Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Sumatif Teks Artikel

Total questions: 20

Worksheet time: 1hrs 13mins

Name
Class
Date
1.

Artikel kang ngandharake gegayutan karo hukum, nengenake bab adil, kriminalitas, militer prekara korupsi, keamanan diarani jinis artikel ....

a)

Kabudayan

b)

Olahraga

c)

Hukum lan Keamanan

d)

Ekonomi

e)

Sosial Politik

2.

Lingkungan Resik, Uripe Sehat

Lingkungan resik urip sehat duweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat. Tegese saka lingkungan resik urip sehat yaiku urip lingkungan sing kita panggone nduweni kesan becik kanggo sesawangan lan menehi sehat.

Lingkungan sing kita panggone bisa ndukung lan nduweni pengaruh tumrah panguripane manungsa dhewe. Yen lingkungan kita, wargane duweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat. Ananging suwalike yen kita manggon ing warga kang duweni pakulinan kemroh lan seneng omben – omben bab iki bakal duweni pengaruh psikis lan mental kita. Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita.

Lingkungan kudu resik amarga ....

a)

panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa.

b)

saka lingkungan resik bisa ndadekan urip sehat.

c)

wargane nduweni kebiyasaan becik

d)

kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri.

e)

wargane supaya ora kemroh

3.

Ukara kang nuduhake sifat ora resikan yaiku ....

a)

Lingkungan sing kita panggoni bisa ndhukung lan nduweni pengaruh tumrap panguripane manungsa dhewe.

b)

Wargane nduweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat.

c)

Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita.

d)

Lingkungan resik urip sehat nduweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat

e)

Kita manggon ing warga kang nduweni pakulinan kemroh lan seneng omben omben bab iki bakal nduweni pengaruh psikis lan mental kita

4.

Jinis artikel adhedhasar isine yaiku maneka jinise, ing ngisor iki kang ora klebu jinis artikel adhedhasar isine yaiku .....

a)

artikel kabudayan

b)

artikel olahraga

c)

artikel pendhidhikan

d)

artikel agama

e)

artikel budi pekerti

5.

Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam kang dumadine ora saben dina. Owahe iklim global dadekake Negara-negara maju duweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang duweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.

Gagasan pokok ing cuplikan wacan mau yaiku ...

a)

Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.

b)

Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam kang dumadine ora saben dina.

c)

Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global).

d)

Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang duweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan.

e)

Owahe iklim global dadekake Negara-negara maju duweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam

6.

Struktur artikel kang trep yaiku….

a)

Irah-irahan, pambuka, isi, dudutan

b)

Irah-irahan, pambuka, masalah, kesimpulan

c)

Pambuka, masalah, kesimpulan, panutup

d)

Pambuka, masalah, kesimpulan

e)

Pambuka, isi, dudutan

7.

Gatekake ukara ing ngisor iki!

“Kudu bisa njaga lingkungan supaya ora nandhang kapitunan tumrap awake dhewe, uga ana mumpangate kanggo generasi sabanjure”

Tembung kang kacetak kandel duweni teges yaiku….

a)

Ilang, manfaat

b)

Rugi, manfaat

c)

Rugi, keslametan

d)

Pengaruh, perubahan

e)

Tumindak, perubahan

8.

Unesco ngakoni menawa bathik Indonesia mujudake karya agung warisan budaya donya mula masarakat banjur padha mendem bathik. Wong padha nganggo klambi bathik kamangka biyen klambi bathik mung kanggo nekani resepsi. Nanging saiki wong bebas nganggo klambi bathik ora mung winates kanggo acara resmi nanging uga acara kang ora resmi, kadidene kantoran lan sekolahan.


Bathik tekan saiki isih diproduksi ing kutha Solo, Yogyakarta, Pekalongan, Sidoarja,Madura,Lasem lan Cirebon. Bathik mau fungsine ora mung kanggo eksport nanging kanggo kabutuhan masarakat. Kanthi diakoni bathik minangka warisan budaya donya, mula njalari para pengrajin bathik kebanjiran pesenan. Nom-noman kang maune isin nganggo bathik amarga dianggep kuna ora njamani. Nanging saiki jamane wis beda, wis padha gelem nganggo bathik. Kajaba nguri-uri budaya bangsa uga mekarake industri bathik.


Wosing rembag paragrap setunggal ing nginggil inggih menika…

a)

Unesco ngakoni bathik Indonesia

b)

Bathik Indonesia mujudake karya agung warisan budaya donya

c)

Unesco ngakoni bathik Indonesia warisan budaya donya

d)

Biyen klambi bathik kanggo nekani resepsi

e)

Bathik ora mung kanggo acara resmi

9.

