WorksheetsLatihan PTS Basa Jawa Kelas 7
Total questions: 91
Worksheet time: 2hrs 10mins
Sebutkan Nama, Kelas, Nomor Absen (Contoh: Rustam, 7A, 16)
Unen unen kang dumadi saka rong ukara utawa patang ukara kang migunakake purwakanthi guru swara diarani....
Cangkriman
Parikan
Wangsalan
Sengkalan
Sawo kecik ditandur ing tengah latar,
Luwih becik kudu ulah ati sabar.
Parikan ana ing ndhuwur ngemu pitutur...
Kudu tumindak kanthi sabar
Ngajak nandur sawo ing latar
Sawo bisa gawe ati sabar
Wong kang sabar kudu nandur sawo kecik
Ngasah arit kudu landhep.
......
Larik isi kang trep kanggo parikan ing ndhuwur yaiku...
Dadi murid nganti tuwa
Dadi murid kudu pinter
Dadi murid kudu sregep
Dadi murid kudu bekti
Ukara kapisan saka parikan diarani...
Purwaka
Isi
Wasana
Parwaka
Manuk emprit, menclok godhong tebu
Dadi murid, sing sregep sinau.
parikan wonten ing nginggil kedadeyan saking pinten ukara?
Setunggal
Kalih
Tiga
Sekawan
Pitik blorok, manak siji
Jare kapok, malah ndadi
Parikan wonten ing nginggil kadadosan saking pinten wanda?
(2 wanda + 2 wanda) x 2
(4 wanda + 4 wanda) x 2
(6 wanda + 6 wanda) x 2
(8 wanda + 8 wanda) x 2
Ing ngisor iki endi parikan sing isine pitutur?
Dara mangan pari, durung bada wis nganyari
Manuk emprit nucuk pari, dadi murid sing taberi
Good morning selamat pagi, klambi kuning jenenge Ali
Jaran kore, tumpakane ki demang, marga kowe dheweke dadi gemang
Ajar kenal karo aku.
Supaya dadi parikan, purwaka kang pas kanggo ukara mau yaiku....
Semarang kaline banjir
Gunungkidul kaline jembar
Srayu ana banyumas
Kendal kaline wungu
Kembang menur, sinebar den awur-awur.
Yen wis makmur, aja lali mring .........
Tembung kang trep kanggo njangkepi parikan ing dhuwur yaiku...
Kanca
Wong tuwa
Sedulur
sanak kadang
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.
Isih murid aja seneng keceh .....
Tembung kang trep kanggo njangkepi parikan ana ing dhuwur yaiku...
Arta
Dhuwit
Toya
Banyu
Parikan : Abang-abang ora legi, tiwas dagang . . . .
mesti payu
ora lali
ora bathi
ora sugih
Ireng-ireng gorengan kopi, ....
Tembung sing mathuk kanggo nggenepi parikan ing dhuwur yaiku ....
Legi-legi rasane gula
Ati seneng juwara siji
Bocah cilik ajar ngaji
Ngenteni bocah sing keri
Parikan kanti paugeran (4 wanda + 6 wanda) x2
ana gajah ngidak pari
ana bocah ora duwe wedi
tuku klasa ning warunge Imah
wedi dosa ayo ngibadah
lunga pasar tuku gula Jawa
ayo ajar basa Jawa
Gula Jawa rasane kok legi
dadi siswa kudu sing gemati
Kang diarani purwakanthi guru swara/lagu yaiku tetembungan kang runtut ing...
tulisane utawa sastrane
tembunge
aksara vokale
aksara konsonane
Isa gambang ora isa nyuling
.................................................
Isa ngendang ora isa nyanting
Isa nyawang ora isa nyanding
Isa ngomong ora isa aweh tuladha
Isa ngarang ora isa mangsuline
Wajik kletik gula Jawa, luwih.....sing .....
apik, bagya mulya
dhisik, aja sulaja
becik, prasaja
gasik, sembrana
Numpak andhong sakdhokare,...
gotong-royong ro kancane
najan gosong enak rasane
kursine kosong ro mejane
kulite gosong kakehan dhedhe
Sawo kecik ditandur ing tengah latar,
Luwih becik kudu ulah ati sabar.
Parikan ana ing ndhuwur ngemu pitutur...
Kudu tumindak kanthi sabar
Ngajak nandur sawo ing latar
Sawo bisa gawe ati sabar
Wong kang sabar kudu nandur sawo kecik
Gula Jawa rasane legi
mring wong tuwa kudu bekti
Parikan kasebut isi ....
pitutur
lelucon
pitakon
sindiran
Ganepana parikan iki!
