wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Bab. 1 Kelas 5

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing sangarepe wong utawa pamireng akeh, diarani....

a)

pidhato

b)

nyanyi

c)

pawarta

d)

wasana

2.

Ancase pidhato, yaiku, kajaba....

a)

menehi informasi

b)

menehi panglipur utawa hiburan

c)

sarana mbujuk utawa pangajak

d)

ngentekne wektu lodhang

3.

Perangan pidhato kaping sepisan, yaiku....

a)

pambuka

b)

surasa

c)

salam pambuka

d)

wasana

4.

Sing ora kalebu perangane pidhato, yaiku….

a)

salam pambuka

b)

surasa

c)

adangiyah

d)

wasana

5.

Ing pidhato, ukara Assalamu'alaikum wr. wb, sugeng enjing, sugeng siyang, utawa sugeng dalu diarani perangan….

a)

salam pambuka

b)

pambuka

c)

purwaka

d)

surasa

6.

Perangan pidhato sing ngemot babagan isi wigatine pidhato diarani….

a)

salam pambuka

b)

wasana basa

c)

surasa

d)

pambuka

7.

Cengkorongan pidhato kudu digawe supaya pidhatone dadi….

a)

dawa

b)

wigati

c)

lucu

d)

runtut

8.

Babagan sing disuwun nalika nutup pidhato, yaiku....

a)

nyuwun sangu

b)

nyuwun donga

c)

nyuwun pangapura

d)

nyuwun duit

9.

Bab sing kudu digatekake nalikane mbabar utawa ngembangake cengkorongan dadi pidhato, yaiku....

a)

pilihan tema

b)

pilihan tembung

c)

pilihan judul

d)

pilihan isi

10.

Basa sing digunakake nalika siswa pidhato ing ngarepe guru lan kepala sekolah, yaiku ....

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

krama madya

11.

Kula minangka pangarsaning panitial malem tirakatan Dinten Kamardikan Republik Indonesia kaping 72 badhe atur palapuran. Tembung dinten padha tegese karo...

a)

santen

b)

tanggal

c)

dina

d)

jam

12.

Para sesepuh, pinisepuh kakung miwah putri ingkang kula bekteni. Tembung kakung tegese padha karo....

a)

wadon

b)

jago

c)

lanang

d)

estri

13.

Patrap tangan nalika nindakake pidhato diarani....

a)

sedhakep

b)

mbanda tangan

c)

salaman

d)

ngapurancang

14.

Supaya gampang dimangerteni, basa nalika ngaturake pidhato kudu....

a)

angel

b)

mubeng-mubeng

c)

puitis

d)

cekak aos

15.

Metode pidhato kaperang dadi....

a)

siji

b)

loro

c)

telu

d)

papat

16.

Tembung kowe kramane, yaiku ....

a)

aku

b)

dhewake

c)

panjenengan

d)

kulo

17.

Ibuku menang lomba gawe tumpeng, entuk hadhiah buku isine salosin. Aku melu bungah rasane. Kosok baline tembung bungah, yaiku….

a)

seneng

b)

sumringah

c)

sedih

d)

gumbira

18.

Metode pidhato kanthi nggawa cathetan cilik babagan kang wigati utawa penting sak isine pidhato diarani....

a)

Metode naskah

b)

Metode ekstemporan

c)

Metode apalan

d)

Metode impromtu

19.

Ajining raga gumantung saka....

a)

lathi

b)

busana

c)

bandha

d)

sarana

20.

Sumangga kula lan panjenengan sedaya sesarengan ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngersanipun Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos. Ukara kasebut kalebu perangan....

a)

salam pembuka

b)

pambuka

c)

surasa

d)

wasana

21.

Cekap semanten anggen kula matur. Menawi wonten lepatipun atur, kula nyuwun agunging pangaksama. Ukara kasebut kalebu perangan....

a)

salam pambuka

b)

pambuka

c)

surasa

d)

wasana

22.

Wosipun sumpah saha prasetya punika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi serta dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera.

Pratelan kasebut kalebu perangan pidhato.....

a)

salam pambuka

b)

pambuka

c)

surasa

d)

wasana

23.

Menawi anggen kula matur kathah kekirangan saha kelepatan, kula nyuwun pangapunten. Pratelan kasebut kalebu perangan pidhato....

a)

salam pambuka

b)

pambuka

c)

surasa

d)

wasana

24.

Nalikane pidhato jumeneng jejeg ananging ora kaku, sikil ora mepet utawa mbegagah, ora ndhingkluk utawa ndhangak, ora kakean obah, lan pandengan kudu madhep kabeh pamiarsa ora mung kendel ing sak panggon wae. Ing dhuwur bab-bab kang kudu digatekake nalikane pidhato, yaiku....

a)

swara

b)

busana

c)

subasita

d)

pratap

25.

Wassalamu’alaikum wr. Wb.

Ukara ing dhuwur kalebu perangan....

a)

salam pambuka

b)

pambuka

c)

salam penutup

d)

penutup