wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gugon Tuhon 10 Soal

Total questions: 10

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Apa tujuwan saka gugon tuhon iku?

a)

Supaya nalika dewasa, bocah kuwi nduwe tata krama

b)

Supaya tradhisine terus ana lan lestari

c)

Supaya apal karo wejangane (nasehat) wong tuwa

d)

Kanggo medeni bocah-bocah

2.

Ing ngisor iki sing ora kalebu jinise gugon tuhon yaiku...

a)

Gugon Tuhon sajajar

b)

Gugon Tuhon wasita sinandi

c)

Gugon Tuhon wewaler

d)

Gugon tuhon salugu

3.

Nalika Adi rekreasi sekolah menyang segara kidul, dheweke dipeseni ibuke supaya ora nganggo klambi ijo. Gugon tuhon kasebut kalebu gugon tuhon jinis...

a)

Wewaler

b)

Wasita sinandi

c)

Sajajar

d)

Salugu

4.

Aja payungan njero omah mundak ibune mati. Kalebu gugon tuhon jinis?

a)

Salugu

b)

Wasita sinandi

c)

Wewaler

d)

Sajajar

5.

Gugon tuhon sing langsung ana hubungane/gegayutane diarani gugon tuhon salugu. Ing ngisor iki sing kalebu gugon tuhon salugu yaiku...

a)

Aja dolanan beras mundak tangane kithing

b)

Yen mangan segane kudu dientekne mundak pithike mati

c)

Aja kudungan kukusan mundhak dicaplok baya

d)

Yen mangan ajange ora oleh ditampa

6.

Bocah cilik yen dalu ora oleh nabuhi pager. Kalebu gugon tuhon?

a)

Wasita sinandi

b)

salugu

c)

sajajar

d)

wewaler

7.

Yen menehi barang neng wong aja dijaluk maneh mundak timbilen, kalebu gugon tuhon...

a)

wasita sinandi

b)

salugu

c)

wewaler

d)

sajajar

8.

Ing ngisor iki sing kalebu gugon tuhon wewaler yaiku...

a)

aja nglungguhi bantal, mundhak bokonge wudunen

b)

Aja nyapu wayah wengi

c)

ora ilok dolanan beras, mundhak tangane kithing

d)

Aja ngidoni sumur, mengko suwing lambene

9.

Aja mangan karo mlaku, kalebu gugon tuhon...

a)

Salugu

b)

Wasita sinandi

c)

wewaler

d)

sajajar

10.

Gugon tuhon sing isine mung larangan tanpa dijelasake sebabe diarani...

a)

gugon tuhon wasita sinandi

b)

gugon tuhon wewaler

c)

gugon tuhon sajajar

d)

gugon tuhon salugu