening para punggawa kang sekti, Prabu Aji Pamasa mburu lungane Resi Kano."
Sebabipun Resi Kano sesidheman ninggalaken Kediri, inggih punika ...
Resi Kano mboten betah wonten wewengkon Kediri
Resi Kano kepengin pindhah kanthi kekajenganipun piyambak
Resi Kano mireng menawi badhe dipunusir saking Kediri
Resi Kano pikantuk serat ulem saking nagari sanes
