Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Sumatif Harian Bahasa Jawa "Sesorah"

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Nalika sesorah sesorah marang wong luwih tuwa nganggo basa…

a)

ngoko

b)

krama alus

c)

krama lugu

d)

ngoko andhap

2.

Urut-urutane ing sesorah kaping pisan yaiku…

a)

wigatining atur

b)

pangarep-arep

c)

pambuka

d)

salam pambuka

3.

Sumangga kula dherekaken raos puji sukur dhumateng Gusti igkang Maha Kuwaos.

Pratelan ing dhuwur klebu perangane sesorah ana ing…

a)

uluk salam

b)

isi

c)

pambuka/purwaka

d)

panutup

4.

Gatekna bab-bab ing ngisor iki!

(1) ndhingkluk

(2) tangan ngapurancang

(3) nyawang tamu

(4) nguwasani pemirsa

Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku bab nomer…

a)

(4)

b)

(3)

c)

(2)

d)

(1)

5.

Tujuan Sesorah kanggo nompo rawuhe para tamu kasebut ...

a)

Atur Panglipur

b)

Atur Pambagyo

c)

Atur Pawarta

d)

Pangajak

6.

Busana kang dinggo nalika nindhakake sesorah kudu ...

a)

resik, sopan

b)

mewah

c)

sopan, reged

d)

reged, ora rapi

7.

(1) Isi/Suroso

(2) Purwaka

(3) Panutup

(4) Salam Panutup

(5) Salam Pambuka

Urutane Perangan Sesorah kang bener yaiku ...

a)

2-5-1-3-4

b)

5-2-1-3-4

c)

5-2-4-3-1

d)

2-5-1-3-4

8.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka

9.

Maca sesorah iku kudu nggatekake babagan ...

a)

intonasi saben ukoro kudu bener

b)

intonasi ukoro ora kudu bener

c)

tempo anggone maca ora kudu bener

d)

pamedhote ukoro ora kudu bener

10.

Pangucape tembung lan ukara ing sesorah kedu cetha diarani…

a)

Lafal

b)

intonasi

c)

ekspresi

d)

tempo

11.

Apa tegese tembung sesorah ....

a)

wacan

b)

cerita

c)

puisi

d)

pidato

12.

Sesorah kudu ditindakake kanthi swara sing cetha kanthi tujuan ....

a)

supaya pamiyarsa betah mirengake

b)

supaya sing dingendikakake gampang ditampa

c)

supaya katon bregas mrebawani

d)

supaya padha seneng

13.

Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh diarani …

a)

sesorah

b)

geguritan

c)

nembang

d)

ndhalang

14.

Sesorah ing

pahargyan perpisahan sing pokok diaturake yaiku….

a)

a. Pamitan

b)

b. Hadiah

c)

c. Tinggalan

d)

d. Wejangan

15.

Bapak saha Ibu Guru ingkang kinabekten, Bapak Ibu ingkang kula urmati, para kadang lan adhi-adhi kula, saha para rawuh sedaya ingkang bagya mulya. Sesorah ing dhuwur iki urutan sesorah bab….

a)

a. Atur pakurmatan

b)

b. Pambuka

c)

c. Surasa

d)

d. panutup

16.

Pidhato sing becik yaiku ...

a)

suwe

b)

akeh wong sing ngrungokake

c)

singkat lan cetha

d)

nganggo basa ngoko

17.

Wasana cekap semanten atur kula.

Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosake kirang rena penggalih.

Teks ing dhuwur kalebu perangan ...ing sesorah.

a)

a. pangajeg-ajeg

b)

b. isi

c)

c. panutup

d)

d. pambuka

18.

Satemah kula lan panjenengan saged makempal ing Bale Desa Desa Arumdalu punika tanpa...menapa

a)

alangan

b)

kalepatan

c)

kanugrahan

d)

tumaruma

19.

Bapak Ibu guru ingkang tansah kinurmatan, sumangga kita .... ingkang tansah paring berkah dumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika kita saged pepanggihan wonten panggenan punika kanthi sehat wal afiat.

Ukara sing mathuk kanggo njangkepi pidato ing ndhuwur yaiku...

a)

ngaturaken sugeng enjing dumateng para rawuh

b)

ngaturaken sugeng rawuh dumateng panjenengan sedaya

c)

ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha agung

d)

matur nuwun sedaya saged rawuh wonten adicara punika

20.

Gathekna pethikan ing ngisor iki!

Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya.


Tuladha iku diarani…

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Salam panutup

d)

Panutup