NEW
Font size
WorksheetsSoal Unggah-Ungguh Basa
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Nuwun sewu, napa Andi wonten nggriya, Bu?
Ngoko lugu
Krama lugu
Ngoko alus
Krama alus
ngoko lan krama
Andi lagi diutus Bapake, tuku obat neng apotek prapatan kae lho.
Ukara iku nggunakake ragam basa ...
Ngoko lugu
Krama lugu
Ngoko alus
Krama alus
Ngoko lan krama
Bu Lurah ndherekna Bu Camat kondur.
Tembung ndherekna tegese ...
Ngeterke
Ngancani
Ndeloke
Ngakon
Dikon
Menawi Bapak gerah, napa mboten ngganggu Bu?
Ukara iku nggunakake ragam basa ...
Ngoko lugu
Krama lugu
Ngoko alus
Krama alus
Ngoko lan krama
Bapak nembe rawuh saking Semarang.
Ukara kuwi menawa didadeke basa ngoko alus yaiku ...
Bapak lagi teka sekang Semarang
Bapak lagi rawuh sekang Semarang
Bapak nembe rawuh sekang Semarang
Bapak nembe teka saking Semarang
Bapak nembe teka saka Semarang
Pak, tehe wis adhem, ora diunjuk dhisik?
Yen diowahi dadi ukara krama alus yaiku ...
Pak, tehipun sampun adhem, mboten dipununjuk rumiyin?
Pak, tehe sampun adhem, mboten diunjuk rumiyin?
Pak, tehe pun adhem, mboten diunjuk riyin?
Pak, tehe pun adhem, mangga diunjuk riyin.
Pak, tehe wis anyep, ora dipununjuk rumiyin?
Bu Ida arep tuku gula lan endhog”.
Ukara kasebut yen disalin dadi basa krama alus yaiku ...
Bu Ida badhe mundhut gendhis kalihan tigan.
Bu Ida arep mundhut gula lan endhog.
Bu Ida ajeng mundhut gendhis lan tigan.
Bu Ida ajeng tumbas gendhis kalihan tigan.
Bu Ida badhe tumbas gendhis lan tigan.
Bapak :"Kangmasmu maeng nyandi?"
Imam : “Mas kalawau ajeng nedha wonten wingking, menawi sakmenika boten ngertos kula.”
Bapak : “Lha Ibumu?”
Imam : “Ibu sampun tindak dhateng Bank, amargi ngantri jarene.”
Bapak : “Oh, ya wis terusna dhisik sinau daringmu!
Imam : Inggih Pak.”
Tembung 'jarene' menawa dibenerake manut unggah-ungguhe yaiku ...
ngendikanipun
ngendikane
sanjangipun
jarenipun
sanjange
Ing ngisor iki kang dadi titikane basa ngoko alus yaiku...
basa ngoko kang tembunge dienggo saben dina
basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa ngko
basa ngoko kang tembunge basa rinengga
basa ngoko kang kacampuran ragam basa krama alus
basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa krama alus
Kula sampun.....menawi boten saged ndherek. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku...
ngomong
matur
ngucap
kandha
ngendika
Eyang ngunjuk wedang jahe. Adhiku melu-melu...wedang jahe.
ngombe
nyruput
nenggak
ngunjuk
ngeglak
Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….
krama
Ngoko lugu
Krama andhap
Krama inggil
Ngoko alus
Jenis ragam basa manut panggonane sing trep manut unggah ungguh yaiku ...
basa formal - basa informal
basa ngoko - basa krama
basa rinengga - basa madya
basa tulis - basa lisan
basa gancaran - basa sastra
Dipun sekecakaken anggenipun. . . , kula ugi nembe kemawon . . .
Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....
Dhahar, dhahar
Nedha, mangan
Dhahar, nedha
Nedha, nedha
Nedha, dhahar
Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, basa sing digunakake apike ...
basa ngoko lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
basa krama lugu
basa krama madya
Diselehake mak breg terus diangkat. Soal keratabasa iku jawabane….
Sekat
Dekat
Mangkat
Brekat
Jungkat
Ing ngisor iki tuladhane kerata basa, negesi tembung kanthi neliti wandane (suku kata), kejaba..
Piring: sepi yen miring
Tandur: nata karo mundur
Wanita: wani mranata
Semar mendem
Guru : digugu lan ditiru
Tanti tuku gelas. Tembung "gelas" kerata basane...
Yen tugel dadi melas
Yen tugel bisa dilas
Yen tugel ora bisa dilas
Yen disegel mlebu kelas
Yen tugel mlebu kelas
Ibu ngendika yen durung sinau aku ora pareng nonton Methikan. Ukara iki nggunakake basa...
Ngoko lugu
Krama lugu
Ngoko alus
Krama alus
Krama inggil
Kerata basa saka tembung ‘tarub’ yaiku… .
Ditata karo urub-urub
Ditata wayah surup
Ditata kanggo wong ngantenan
Ditandur supaya urip
Ditata supaya katon murub
