wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Padinan Teks Nonsastra

Total questions: 25

Worksheet time: 34mins

Name
Class
Date
1.

Teks sing nggambarake objek, panggonan utawa kedadean nganti njlimet/rinci, nganti sing maca kaya nyawang utawa ngalami dewe objek sing digambarake panulis, kalebu teks....

a)

Argumentasi

b)

Deskripsi

c)

Eksposisi

d)

Narasi

e)

Persuasi

2.

Trap-trapane nulis karangan deskripsi sing pungkasan yaiku....

a)

Nemtokake irah-irahan

b)

gawe gambaran kanthi cetha

c)

gawe reng-rengan apa kang arep dikembangake

d)

naliti panulisan supaya dadi tulisan kang trep

e)

milih ukara kang pener kanggo nggambarake objek kanthi trep

3.

Deskripsi kang isine urutan bab penting lan disusun miturut sistem yaiku....

a)

Informasi

b)

Urutan kedadean

c)

Impersionatis

d)

Ekspositoris

e)

Imajinatif

4.

Yen panulis arep nulis karangan deskripsi, salah siji langkah kang kudu ditindakake yaiku....

a)

Milih tema sing menarik

b)

Ngumpulake data saka sumber sing ora trep

c)

Nggawe ringkesan saka teks liyane

d)

Ngatur wektu kanggo nulis

e)

Nggawe draf pisanan tanpa revisi

5.

Karangan deskripsi sing fokus marang pengalaman pribadi penulis diarani....

a)

Deskripsi objektif

b)

Deskripsi subjektif

c)

Deskripsi naratif

d)

Deskripsi analitis

e)

Deskripsi ekspositoris

6.

Ing ngisor iki titikan wacan deskripsi, kejaba....

a)

Menehi gegambaran sawijining barang, panggonan lan swasana

b)

Menehi andharan ngenani sawijining objek

c)

Nduweni ancas supaya pamaca nduweni panglipur

d)

Gegambaran dilakokna kanthi migunakake panca driya

e)

Pamaca kaya bisa melu ngrasakake apa sing ditulis

7.

Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolinggo. Ing kawasan sakiwa tengene gunung, kabut kumebul sumundhul ngawiyat. Manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngreggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem. Wong-wong ing sakiwa tengene gunung iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan. Saperangan ana sing nandur janganan.

Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks....

a)

argumentasi

b)

deskripsi

c)

eksposisi

d)

narasi

e)

persuasi

8.

Saka wacan ing ndhuwur, tembung sakupenge nduweni teges yaiku....

a)

saambane

b)

sakiwa tengene

c)

sandhuwure

d)

saubenge

e)

saperangane

9.

Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolinggo. Ing kawasan sakiwa tengene gunung, kabut kumebul sumundhul ngawiyat. Manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngreggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem. Wong-wong ing sakiwa tengene gunung iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan. Saperangan ana sing nandur janganan.

Saka wacan ing ndhuwur masarakat urip ing kana nduweni pagaweyan minangka....

a)

nelayan

b)

sopir

c)

petani

d)

wong dodol woh-wohan

e)

angon manuk

10.

Karangan ilmiah kang ditulis kanthi bukti nyata utawa penelitian ing papan lan wektu kang nyata diarani teks ....

a)

nonsastra

b)

sastra

c)

wangsalan

d)

tembang

e)

deskripsi

11.

Ing ngisor iki tuladhane teks nonsastra, kejaba....

a)

Pawarta

b)

Wara-wara

c)

Artikel

d)

Cerkak

e)

Laporan

12.

Gatekana irah-irahan wacan ing ngisor iki!

  1. 1. Upacara tedhak siten

  2. 2. Nyadran

  3. 3. Kacilakan ana ing dalan

  4. 4. Grebeg maulud

  5. 5. Merti desa

Irah-irahan kang ora duweni gegayutan karo prastawa budaya yaiku...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

13.

Pemkab Probolinggo nawakake paket wisata erupsi Gunung Bromo. Penawaran iki nduweni tujuan kanggo nambah kunjungan wisatawan lan njamin gunung sing dhuwure 2.329 m ing ndhuwur permukaan laut aman kanggo wisatawan sanajan nyandhang status siaga. Turis bisa nyawang pasawangan Gunung Bromo sing eksotis saka kadohan. Penawaran paket wisata iki kalebu kegiatan nyawang asiling panen lan kaendahan sunrise.

Teks kasebut ngrembug babagan....

a)

Kaendahan Gunung Bromo

b)

Paket Wisata Erupsi Gunung Bromo

c)

Mundhaking kunjungan wisata Gunung Bromo

d)

Pemandhangan eksotis Gunung Bromo

e)

Gunung Bromo aman kanggo kunjungan wisata

14.

Lembah Harau sing dumunung ana ing Kabupaten Lima Puluh Kota, Provinsi Sumatera Barat, awujud jurang kanthi diameter nganti 400 meter. Lembah Harau misuwur kanthi kaendahan sing nggumunake. Tebing-tebing granit sing bentuke unik ngubengi lembah ..... . Wiwit mlebu ing Lembah Harau, pengunjung wis bisa nyawang pasawangan sing nggumunake iki.

Ukara kang bener kanggo njangkepi ukara ing paragraf ndhuwur yaiku....

a)

tebing granit sing curam iki dhuwure 80-300 meter

b)

pengunjung wis suwe kepengin ndeleng pasawangan iki

c)

lembah harau ora kalah endah saka grand canyon ing Amerika Serikat

d)

tebing granit iki minangka salah sawijining papan wisata ing Provinsi Sumatera Barat

e)

akeh pengunjung sing kesengsem kaendahaning Lembah Harau

15.

