wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH BASA JAWA BAB 1

Total questions: 20

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.
  1. Kapan kedadeyan sing diwartakake jroning pawarta iku mujudake jawaban kanggo tembung pitakonan .....

a)

What

b)

When

c)

Who

d)

Why

2.

Tatacarane nyritakake isine teks pawarta sing becik yaiku .....

a)

nggunakake tembung-tembung sing angel diarani

b)

olehe nyritakake lancar lan runtut (ora mbulet)

c)

olehe nyritakake didawak-dawakne supaya suwe

d)

Basa sing digunakake basa sing kasar lan basa campuran

3.

Teks sing isine ngenani kedadeyan kang diwedharake ing sajroning tulisan ing media cithak, utawa laporan ing medhia elektronik diarani teks ....

a)

narasi

b)

argumentasi

c)

pawarta

d)

eksposisi

4.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake kuwi pancen bener-bener anaa lan dumadi iku nuduhake menawa pawarta iku .....

a)

bener

b)

akurat

c)

lengkap

d)

manjila

5.

Jroning pawarta, informasi sing diandharake kudu bisa dipercaya iku nuduhake menawa pawarta iku .....

a)

bener

b)

akurat

c)

lengkap

d)

manjila

6.

Jroning pawarta, informasi sing diandharake saora-orane kudu nyakup 5W + 1H iku nuduhake menawa pawarta iku .....

a)

bener

b)

akurat

c)

lengkap

d)

manjila

7.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake kudu bisa dipahami dening pembaca, iki nuduhake menawa pawarta iku .....

a)

jelas

b)

kompleks

c)

teknis

d)

ringkas

8.

Unsur kang ngemot papan kadadeyan ing sajrone pawarta iku diarani .....

a)

what

b)

when

c)

where

d)

why

9.

Ing ngisor iki jinis-jinis teks informasi,kajaba .....

a)

teks pariwara

b)

teks pawarta

c)

teks persuasi

d)

teks fiksi

10.

Teks kang isine kumpulann data utawa fakta kang wis diolah satemah nduweni makna kanggo pamacane diarani teks .....

a)

dheskripsi

b)

eksposisi

c)

informasi

d)

narasi

11.

Wujude teks informasi manut sumbere iku awujud .....

a)

Koran, majalah

b)

tivi

c)

radio

d)

buku crita

12.

Banjir bandhang nrajang, nuwuhake korban jiwa.  Ukara iki kalebu tuladane teks .....

a)

narasi

b)

pawarta

c)

slogan

d)

pariwara

13.

"Ayo podho – podho njogo lingkungane dhewe supaya asri". 

       Ukara iki kalebu tuladane teks .....

a)

sesanti

b)

persuasi

c)

fiksi

d)

narasi

14.

"Sabar iku ing aran mustakaning laku". 

       Ukara iki kalebu tuladane teks .....


a)

pawarta

b)

pariwara

c)

persuasi

d)

sesanti

15.

Ijokno maneh bareng – bareng kanggo masa depane awake dhewe. 

       Ukara iki kalebu tuladane teks .....


a)

fiksi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

pariwara

16.

Segerke donyomu lan uripmu ngombe teh gelas ! 

       Ukara iki kalebu tuladane teks .....


a)

persuasi

b)

fiksi

c)

pariwara

d)

sesanti

17.

Bapak ngombe kopi. Yen didadekne krama alus dadi .....

a)

Bapak mundhut kopi

b)

Bapak nedha kopi

c)

Bapak dhahar kopi

d)

Bapak ngunjuk kopi

18.

Ibu tuku beras. Yen digawe krama inggil dadi ....

a)

Ibu tumbas beras

b)

Ibu mundhut beras

c)

Ibu mundhut wos

d)

Ibu sadeyan beras

19.

Simbah mulih teko pasar. Yen dikramakne alus dadi ....

a)

Simbah wangsul saking pasar

b)

Simbah kondur saking pasar

c)

Simbah tindhak saking pasar

d)

Simbah kondur saking peken

20.

Teks informasi cacahe ana pira ?

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4