NEW
Font size
Worksheetsbasa jawa kelas 4 geguritan
Total questions: 50
Worksheet time: 28mins
Salah sijine cara kanggo mahami isi geguritan bisa didadekake gancaran (prosa/cerita) iku mau diarani . . . .
parafrase
prosa/cerita
ngarang gancaran
ngowahi gamcaran
Puisi modern iku pada karo . . . .
cangkriman
geguritan
pacelathon
parikan
Ing ngisor ora klebu struktur teks geguritan yaiku . . . .
tembung
larik
sarana
bait/pada
Geguritan iku nang basa Indonesia diarani
pantun
puisi
lagu
sajak
Geguritan, yaiku: ....
Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket
dening paugeran (aturan) sing gumathok.
Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket
dening paugeran (aturan) sing gumathok.
Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening
paugeran (aturan) sing gumathok.
Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening
salah siji paugeran (aturan)
Jinise geguritan ana ....
1
2
3
4
Maceme geguritan yaiku ....
Geguritan gagrak lawas
Geguritan gagrak anyar
Geguritan gagrak anyar lan Geguritan gagrak lawas
Kabeh bener
Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok diarani ....
Geguritan
Paribasan
Pantun
Tembung
Pilihan tembung ing geguritan uga diarani ....
dhiksi
larik
bait
pada
Kumpulan larik kang tumatha kanthi laras diarani ....
surasa
pada/bait
uni/swara
tembung
Irah-irahan utawa judul geguritan ing dhuwur yaiku ....
Sapu Sada
Astuti
Jumat Bersih
Guyub rukun
Geguritan iku kangga gampange diarani ....
sastra jawa kuna
kidung jawa pertengahan
tembang macapat
puisi gagrag anyar
Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi ....
alus lan nrenyuhake
endah lan aji
kasar lan mangkelake
suci lan nyenengake
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....
katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng
katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah
katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih
katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng
Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku ....
kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe
kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan
kanthi tanpa solah bawa lan patrap
kanthi solah bawa sing digawe-gawe
ancase maca endah geguritan, yaiku .....
supaya bisa mirsani padha nggumun lan era marang sing maca
sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi, piweling lan kaendahan geguritan
nemokake struktur batin geguritan
nemokake struktur lair geguritan
geguritan iku lumrahe ngandharake isen-isen atine ....
panganggit
kritikus
pamaca
pamireng
2. Ciri-cirine geguritan yaiku ....
bentuk utawa wujude bebas
kaiket anane paugeran (aturan)
ora nganggo tembung sing endah (baik)
ora nganggo tembung sing pantes (enak didengarkan)
Cacahe gatra ora ajeg kuwi kalebu tetengere .........
prosa
tanggapan
tembang macapat
geguritan
3. Kang kudu digatekake nalika maca geguritan ana ngarep kelas yaiku ....
imajinasi
pamilihing tembung
artikulasi
gaya bahasa
geguritan ing bahasa indonesia diarani...
puisi
pantun
cerpen
lagu
endahing geguritan dumunung ing ....
pilihan tetembung kang menthes
gunakae wirama utawa lagune
nganggo busananing basa kang maneka warno
temane sing menarik
nalika maca geguritan kudu cetha , supaya suwara kang diasilke uga cetha ...
swara
intonasi
gerak mimik
ekspresi
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....
Guyub rukun
Sapu sada
Adiwiyata murih rahayu
Jumat asri
tembung "kuciwa" tegese...
ngupaya
gela
mbelani
ngembangake
Puisi modern jenenge...
geguritan
macapat
parikan
kidung
Tembung ing geguritanduwe makna kang jero, tegese ...
cekak
menthes
endah
tembungane pilihan
Iketaning basa kang memper sair arane yaiku ....
prosa
gancaran
novel
geguritan
Titikane saka geguritan gagrag lawas, kejaba ....
diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit
lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra
guru lagu (rima utawa persajakan) pinathok
ora kaiket paugeran
Titikane geguritan gagrag anyar yaiku ....
ora kaiket paugeran tertamtu
diwiwiti kanthi ukara sun gegurit
isih ngugemi anane guru wilangan
guru lagune pinathok
Tembung pepeling duweni teges ....
pracaya
pengarang
wejangan
bab kang endah
Ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika maca geguritan, kejaba ....
intonasi
ekspresi
klambi
lafal
Tegese tembung-tembung angel ing geguritan bisa digoleki ana ing ....
buku pintar
buku wacan
bloknot
kamus
Kanggo nggampangake mangerteni isi geguritan bisa kanthi ....
ngeling-eling pengangite
ngeling-eling irah-irahane
ngowahi geguritan dadi wacan cerita
njlentrehake tembung-tembung sing angel
Ing ngisor iki sing nuduhake cirine geguritan yaiku ....
basane endah
wujude paragraf
ana alur critane
gampang dimangerteni
Tembung pujangga duweni ateges ....
pracaya
wiwitan
pengarang
pinter
Geguritan kang saben padane kasusun saka rong gatra utawa larik jenenge ....
gita eka gatra
gita dwi gatra
gita tri gatra
gita catur gatra
Geguritan asale saka tembung gurit kang ateges ....
intonasi
tulisan kang awujud tatahan
ekspresi
swara-swara endah
Ing ngisor iki kang ora klebu bab-bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku ....
mangerteni isine geguritan sing arep diwaca
ngrasakake isi lan kekarepan geguritan
gatekake pocapan lan wiramane
bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi kanthi trep
Mandheg lakune pocapan sajroning maca geguritan kang ditemtokake dening gantining gatra (larik) yaiku ....
intonasi
tandha wacan
jedha
titik
Nalika maca geguritan kuwi gatekake obahing awak kang diarani ....
wirasa
wicara
wiraga
wirama
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?
R. Tantiningsih
R. Tanti
R.A. Tantiningsih
R.A. Kartini
Geguritan asale saka tembung...
Gurit
Ngurit
Gurit
Guritan
Cacahe gatra ora ajeg klebu tetengere ....
tembang macapat
geguritan
prosa
tanggapan
Geguritan iku kangga gampange diarani ....
sastra jawa kuna
kidung jawa pertengahan
tembang macapat
puisi gagrag anyar
jeneng pengarang ing geguritan yaiku...
irah-rah
anggita
asma
bausastra
cara maca endah gegurtian ing ngisor iki, kejaba...
diwaca alon kanthi iramane trep
maca karo kesuh-kesuh
macane aja gemrungsung
dhuwur cendheke swara manut ukara
Jroning nulis geguritan sing diutamakake dhiksi. Sing diarani dhiksi yaiku...
penganggone wirama
penganggone gaya bahasa
pangangen angen
pamilihan tembung
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hJakarta kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Isi saka geguritan dhuwur yaiku ....
wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak
susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing Jakarta
bapak kang goleki ibu tekan Jakarta amarga anake lara
bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama Jakarta kuwi lor kali
Wis wingi-wingi dak parani
Ing geguritan ana nginggil, panggurit dadi ....
Ibu
Anak
Bapak
Kakang