Tuku klambi ing pasar Sleman
.....................................................
sapa teliti bakal seneng
wong setiti kajeng kengingan
aku lali amarga dolan ing kebon
digemateni malah ora dadi karepe
Tembung lingga yaiku ....
Tembung sing wis owah saka asale
Tembung sing durung owah saka asale
Tembung sing oleh seselan
Tembung sing durung oleh seselan
Tuladhane tembung lingga yaiku ....
Tangis
Nangis
Ditangisi
Ditangis
Tembung andhahan yaiku ....
Tembung sing nggunakake tembung panguwuh
Tembung sing kacambor
Tembung sing wis owah saka asale
Tembung sing durung owah saka asale
Tembung lingga bisa dadi tembung andhahan amarga oleh ....
Wuwuhan
Seselan
Kacambor
Kabeh wangsulan bener
Tembung "sapu" yen oleh ater- ater anuswara owah dadi ....
disapu
koksapu
nyapu
sapu- sapu
Tembung "gumebyar" kadhapuk saka tembung ....
gu- + mebyar
gu- + -me- + -byar
gebyar+ -um-
gebyar- gebyar
Tembung "mlayu" yen oleh pangrimbag dwi lingga salin swara dadi ....
mlayu- mlayu
mloya- mlayu
playon
ployan- playon
Tembung- tembung iki sing oleh ater- ater tri purusa yaiku ....
dipangan, turu, ngombe
adus, dipakani, digambar
dakgawa, koktuku, disilih
omah- omah, nagasari, lir- ilir
Klambiku keciliken mulane wis ora sedheng dienggo.
Tembung lingga ing ukara mau yaiku ....
klambiku
keciliken
mulane
sedheng
Klambiku keciliken mulane wis ora sedheng dienggo.
Tembung andhahan ing ukara mau kaya sing kasebut ing ngisor iki, kajaba / kecuali ...
klambiku
keciliken
mulane
sedheng
Klambiku keciliken mulane wis ora sedheng dienggo.
Tembung andhahan ing ukara mau amarga diwenehi wuwuhan ater-ater yaiku ana ing tembung ....
klambiku
keciliken
mulane
dienggo
Bola-bali wis dakkandhani aja sembrono, kok ya panggah koklakoni !
Tembung rangkep ing ukara mau yaiku ....
Bola-bali
dakkandhani
koklakoni
sembrono
Bola-bali wis dakkandhani aja sembrono, kok ya panggah koklakoni !
Tembung rangkep ing ukara mau jinise ....
dwilingga wantah
dwilingga salin swara
dwiwasana
dwipurwa
Simbah tindak didherekake putune.
Tembung andhahan sing entuk wuwuhan ater-ater lan panambang yaiku ....
simbah
tindak
didherekake
putune
Malming ngene iki penake dolan menyang warkop, sanajan lagi thongpes sing penting seneng.
Tembung andhahan amarga dicambor kaya sing disebutake ing ngisor iki, kajaba ....
malming
warkop
thongpes
seneng
Malming ngene iki penake dolan menyang warkop, sanajan lagi thongpes sing penting seneng.
Tembung Camboran ing ukara mau jinise ...
camboran utuh
camboran tugel
dwiwasana
dwipurwa
Malming ngene iki penake dolan menyang warkop, sanajan lagi thongpes sing penting bisa nyruput kopi tubruk.
Tembung Camboran sing tegese ora duwe dhuwit yaiku ....
Malming
warkop
thongpes
kopi tubruk
Malming ngene iki penake dolan menyang warkop, sanajan lagi thongpes sing penting bisa nyruput kopi tubruk.
Sing kalebu tuladhane camboran utuh yaiku ....
Malming
warkop
thongpes
kopi tubruk
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon.
Guru gatrane tembang ing dhuwur , ana pira?
4 gatra
5 gatra
6 gatra
7 gatra
Sekar gambuh ping catur. Tembung kang pungkasan iku tegese...
papat
lima
enem
pitu
Guru wilangan lan guru lagune gatra pungkasan tembang gambuh, yaiku...
7 u
10 u
8 u
8 o
Paugerane tembang gambuh yaiku...
7u-10u-12i-8u-8a
7u-10u-12i-8u-8o
7u-10u-12i-7u-8o
7u-10u-11i-8u-8o
Watake tembang gambuh gambuh yaiku...
kulina
grapyak
jumbuh
sereng
Serat wulangreh kaanggit dening...
Pakubuwana IV
Raden Mas Suwandi
Kraton Surakarta
Sri Sultan Hamengkubuwana X
Pupuh Gambuh ing Serat Wulangreh kedadeyan saka 17 pada. Pada jeneng liyane, yaiku...
bait/paragraf
ukara
alinea
baris
Tembang Gambuh kedadeyan saka 5 gatra. Tembung Gatra tegese padha karo...
baris/larik
paragraf
bait
ukara
"Sekar gambuh ping catur. Kang cinatur polah kang kalantur."