Lembah Harau sing dumunung ana ing Kabupaten Lima Puluh Kota, Provinsi Sumatera Barat, awujud jurang kanthi diameter nganti 400 meter. Lembah Harau misuwur kanthi kaendahan sing nggumunake. Tebing-tebing granit sing bentuke unik ngubengi lembah ..... . Wiwit mlebu ing Lembah Harau, pengunjung wis bisa nyawang pasawangan sing nggumunake iki.

Lembah Harau misuwur kanggo papan pariwisata amarga....

a)

panggonane ana ing ndhuwur

b)

amarga tiket anggone mlebu murah

c)

pengunjung wis suwe kepengin ndeleng pasawangan kang ana kana

d)

kulineran kang ana kana enak-enak lan murah-murah

e)

ana tebing sing bentuke unik ngubengi lembah

16.

Ibuku jenenge Wulandari. Praupane tansah sumunar kaya rembulan. Raine bunder kanthi alis tipis kaya semut sing mlaku. Pakulitane coklat, khas wanita Jawa. Dedege ora dhuwur utawa cendhak. rambute ireng ngandhan-andhan.

Objek kang diandharake ing paragrap ing ndhuwur yaiku....

a)

Aku

b)

Wulandari

c)

Bulan

d)

Semut

e)

Rambut

17.

Ibuku jenenge Wulandari. Praupane tansah sumunar kaya rembulan. Raine bunder kanthi alis tipis kaya semut sing mlaku. Pakulitane coklat, khas wanita Jawa. Dedege ora dhuwur utawa cendhak. rambute ireng ngandhan-andhan.

Paragrap ing ndhuwur kalebu struktur teks deskripsi yaiku....

a)

Irah-irahan

b)

Identifikasi

c)

Deskripsi

d)

Dudutan

e)

Identitas teks

18.

Grojogan Sewu inggih menika salah satunggaling objek wisata air terjun alam igkang wonten ing Tawangmangu., Karanganyar, Jawa Tengah. Saking gerbang, kedah mandhap undhak-undhakan ewonan supados dumugi grojogan. Rikala mandhap undhak-undhakan, kita disuguhi pasawangan ingkang sae sanget. Kathah kethek nggantung ing pang-pang wit. Wonten ingkang lungguh utawa mlayu ngubengi undhak-undhakan.

Isine paragrap deskripsi ing ndhuwur yaiku....

a)

nggambarake lelampahan tumuju grojogan sewu

b)

nggambarake grojogan sewu

c)

nggambarake objek wisata ing Jawa Tengah

d)

nggambarake objek wisata grojogan sewu

e)

nggambarake kahanan ing Karanganyar, Jawa Tengah

19.

Hawa kang anget campur kalayan semilire angin ing wayah sore.

Ukara ing ndhuwur ngandharake kaya-kaya bisa....

a)

dideleng

b)

dirungokake

c)

dirasakake

d)

diambu

e)

diambu lan dirasakake

20.

Ancase panulisan teks deskripsi yaiku....

a)

pamaca nindakake apa sing dikarepake dening panulis

b)

pamaca seneng karo apa sing ditindakake dening panulis

c)

pamaca kaya-kaya weruh, krungu, lan ngrasakake apa sing ditulis

d)

menehi informasi marang pamaca

e)

narik kawigatene pamaca

21.

Sing ora kudu digatekake nalika gawe gancaran deskripsi yaiku....

a)

ukarane runtut

b)

nemtokake tema

c)

milih irah-irahan

d)

nulis nganggo aksara latin

e)

basane becik

22.

Wacan deskripsi iku ana sing becik lan kurang becik. Kang mangkana gumantung kaprigelane panulis. Kanthi maca kang premati karangan deskripsi kita bisa menehi pambiji. Pambiji kasebut adhedhasar titikan wacan deskripsi kang becik kaya ngisor iki, kajaba....

a)

pamaca kaya-kaya bisa ndeleng dhewe

b)

nggunakake pangangen-angen

c)

nggunakake pangganda

d)

nggambarake manungsa

e)

nggambarake kahanan

23.

Grojogan Sewu inggih menika salah satunggaling objek wisata ingkang misuwur ing Tawangmangu. Saka kadohan, kita bisa ndeleng pemandangan alam kang endah. Ana akeh pengunjung sing teka kanggo nikmati keindahan alam lan swasana seger ing kono.

Paragraf ing ndhuwur kalebu struktur teks deskripsi yaiku....

a)

Irah-irahan

b)

Identifikasi

c)

Deskripsi

d)

Dudutan

e)

Identitas teks

24.

Wacan deskripsi bisa ngandharake kahanan, objek, utawa pengalaman. Kanggo nulis wacan deskripsi sing apik, penulis kudu nggatekake rincian lan panggambaran sing cetha. Pambiji wacan deskripsi adhedhasar unsur-unsur kaya ngisor iki, kajaba....

a)

nggambaraké objek kanthi rinci

b)

nggambaraké swasana

c)

nggambaraké perasaan penulis

d)

nggambaraké kahanan

e)

nggambaraké pengalaman pribadi

25.

Gunung Merapi iku salah siji gunung berapi sing paling aktif ing Indonesia. Saka puncak gunung, kita bisa nyawang pemandangan alam sing luar biasa. Ana akeh wisatawan sing teka kanggo ndeleng keindahan lan aktivitas vulkanik gunung iki.

Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks....

a)

argumentasi

b)

deskripsi

c)

eksposisi

d)

narasi

e)

persuasi