wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH 8 PARAMA SASTRA-LELEWA BASA

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Tembung kanggo sandhangan tembung aran, diarani tembung...

a)

Panyilah

b)

Panguwuh

c)

Sesulih

d)

Ater-ater

2.

Ing ngisor iki sing kalebu tembung panyilah yaiku...

a)

Dak,Kok,Di

b)

Si, Sang, Hyang

c)

Hore, aduh, wow

d)

Kapan, sapa, kena ngapa

3.

"Para warga padha nonton pengajian ing lapangan." Sing kalebu tembung panyilah yaiku...

a)

Para

b)

Warga

c)

Pengajian

d)

Ing Lapangan

4.

"..........!Sikilku lara kesandung watu". Tembung sing trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku...

a)

Peh

b)

Hah

c)

Hore

d)

Adhuh

5.

Lhoh, Peh, Biyuh kuwi kalebu tembung...

a)

Aran

b)

Panguwuh

c)

Panyilah

d)

Sesulih

6.

"Latare (sapu) Ria sore mau." Tembung sapu sing bener panulisane yaiku...

a)

sapuen

b)

saponana

c)

disapu

d)

kesapu

7.

"Kapan kowe arep mbalekake bukuku?" tembung kapan ing ukara kasebut kalebu tembung sesulih....

a)

Panuduh

b)

Pitakon

c)

Pandarbe

d)

Purusa

8.

Ing ngisor iki, ukara sing nggunakake tembung sesulih purusa yaiku...

a)

Sapa jenengmu?

b)

Kowe arep menyang ngendi?

c)

Ria mrene mau esuk

d)

Apa-apa wae sing wernane abang, mesti aku seneng

9.

Tembung tembunmg sing kalebu tembung sesulih pandarbe purusa ka-1 yaiku...

a)

-ku, -kula

b)

-mu, -kowe

c)

-e, -ne

d)

-sampeyan, -panjenengan

10.

Tujuan tembung sesulih yaiku...

a)

Supaya ukarane endah

b)

Supaya ora disebutake bola-bali

c)

Supaya cetha

d)

Supaya cekak

11.

Polahe kaya.........diinteri.

a)

Beras

b)

Pari

c)

Gabah

d)

Krikil

12.

Nalika Rudi diutus ngangkat beras sakarung abote kaya.......nganti ora kuat ngangkat.

a)

Watu

b)

Kapuk

c)

Sepur

d)

Kertas

13.

Mas Ardi lan adhike kuwi pancen bedha. Siji sregep, sijine kesed (males). Ibarate kaya bumi karo...

a)

Kali

b)

Banyu

c)

Gunung

d)

Langit

14.

Ing ngisor iki sing ora kalebu bebasan yaiku...

a)

Emban cindhe emban siladan

b)

njagakake ndhoge si blorok

c)

Bocah kuwi pancen ayu

d)

abang-abang lambe

15.

Sing mucuk eri kuwi....

a)

Mripate

b)

Alise

c)

Drijine

d)

Sikute

16.

Alise.....

a)

Mucuk eri

b)

nanggal sepisan

c)

blarak sempal

d)

damar kanginan

17.

Jer basuki mawa....

a)

Ati

b)

Lathi

c)

beya

d)

gawa

18.

Nalika lomba mlayu, Adi juwara siji amarga mlayune banter banget. Pepindhan sing pas kanggo playune Adi yaiku....

a)

Bantere kaya angin

b)

bantere kaya macan

c)

bantere kaya kilat

d)

bantere kaya bledheg

19.

Anak polah bapak kepradah tegese.....

a)

Kabeh polahe anake mesti dadi tanggung jawabe wong tuwa

b)

Woing tuwa n jaluk wulang wong enom

c)

Kabutuhan sing ditokake luwih gedhe tinimbang pengghasilan

d)

Kabeh kabecikan bakal ketara

20.

Ukara ing ngisor iki sing trep karo candrane yaiku...

a)

Lembehane blarak sempal

b)

Drijine ngudhup melathi

c)

Mripate kaya lintang

d)

Rambute nawon kemit