Tembung Sekar saka pethilan tembang Gambuh kasebut tegese....
kumbang
nembang
tembang
kembang
Cacahe tembang gambuh ing serat wulangreh yaiku...pada.
16 pada
17 pada
18 pada
19 pada
Pupuh Gambuh ing Serat Wulangreh kedadeyan saka 17 pada. Pada jeneng liyane, yaiku...
bait/paragraf
ukara
alinea
baris
Isi pupuh Gambuh pada 1 ing Serat Wulangreh yaiku ....
larangan marang manungsa nindakake setya marang pemimpin
l
arangan marang manungsa nindakake kabecikan/kebenaran
larangan marang manungsa supaya ora adigang, adigung, adiguna
larangan marang manungsa supaya dadi pemimpin kang adil
Piwulang kang bisa kajupuk saka pupuh gambuh pada 2 kasebut yaiku ....
kabeh tumindak kang ora jujur ndadekake sipat kang becik
yen ngomong kudu apa anane supaya bisa dipercaya dening wong liya
yen micara karo wong liya kudu nganggo unggah-ungguh kang trep
ngupayaa dadi wong becik kanthi micara kang alus lan alon
Yen awake dhewe tumindak ora jujur, wong liya bakal ....
tanggung jawab
nulungi
ora nggugu
ora percaya
Yen wis kadhung tumindak ora jujur bakal gawe ...
becik
cilaka
begja
eling
Kang diarani tembung saroja yaiku ....
tembung loro (2) kang padha tegese utawa meh padha tegese kang lumrah dianggo bebarengan
tembung-tembung sing nduweni teges podho
wuwuhan kang manggon ono ing sangarepe tembung lingga
tembung loro (2) utawa luwih sing dicambor (digandheng) dadi siji
Sawahe pak dhe ku gemah ripah loh jinawi. Tembung gemah ripah tegese...
subur
tentrem
makmur
kepenak
Lampu kamare Esa isih mekan, padahal wis padhang jingglang. Tembung padhang jingglang tegese ....
peteng banget
padang banget
panas banget
adem banget
Dadi bocah iku kudu duweni sifat kang gemi satiti. Tembung gemi satiti tegese....
boros
seneng nulung
hemat
seneng mangan
Lila nesu nganti raine Abang ....
Genepane tembung saroja kang di kandel i yaiku ....
mbranang
dedet
sulam
bundas
Tata ... iku kudu diwulangake marang bocah wiwit cilik. Genepane tembung saroja kang di kandel i yaiku ....
ashor
tentrem
sulam
krama
Ukara saking tembung kosok balen “gemi” seng bener yaiku ....
Adi kui bocah sing boros, senengane jajan ora gelem nyelengi
Azzam murid kang becik tur andhap ashor.
Fina iku bocah e grapyak mulo iku kancane akeh.
Cillo bungah banget amergo di tumbasno tas anyar.
Tembung kosok balen e peteng yaiku ....
adem
padang
panas
ongkep
Tembung ing sajrone geguritan bisa duwe teges ing ngisor iki, kajaba....
saroja
entar
lugu
gegambaran
Warga desa Mulyosari katon guyub....
seneng
rukun
bareng
asor
Pagaweyane Pak Makmur yen ing pasar pancen angkat...
barang
besi
junjung
angkat
Dadi bocah iku kudhu duwe watak kang andhap....
bawahe
pakewuh
rukun
asor
Kurawa iku duweni watak kang angkara...
murka
bawahe
suta
krama
Sepedahmu iku ditata ben aja malang...
tindih
batu
megung
jejer
Anake pak Karto dadi TNI katon gagah...
banget
wibawa
prakosa
tenan
Para warga kerja bakti kanthi rasa tulus...
kabeh
ikhlas
tuhu
suta
Kanggo menehi semangat pertandingan bal-balan para pemuda desa ngajak wadya...
tamune
kancane
balane
tanggane
Tembung sing tegese pada utawa meh padha dienggo bebarengan kanggo mbangetake...
andharan
pitakon
pakon
saroja
Desaku katon adem...
mamring
ayem
banget
ayem
Teks profil tokoh uga diarani teks biografi, teks kasebut kelebu teks....
Narasi
Persuasi
Deskripsi
Argumentasi
Sing diarani tokoh idhola yaiku ......
Tokoh sing kepingin disenengi wong
Tokoh sing durung tau dikenal wong
Sawijine tokoh sing paling digetingi
Sawijine tokoh sing paling digandrung
Teks sing nggambarake tokoh lan prastawa apa wae sing tau dialami dening tokoh kasebut diarani teks....
