NEW
Font size
WorksheetsAsesmen Sumatif Kelas 7
Total questions: 25
Worksheet time: 38mins
Urutan tembung kang trep saka ngoko - krama madya - krama inggil yaiku nomer …
(1), (2), (3)
(2), (3), (5)
(3), (4), (5)
(4), (5), (1)
Pasangan tembung kang bener dituduhake nomer…
1, 2, 3
1, 2, 4
1, 3, 4
2, 3, 5
Pacelathon Akbar lan Audra kalebu pacelathon bab …
sapa aruh
njaluk idin
tetepungan
ngaluk tulung
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku
Nami
Asma
Nama
Jeneng
Ukara kang trep kanggo mangsuli pitakonan kasebut yaiku …
Griya kula ing Moyudan!
Omah kula ing Moyudan!
Papan kula ing Moyudan!
Dalem kula ing Moyudan!
Unggah ungguh basa kang digunakake Bima lan Faiz nalika kenalan bisa nuduhake menawa…
Bocah loro kuwi padha ngajenine
Faiz ora ngajeni marang Bima
Bima uwis tepung karo Faiz
Bima lan Faiz saumuran
Gunemane Puput lan Shifa migunakake unggah-ungguh basa …
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Sajrone pacelathon ing ndhuwur Alinka lan Desta anggone nyritakake Bu Tika migunakake unggah-ungguh basa…
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Dina minggu nalika bubar reresik omah aku banjur adus. Nalika rampung adus aku banjur ngaso ana ing kamar lan ora krasa aku kebabalas anggone ngaso. Nalika aku ... simbah rawuh ing ... kula sinambi nggawa jajanan kang daksenengi yaiku thiwul lan gathot.
sare, griya
sare, dalem
tilem, griya
tilem, dalem
Ukara kang trep kanggo ngganepi wicarane Lathif yaiku…
Pak, Bu, wis ya aku magkat sekolah!
Wis ya Pak, Bu, aku mangkat sekolah!
Pak, Bu, kepareng kula tindak sekolah rumiyin!
Pak, Bu, kepareng kula nyuwun pamit bidhal sekolah!
Ukara ing ngisor iki kang becik miturut unggah-ungguh basa yaiku ...
Dina minggu aku tindak pasar Godean.
Wingi sore aku dhahar tela ing daleme simbah.
Aku gadhah arta cacahe sepuluhewu
Aku dicaosi sangu ibu amarga bijiku ulangan basa Jawa apik.
Ukara ing ngisor iki endi kang genep lan trep unggah-ungguhe?
Bapak dhahar sesarengan kaliyan ibu.
Bu Waryanti kesah dhateng Surabaya.
Pak Ari gadhah buku crita kathah.
Simbah nedha bubur kacang ijo.
Bapak nembe ... tela nalika kula ... sekolah.
Tembung kang trep unggah-ungguh basane kanggo nggenepi yaiku….
nedha, wangsul
dhahar, kondur
dhahar, wangsul
nedha, kondur
Wangsulane Ilham kang trep yaiku…
Sampun bu, Pak Rafie kala wau wonten ndalem.
Sampun bu, Pak Rafie kala wau wonten nggriya.
Mpun bu, Pak Rafie wonten nggriya.
Uwis bu, iki mau Pak Rafie langsung sing nampi surate.
Kowe arep menyang nggone simbahmu, kepiye anggonmu pamit karo ibumu manut unggah-ungguh sing bener?
Bu, nyuwun pamit, kula badhe dhateng dalemipun simbah.
Bu, nyuwun pamit, kula badhe dhateng griyanipun simbah.
Bu, nyuwun pamit, kula badhe tindak dalemipun simbah.
Bu, nyuwun pamit, kula badhe tindak griyanipun simbah.
Nalika Pelajaran basa Jawa, Ejaz mboten … buku pepak basa mula banjur … gadhahane Nixon.
Tembung kang trep unggah-ungguh basane kanggo nggenepi yaiku….
Mbeta, ngampil
Mbeta, nyambut
Ngasta, ngampil
Ngasta, nyambut
Nyuwun pangapunten Bu Mawar, menawi kepareng kula badhe .... dhateng ibu.
Tembung kang trep unggah-ungguh basane kanggo nggenepi yaiku….
Ngomong
Ngendika
Ngucap
Matur
Dina Minggu kowe kepethuk ibu guru ing warung. Kowe banjur nyedaki lan becike aruh-aruh kanthi matur …
“Ajeng tumbas menapa Bu?”
“Badhe tumbas menapa Bu?”
“Ajeng mundhut menapa Bu?”
“Badhe mundhut menapa Bu?”
Susi : “Mbak, njenengan mau uwis dhahar durung ta?”
Dina : “Durung je Dhik, lha arep maem ketungka ana tamu.”
Undha-usuking basa ingkang dipunginakaken dening Susi ing pacelathon kasebat, inggih menika ....
ngoko alus
krama alus
ngoko lugu
krama inggil
Bapak .......... adhiku dhuwit 20 ewu.
tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....
nyaosi
maringi
ngaturi
nyuwun
Guneman marang uwong kang lagi wae dikenal migunakake basa .....
krama alus
ngoko alus
ngoko lugu
krama inggil
Guneman marang wong kang luwih tuwa, basa sing digunakake apike ...
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Ibu : Aja kesusu turu, shalat Isya dhisik Rina!
Rina : Inggih bu, kula sampun shalat. Menawi Ibu sayah, mangga sare rumiyin.
Punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Unggah-ungguh basa yaiku salah sawijining perangan tata krama kang gegayutan karo basa kang digunakake nalika ...
Guneman marang wong liya
Mlaku ing ngarepe wong tuwa
Mbasakake uwong kang dihormati
Tetembungan marang wong liya
Basa krama madya bisa kanggo mbasakake sapa wae?
aku
simbah
pak dukuh
Bu Tika
