NEW
Font size
WorksheetsBASA JAWA
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Rini saiki kelas telu, saliyane sregep sekolah dheweke uga sregep ngrewangi wong tuwone. Nalika prei Rini tansah ngrewangi ibune nyapu karo korah korah. kabeh iku dilakoni kanti ati seneng tanpa ngresula.
Apa sing ditindakake rini sawise mulih sekolah ?
a. nonton tv
b. dolan
c. ngrewangi wong tuwane
d. turu
Rini seneng banget marang sakabehane jinis kewan ingon ingon. ing omahe dheweke duwe ingon ingon kucing anggora. rini asih banget marang kucing ingon ingone.
Rini duwe ingon ingon sato kewan apa ?
a. sapi
b. kucing anggora
c. wedus
d. macan
saben dino kucinge dipakani lan seminggu pisan uga didusi. krangkenge uga mesthi diresiki dhewe. mula. kucing anggorane katon sehat lan nggemesake banget.
apa sing bisa kotiru saka cerita Rini ing wacan dhuwur ?
a. mateni kewan
b. welas asih nang kewan
c. nlantarno kewan
d. kucinge lara
sakwise nyinau utawa maca wacan. saiki ayo nyaoni perangan perangan sajrone crita/ wacan. perangan crito koyok ing nisor iki yaiku ............
a. tema
b. warna
c. garis
d. buku
dhek jaman semana. baya sing panggone ana kali bengawan lagi golek pangan. olehe golek pangan ora sengaja nganti tekan pesisir. ing papan iku, baya ketemu karo iwak sura sing uga golek mangan.
ono ngendi panggone baya ?
a. segoro
b. pesisir
c. alas
d. kali bengawan
rumangsa keganggu, iwak sura banjur ngelingake baya. " hey.............. baya karepmu iki opo ? kowe rak wis dhuwe papan dhewe. kena apa kowe kowe golek pangan nganti tekan kene ? apa kowe ora ngerti.. yen papan iki isih klebu panguwasaku ? ".
sopo sing ngelingake baya?
a. iwak sura
b. iwak wader
c. iwak paus
d. iwak teri
baya ora kalah banter olehe mbengok " sura ...... kowe ngertio. papanmu ana tengah segara. dadi kowe ora duwe kuwasa menging aku golek pangan neng kene"
ono ndi papane sura sabenere ?
a. tengah pesisir
b. tengah segara
c. tengah alas
d. tengah kali
saya suwe olehe bengkerengan saya rame, amarga rumangsa padha benere. kewan loro mau banjur gelut, perang tanding nganti pirang pirang dina.
opo sing nyebabno baya lan sura tanding nganti pirang pirang dina ?
a. rumangsa padha salahe
b. rumangsa padha ae
c. rumangsa padha benere
d. rumangsa padha kewane
wong wong sacedhake pesisir sing padha meruhi perang tandinge iwak sura lan baya mau banjur padha bengok bengok. " ana sura lan baya...... ana sura lan baya.................. anak sura lan baya". mula mula suwene suwe papan panggonan mau banjur karan surabaya.
sakwise kedadean iku mula suwene suwe papan panggonan mau iku dijenengi apa ?
a. malang
b. jember
c. surabaya
d. banyuwangi
Dina minggu Rini lan kanca kancane sakelas rekreasi menyang WBL. WBL iku manggon ana ing kabupaten lamongan. sadurunge budhal Rini lan kanca kancane pamit marang bapak lan ibune. Ora lali Rini nyuwun donga pangestu.
sapa wae paraga crita sing mentas koksemak ?
a. bapak lan ibu Rini
b. kanca kancane Rini
c. Rini lan kanca kancne
d. sekolahane rini
Pak. Wibawa lan Bu Dewi meling supaya Rini ngati ati ing papan rekreasi. tansah nurut apa sing dingendikakake bapak lan Ibu guru sing ngampingi.
pak Wibawa lan Ibu dewi ngelingake apa marang rini ?
a. ngati ati ing papan rekreasi
b. ora usah melu rekreasi
c. ora nurut karo bapak lan ibu guru
d. sakarepe dewe
jam 05.00 Rini lan rombongan wis budal. tekan WBL watara jam 08.00 bocah bocah seneng banget dolanan ana ing papan iku. akeh banget jinise dolanan kanggo bocah bocah. sak liyane menyang pesisir tanjung kodok, rombongan uga mampir ing gua maharani.
jam piro rini lan rombongan budal nang WBL ?
a. 15.00
b. 05.00
c. 05.05
d. 15.05
bocah bocah apa wis ngerti yen ing kutha surabaya ana objek wisata kang arupa alas? wujude yaitu alas mangrove. endah loh sesawangane! objek wisata arupa alas mangrove mau ana loro cacahe, dumunung ing desa wonorejo lan desa gunung anyar.
apa wujude objek wisata ing kutha surabaya kang arupa alas ?
a. alas mangrove
b. alas lindung
c. alas gawean
d. alas jati
alas mangrove wonorejo manggon ana pesisir wetan utawa pantai timur surabaya ( pamurbaya). sakliyane nduweni fungsi minangka bendungan uga dimanfaatake minangka wisata air lan ekowisata. akeh fasilitas kang bisa dinikmati ing kene. ing antarane yakuwi restoran apung, prau wisata, stan batik mangrove, menara pantau, sentra kuliner asil laut, lan sapanunggalane.
fasilitas opo kang ana ing wisata mangrove wonorejo ?
a. menara pantau
b. tower sinyal
c. bendungan
d. ekowisata
apa wae sing bisa koktindakake kanggo njaga karesikan ing papan wisata ?
a. ngrusak taman
b. buang sampah sembarangan
c. disiplin
d. sakarepane dewe