GUNUNG GAMPING ING AMBAR KETAWANG


Saparan kanthi mbeleh bekakak. Gunung Gamping iki umure wis luwih saka 50 yuta taun. Gunung Gamping kang dununge watara 5 km sakulone kutha Yogyakarta kuwi, saiki mung kari jeneng. Sing ana mung kari wujud watu gamping gedhe kang dhuwure kira-kira 10 m, kaya tugu. Kanggone warga Yogyakarta, cagar alam Gunung Gamping Ambarketawang (kang dumunung ana Desa Ambarketawang) iki kondhang amarga saben sasi Sapar ing papan iki diadani upacara Saparan kanthi mbeleh bekakak dikantheni arak-arakan. Ing sakidule Gunung Gamping iki, ana patilasan kraton Ambarketawang (tilas kratone Pangeran Mangkubumi sadurunge pindhah menyang kutha Ngayogyakarta tanggal 7 Oktober 1756). Kanggone ahli geologi, Gunung Gamping iku unik jalaran ing donya iki mung ana loro, ing Inggris lan ing Yogyakarta. Dianggep unik jalaran umure watu Gunung Gamping iku wis luwih saka 50 yuta taun. Mangka gunung-gunung gamping liyane umure ora nganti samono.


Gunung Gamping wonten ing Ambar Ketawang dipunanggep unik dening ahli geologi amargi...

a)

saben wulan sapar dipunadani Upacara Saparan

b)

umuripun watu gamping sampun langkung 50 yuta taun

c)

dipunkonservasi dening Djawatan Geologi Bandung

d)

dipunpager ngangge kawat berduri

e)

tilas kratonipun P. Mangkubumi

10.

Cagar alam Gunung Gamping Ambarketawang iki kondhang amarga saben sasi Sapar ing papan iki diadani upacara Saparan. Tembung diadani wonten ing ukara nginggil ngemu suraos ....

a)

dianakake

b)

diwiwiti

c)

dipimpin

d)

dipunwiwiti

e)

dipunlekasi

11.

Kawaosa kanthi saksama!


Kanggo mekarake apresiasi sastra Jawa para penggurit kudu luwih sregep, gamben, sengkut-gumregut ngripta karya, kepiye carane geguritan tansah diremeni lan digandrungi dening pamaos. Para novelis lan pangripta cerkak uga kudu luwih ubed ningkatake bobot karya-karyane. Ora mung mikirke pira honore nulis, nanging uga katresnane marang sastra Jawa. Kanthi cara kasebut, karya-karya sastra Jawa kaajab bisa mumpangati tumrap bebrayan agung, dene para maos luwih ngregani marang karya sastra, mligine sastra daerah.


Katitik saking undheraning prakawis, seratan jurnalistik ing nginggil awujud .....

a)

gegambaraning apresiasi sastra Jawa

b)

ajakan supados ngapresiasi sastra Jawa

c)

artikel kangge ningkataken apresiasi sastra Jawa

d)

paparan maneka warna jinis sastra Jawa

e)

cariyos bab tokoh ‘penggurit’ ing sastra Jawa

12.

Ing andhap menika ancas lan manfaatipun artikel, kajawi .....

a)

minangka sarana kengge mahyakaken gagasan/panemu panyerat dhumateng masarakat

b)

minangka sarana publikasi asil panaliten kanthi cara ilmiah lumantar jurnal ilmiah

c)

cara kangge njlentrehaken utawi ngrembag babagan perkara miturut kaidah ngelmu tartamtu

d)

supados ingkang nyerat saged misuwur

e)

minangka sumbering informasi kanggo masarakat

13.

Ingkang boten kalebet titikanipun artikel inggih punika ...

a)

ringkes, mentes, gamblang, lan tuntas.

b)

wosipun artikel adhedhasar fiksi utawi mitos ingkang dereng mesthi leresipun

c)

Artikel sipatipun informatif lan faktual

d)

artikel saged ngemot opini lan analisis

e)

panyeratan artikel migunakaken basa baku utawi resmi

14.

Karya tulis kang disuguhake kanthi cetha, padatan lumantar ariwarti lan kalawarti, isi saka artikel iki kuwi luwih entheng yen di waca, kalebu jinis artikel ......

a)

Populer

b)

Ilmiah

c)

abstrak

d)

artikel

e)

pariwara

15.

Langkah-langkah gawe artikel :

  1. 1. Gawe cengkorongan

  2. 2. Nemtokake tema

  3. 3. Nemtokake cara golek informasi

  4. 4. Ngumpulake bahan bahan sing gayut

  5. 5. Nulis panemu saka informasi kang ditemokake

  6. 6. Nemtokake ancas panulisan

  7. 7. Nulis artikel jumbuh karo urut-urutane.

