NEW
Font size
WorksheetsSTS BAHASA JAWA KELAS 5
Total questions: 20
Worksheet time: 15mins
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....
Guyub rukun
Sapu sada
Adiwiyata murih rahayu
Jumat asri
obahe awak kanggo mangun swasana nalika maca geguritan diarani ....
wiraga
wirama
wirasa
wicara
Supaya katon endah lan ngresepake maca geguritan iku kudu nggatekake wirama. Tegese wirama yaiku…..
pocapan kudu cetha.
dawa cendhake ukara
munggah mudhune swara
rasa pangrasane geguritan
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?
R. Tantiningsih
R. Tanti
R.A. ningsih
R.A. Kartini
Geguritan iku nang basa Indonesia diarani
pantun
puisi
lagu
sajak
Guruku...
Kula nyuwun dunga lan pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu
Saged dados sangu
Kanggo nggayuh gegayuhanku
Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...
Sekolahku
Sinau
Guruku
Gegayuhanku
Amanat utawa pesen sing bisa dijupuk saka geguritan kasebut yaiku .....
Kita kudu njaga gunung Merapi
Gunung Merapi dadi saksi bisu kridhaning bangsa Indonesia
Penjajahan ing jaman Mataram kuno nganti madege kraton Ngayogyakarta
Kaendahan gunung Merapi
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....
Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng
Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia
Katon Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat
Katon sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih
Salah sijine titikane dheskripsi yaiku ...
Nggambarake kedadean kanthi cetha
Isine mujudake asli laporan kegiyatan
Nggambarake panyaruwe saka penulis
Isine mujudake rerangkene cerita kang urut
Yen wes mateng disenengi wong okeh. Kulite kandel kaya eri gedhe-gedhe. Yen mateng ambune sedep. Daging disekat-sekat dadi liningane gedhe. Isine jenenge pongge. Wacan ing nduwur deskripsi ngenani ...
Pelem
Kates
Duren
Nangka
Nalika godok banyu, Mita ora sengojo ndemok pancine sing iseh panas. Deskripsi iki bisa ditampa perang pancadriya perangan ...
Kuping
Kulit
Mripat
Irung
Wong-wong mesti padha nonton. Najan wujude mung kertas, nanging dibutuhake nganti setaun lawase. Barang iki kadhang angkane dibunderi, kanggo nengeri kedadean utawa rencana sing bakal dilakoni. Wacan iku deskripsi ngenani ...
Meteran
Handphone
Tanggalan
Buku bahasa jawa
Tembung "nandur kabecikan" tegese...
tumindak ala
tumindak apik
ngajak tukaran
ngajak sinau
Tembung "langit werna biru" iku conto saka ukara...
Konotatif, amarga ngemu teges kiasan
Denotatif, amarga nyatakake fakta langsung
Metafora, amarga mbandhingake loro barang sing beda
Personifikasi, amarga menehi sipat manungsa marang barang
Ukara "Atiku remuk" ngemu teges...
Denotatif, amarga ati pancen bisa remuk
Konotatif, nyatakake rasa sedih sing jero
Metafora, mbandhingake ati karo barang sing gampang pecah
konotatif, nggunakake tembung "kaya" kanggo mbandhingake
tembung ukara sing ngemu teges konotatif ing ngisor iki yaiku?
"Suryo metu ing wetan."
"Dheweke iku lintang kelas."
"Buku iki kandel."
"Mobil iku werna abang."
Bedane utama antarane ukara denotatif lan konotatif yaiku...
Dawane ukara
Panggunaan tembung sing angel
Teges sing ana ing jerone
Struktur ukara
Ukara "Dheweke iku macan ing panggung" ngemu teges...
Dheweke duwe sipat kaya macan
Dheweke lagi nggambarake macan
Dheweke lagi melu lomba macan
Dheweke wani ing panggung
Pira ing ngisor iki ukara sing ngemu teges denotatif kabeh?
Langit cerah, angin sepoi-sepoi, lan manuk pateng cuit
Atine remuk kaya kaca, rasané pedih banget.
Dheweke iku mutiara ing kulawargane.
Gunung Merapi meletus, dunyone dadi peteng ndedet.
