WorksheetsDrama Tradhisional
Total questions: 30
Worksheet time: 23mins
Tembung drama asale saka basa Yunani kang tegese sawijining ...
tindak-tanduk
pacelathon/dialog
aksi/solah bawa
mimik/ekspresi
Ing bebrayan Jawa drama uga diarani ...
sandhiwara
teliksandhi
sandhiasma
sandhiyudha
Sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga ing pannggung lan duweni pesen utawa amanat sinandhi kang bisa kanggo tepa tuladha ing urip bebrayan diarani ...
sendratari
tari tradhisional
drama/sandhiwara
bedhaya katawang
Manut jinise drama utawa sandhiwara kaperang dadi loro, yaiku drama ...
tradhisional lan klasik
tradhisional lan modern
gagrak anyar lan modern
turgi lan klasik
Drama kang nyritakake crita rakyat jaman kuna, lan isine tarkadhang ora kalebu ing nalar, kalebu jinise drama ...
gagrak anyar
tradhisional
modern
jaman saiki
Kang ora kalebu unsur fisik drama, yaiku ...
paraga
tema
alur
pacelathon
Sing kalebu unsur batin drama yaiku ...
paraga, alur, setting
paraga, pacelathon, amanat
tema lan amanat
tema, amanat, alur
Pacelathon ing crita drama diarani ...
plot
setting
epilog
dialog
Panggonan lan wektu dumadine crita drama diarani ...
prolog
mimik
setting
alur
Paraga sing kadhapuk tumindak ora becik/ala ing crita drama diarani ...
antagonis
paraga
protagonis
casting
Crita drama sing lumakune mundur diarani alur ...
kronologis
alur maju
campuran
flashback
Paraga drama nalika guneman ijen ing panggung diarani ...
dialog
monolog
epilog
prolog
Tembung sandhi ing istilah sandhiwara duweni teges ...
rahasia
apa anane
wujud
tenger
Ing ngisor iki ora kalebu tegese wara ing istilah sandhiwara ...
pesen
informasi
amanat
layang
Sing diarani drama modern yaiku ...
Drama kang nyritakake crita rakyat jaman kuna
Isine ora kalebu ing nalar
Drama bab keagamaan kang isi crita saka alkitab
Nyritakake uripe manungsa saben dina
Drama sing ngandhut unsur agama/religius yaiku ...
operete
passie
tablau
tragedi
Drama kang isine lawak utawa adegan kang nuwuhake lelucon diarani ...
passie
wayang
dagelan
pantomim
Obah mosike polatane para paraga jroning main drama diarani ...
mimik
antagonis
plot
konflik
Urutane struktur teks drama yaiku ...
identifikasi - deskripsi - penegasan ulang - dudutan
resolusi - deskripsi - klasifikasi - identifikasi
komplikasi - koda - orientasi - amanat
orientasi - komplikasi - resolusi - koda
Nilai-nilai moral kang kinandhut ing crita drama katulis ing struktur ...
orientasi
komplikasi
resolusi
koda
Pamecahing prakara ing crita drama kaserat ana ing struktur ...
orientasi
resolusi
komplikasi
koda
Kang ora ditepungake ing struktur orientasi ...
paraga
watak wantune
latar papan
prakara
"Dhek biyen rikala jaman penjajahan Walanda ing tahun 1920 pamarentah penjajah nedya mbangun kreteg Porong lan tangkis kali wiwit saka Porong nganti tekan Beji."
Pethikan kasebut nerangake latar papan lan wektu dumadine crita, ukara kasebut ana ing perangan ...
orientasi
komplokasi
resolusi
koda
"Dhek biyen rikala jaman penjajahan Walanda ing tahun 1920 pamarentah penjajah nedya mbangun kreteg Porong lan tangkis kali wiwit saka Porong nganti tekan Beji."
Tembung nedya duweni arti ...
niyat
mbantu
sawenang-wenang
kondhang
Kang ora kalebu drama tradhisional ing Indonesia yaiku ...
ludruk
sanghyang
wayang wong
khon
"Pungkasane Jaka Sambang kang butuh wragad akeh kanggo perjuwangan melu patembaya kasebut."
Tembung patembaya duweni maksud ...
ontran-ontran
gladhen
sayembara
nyengkuyung
Dialek yaiku ...
logat/variasi basa sing dadi khas saben daerah
mimpin lan ngatur lumakune crita
pasulayan ing antarane paraga
urut-urutane prastawa
Pethikan dialog ing ngisor iki kalebu dialek Surabaya-an yaiku ...
"Arek-arek enggal digladhi barek olah lah kanuragan lan sanjata."
“Temenan po’o nyong ra ngapusi, yakin”
“Wonge lungo, ik”
“byuh, byuh… buocah kok puinter men”
Bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis teks drama tradhisional kanthi runtut, yaiku ...
Namtokake sawijining crita - Mriksa pacelathon manawa ana sing kurang trep - Namtokake alur lan setting
Namtokake paraga lan watake - Nemtokake crita kang bakal ditulis - Nyalarasake pacelathon
Mangerteni isi crita kang bakal ditulis - Namtokake paraga lan watake - Namtokake alur lan setting
Namtokake sawijining crita - Namtokake alur lan setting - Mangerteni isine crita kang bakal ditulis
Sing kudu digatekake nalika maragakake lakon drama, kajaba ...
blocking, mimik
vokal, intonasi
artikulasi, pangucapan
variasi setting