  8. Urutan gawe artikel kang trep yaiku ......

a)

2-6-3-4-1-5-7

b)

2-6-4-3-5-1-7

c)

2-6-4-3-7-1-5

d)

6-2-4-3-5-1-7

e)

2-6-4-3-1-5-7

16.

Pentingé Sinau Basa Jawa kanggo Generasi Enom

Sinau basa Jawa iku penting banget kanggo generasi enom saiki, amarga basa Jawa minangka salah sawijining identitas budaya sing kudu dijaga lan diwarisake. Ing sekolah-sekolah ing Jawa, basa Jawa diwulangaké kanggo ngenalke budaya Jawa marang para siswa lan supaya padha ngerti carane gunakake basa iki kanthi bener ing saben dinane.

Kajaba iku, basa Jawa uga ngemot filosofi lan pepatah sing bisa dadi pandhuan urip. Yen generasi enom ora nggatekake lan ora sinau basa Jawa, bisa-bisa basa lan budaya iki bakal ilang sairing karo perkembangan jaman. Mula, sinau basa Jawa ora mung kanggo komunikasi, nanging uga kanggo nglestarekake budaya.

artikel kasebut kalebu jinis artikel ......

a)

Kabudayaan

b)

Sekolah

c)

Pendhidhikan

d)

Ekonomi

e)

Kulawraga

17.

Yosep Bambang Margono, peneliti sastra dan budaya Jawa lulusan The Universityof lowa, ing artikele "Donyane Wong Culika, Kita lan beban Sejarahe" nate ngandharake, tanpa ngurangi apresiasi marang kabeh sastrawan Jawa liyane kang wis ngupaya makarya nglairake lan nyipta karya kang "bermutu", mesthine awake dhewe melu bombong dene novel Donyane Wong Culika karyane Suparta Brata kuwi cetha-cetha wis ngangkat drajate sasra Jawa ing publik (internasional), saengga kita kabeh isih tresna lan duwe kawigaten marang Sastra Jawa bisa melu ngrasakake marem.

Pethilan teks kasebut ing sajroning artikel kalebu ......

a)

Isi

b)

Bukti

c)

Panemu

d)

katrangan

e)

cengkorongan

18.

Gatekna pethilan wacan ing ngisor iki.

Ora kalah wigati, kudu ngendhani papan kang kerep ana keluke rokok utawa knalpot kendharaan lan dijangkepi karo ngaso kang cukup. Yen luwih saka telung dina durung suda, utawa tambah nemen, prayogane priksa menyang dhokter. Ancase entuk pangusada kang trep lan luwih manjur.

Tembung wigati ing pethilan artikel kasebut duweni teges .....

a)

penting

b)

trep

c)

sae

d)

lara

e)

becik

19.

Jebul lomba-lomba kang saben wulan Aagustus kuwi ngemu teges kang aji gegayutan karo pangupayane bangsa Indonesia amrih bisa merdika, ora mung kanggo seneng-seneng wae. Sawise mangerteni kaya mengkono apa isih gumregah anggone melu lomba pitulasan? kang baku rasa sokur kang kudu di tengenake amarga saiki wis bisa ngrasakake kahanan merdika sakabehane.

Pethilan teks artikel kasebut kalebu ing perangan .....

a)

Isi

b)

Andharan

c)

Panutup

d)

Pambuka

e)

Opini

20.

Gatekna pethilan artikel ing ngisor iki !

Nyadran biasane dianakake kanggo nyambut wulan suci umat Islam. 

Nyadran asal saka basa Sansekerta, sraddha, sing teges kapercayan. Nyadran minangka tradhisi ngresiki kuburan dening masyarakat Jawa umume ing padesan. Ing basa Jawa, Nyadran asale saka tembung sadran kang tegese ruwah syakban. Nyadran minangka rerangkening kabudayan kang awujud reresik kuburan leluhur lan puncake ana ing slametan pahargyan ing kuburan leluhur. 

Nyadran iku salah siji prossi adat budaya Jawa awujud kagiyatan setaun sapisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik saran leluhur, mangsak panganan tertamtu kaya dn apem, ater-ater lan slametan utawa kenduri. 

Nyadran biasane dianakake sewulan sadurunge wulan pasa utawa tanggal 10 Rajab, utawa tanggal 15, 20 lan 23 Ruwah. Tujuane Nyadran yaiku kanggo ngurmati para leluhur lan ngucapake rasa syukur marang Gusti Allah. Nyadran wis dadi tradisi wong Jawa. 

Pethilan teks artikel ing ndhuwur klebu jinise artikel ......

a)

Agama

b)

kabudayan

c)

kulawarga

d)

olahraga

e)

sosial politik