Font size
WorksheetsUlangan bahasa jawa 1
Total questions: 20
Worksheet time: 14mins
Nares pancen priyayi kang senengane umuk lan sok keminter. Wiwit cilik uripe ana kutha, mula wis saempere manawa dheweke iku duweni pengalaman luwih tinimbang kanca-kancane kang urip ing padesan. Dhasar putrane lurah, mula uripe ora nate ngalami kecingkrangan, malah kepara turah-turah saben dinane.
Sawijining dina, Nares ketemu tepungan anyar kang aran Nobri kang didherekake Permadi. Nobri lan Permadi iku sejatine priyayi luhur kang nembe nyamar dadi kawula cilik. Mula nyandhang panganggone prasaja kaya wong padesan. Sajroning jejagongan, Nares semu ngremehake marang tepungane iku saka wong padesan.
Rampung jagongan ngalor ngidul bocah katelu mau krasa luwe. Banjur ngetokno buntelane dewe-dewe. Nares ngetokake buntelane kang isine sega campur sayur kangkung lan iwak tempe. Dene Nobri lan Permadi uga ngetokake buntelane. Nobri mbukak buntelane kang isine spageti, buwah anggur lan roti selai cokelat. Dene Permadi gawa bakso iwak tengiri lan salad buwah.
Barang ngerti buntelane Nobri lan Permadi, Nares banjur gedhek-gedhek kaget ora ketulungan. Jebul wong sing dikira luwih asor saka dheweke malah wong sugeh. Nares rumangsa kewirangan marang kanca anyare.
1. Kepiye watake Nares?
Aleman
Sareh
Umuk
Mbalela
Tembung "Umuk" tegese?
Seneng tetulung
Nggumunan
Omong ngayawara kang ora nyata
Ngapusinan supaya ketok pinter
Piwulang apa kang isa dijupuk saka cerita ing dhuwur?
Aja sok pinter, mundhak keblinger
Dadiya wong sing sugih supaya diajeni wong
Manuta marang kanca kang sugih, supaya diwenehi duit akeh
Sipat umuk kui wirange mburi, dadi aja sok pamer kaluwihan. Sapa reti wong liya luwih sekabihane tinimbang awak dhewe
Tegese tembung "Luhur" yaiku?
(a)
Tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung andhahan, kajaba...
Tulis
Mangan
Nyapu
Nulis
Tembung kang wis owah saka asale diarani...
Tembung Lingga
Tembung Andhahan
Tembung Rangkep
Tembung Camboran
Pangan, tulis, tuku, gawa iku tuladha tembung...
Lingga
Andhahan
Rangkep
Camboran
Nuku, mangan, mlaku kalebu tembung...
Lingga
Andhahan
Rangkep
Camboran
Linggane tembung "Nyathet" Yaiku...
(a)
Linggane tembung "Nyolong" yaiku
Colong
Cemolong
Dicolong
Colongan
Wulangreh tegese...
(a)
Basa kang digunakake ing serat Wulangreh yaiku...
Jawa asli
Jawa kuna
Jawa modern
Jawa ngoko
Kang nganggit serat wulangreh yaiku...
(a)
Cacahing wanda saben sagatra diarani...
(a)
Cacahing pada tembang pangkur ing serat Wulangreh yaiku...
16
17
18
19
Guru gatra tembang Pangkur ana...
(a)
Tegese tembung "karya" yaiku...
(a)
Tegese tembung "anendra" yaiku...
(a)
Guru lagu tembang pangkur yaiku...
a, i, u, a, u, a, i
a, a, u, a, u, a, i
a, i, a, a, u, a, i
a, i, u, a, a, a, i
Kepiye watake tembang pangkur...
Seneng
Bener
Kereng
Sareh