Cerita rakyat
Cerita cekak
Pewayangan
Profil tokoh
Saben-saben wong mesthi nduweni tokoh sing paling digandrungi, ing ngisor iki ciri-cirine wong sing nyenengi (ngidholakake) sawijine tokoh, kejaba .......
Tata carane tumidak, patrap, solah, serta apa wae tansah ditiru
Ing saben-saben kalodhangan tansah dicritakak marang wong liya
Saben dina mesthi ketemu lan rembugan ing sadhengah panggonan
Tokoh mau kaya-kaya dadi panutan, lan rumangsa duwe rasa tresna
Bagean teks sing isine ngenalake tokoh, umume ngandharake jeneng, papan kelairan, lan keluwargane, diarani....
Penutup
Prastawa
Orientasi
Reorientasi
Jroning teks profil tokoh ana rong macem tembung, salah sijine tembung sing isih asli lan durung owah saka asale diarani tembung......
Garba
Lingga
Andhahan
Camboran
Gatekna ukara ing ngisor iki!
“Mbak Eni nyapu latar kanthi resik”
Tembung linggane tembung ing dicap kandel yaiku......
Sapu
Nyapu
Kasapu
Disapu
Gatekake ukara-ukara ing ngisor iki!
1. Nak Hari sakniki kagungan putra pira ?
2. Lo, nak Rini olehe rawuh kapan ?
3. Aku nginiki wis rumangsa bungah wis diparingi kalonggaran wektu
Tekan ukara-ukara ing dhuwur ana tembung-tembung kang gawe ngoko alus, yaiku....
Sakniki, Putra, Rawuh
Sakniki, rawuh, diparingi
Kagungan, rawuh, bungah
Kagungan, rawuh, diparingi
Gatekake ukara ngoko alus ing ngisor iki!
esuk – Pak Camat – apa – ditimbali – mau – arep – ? – ya – diutus – Aku
Yen digawe ukara dadi....
Pak Camat ditimbali aku mau arep diutus ana apa ya?
Aku esuk mau ditimbali Pak Camat arep diutus apa ya?
Aku esuk mau diutus Pak Camat arep ditimbali apa ya?
Esuk Pak Camat apa ditimbali mau aku arep diutus ya?
Pak Usman ...... nalika prastawa “perobekan” gendera Landa abang putih biru engga kari abang putih ing Hotel Oranye Surabaya. Tembung sing cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg ing nduwur yaiku....
Ndelok
Mirsani
Nyawang
Nyekseni
Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!
Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing SukaBumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasin Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.
Babagan sing narik kawigaten tumrap tokoh Rafida yaiku....
Rafida pinter lan genius
Ing SD melbu kelas akselerasi
Prestasine Rafida ngetutake mbakyune
Umur 14 taun dadi mahasiswi kedokteran
Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!
Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing SukaBumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasin Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.
Tindak-tanduk sing pantes dituladha saka tokoh ing teks kasebut yaiku......
Kesadharan sinau dhewe
Mlebu kelas akselerasi
Isih enom dadi dokter
Prestasine
Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!
Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 Pamerintah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional.
Tembung lelabuhan tegese.....
Jasa
Modal
Andhil
Cita-cita
Tuladha ing ngisor iki sing nganggo basa ngoko alus yaiku.....
Mas Nardi sampun rawuh saking Surabaya
Kula diutus tumbas camilan dhateng warung
Sinten ingkang Sampiyan percados dados ketua kelas?
Panjenengan sesuk apa sida tindak menyang Lamongan
“ Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogjakarta tanggal 2 Mei 1889. Kagungan asma asli RM Suwardi Suryaningrat”. Ukara kasebut migunakake basa....
Krama lugu
Ngoko lugu
Krama alus
Ngoko alus
Gatekna ukara ing ngisor iki!
“ Paman lagi lunga menyang Solo”.
Yen digawe basa krama alus, ukara ing ndhuwur dadi.....
Paman lagi lunga tekan Solo
Paman lagi tindak dugi Solo
Paman tindak menyang Solo
Paman lunga ana ing Solo
Gatekake ukara ngoko alus ing ngisor iki!
esuk – Pak Camat – apa – ditimbali – mau – arep – ? – ya – diutus – Aku
Yen digawe ukara dadi....
Pak Camat ditimbali aku mau arep diutus ana apa ya?
Aku esuk mau ditimbali Pak Camat arep diutus apa ya?
Aku esuk mau diutus Pak Camat arep ditimbali apa ya?
Esuk Pak Camat apa ditimbali mau aku arep diutus ya?
Nggawa barang ana ing nduwur sirah diarani ...
Dipikul
Disunggi
Dikempit
Dicangking
