Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA BAB 1 DAN BAB 2 SEMESTER 1

Total questions: 30

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

Karangan kang nggambarake salah sawijining objek adhedasar kasil pengamatan, pangrasa, lan uga pengalaman diarani karangan ....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

eksposisi

d)

persuasi

2.

Ukara ing ngisor iki tuladhane teks pawarta wujud andharan ngenani kedadeane ....

a)

Gunung Kelud njeblug ing tanggal 14 pebruari 2014

b)

Jaman saiki udan panas ora pas wancine

c)

Banjir bandang wingi sore dinuga amarga alas kulon kae gundul

d)

Ibu seneng banget dina iki

3.

Gajah

Kagolong hewan sing gedhe

Duweni telale ukurane dawa

Kupinge loro ombo-ombo

Motone cilik tur sipit

Sikile cacahe papat

Buntute cendhak kopat kapit


Informasi ing dhuwur kelebu teks ....

a)

narasi

b)

persuasi

c)

dheskripsi

d)

pawarta

4.

Karangan sing isine ngajak utawa narik

kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca diarani ....

a)

teks narasi

b)

teks persuasi

c)

teks dheskripsi

d)

teks pawarta

5.

Teks ngenani fakta, ngandarake kedadean sing faktual iku termasuk titikane ....

a)

teks pawarta

b)

teks narasi

c)

teks dheskripsi

d)

teks persuasi

6.

Teks ngenani fakta, ngandarake kedadean sing faktual iku termasuk titikane ....

a)

teks pawarta

b)

teks narasi

c)

teks dheskripsi

d)

teks persuasi

7.

Ngopeni Banyu, Sumber Panguripan....

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang

segara, mulane segara dadi reged (tercemar). Supaya ora

kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit -witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.

a)

teks dheskripsi

b)

teks pawarta

c)

teks narasi

d)

teks persuasi

8.

Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ....


Ukara inti paragrap ing dhuwur kang bener yaiku ....

a)

ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen

b)

oksigen bisa nyehatake paru-paru

c)

tanduran kang mridhuksi oksigen

d)

panguripane ing ngendi wae mesthi mbutuhake oksigen

9.

Sing kalebu strukture teks narasi yaiku . . . .

a)

pambuka, isi lan panutup

b)

orientasi, narasi, lan resolusi

c)

orientasi, komplikasi, lan resolusi

d)

narasi, eksposisi, lan orientasi

10.

Panggonan kedadeyan sing diandarake jroning crita narasi diarani ....

a)

setting

b)

tema

c)

paraga

d)

amanat

11.

Perangan crita sing ngenalake para paraga (tokoh), wektu kedadeyan, lan papan panggenane diarani (a)  

12.

Perangane crita kang mujudake kepriye anggone ngudhari reribet jroning kedadeyan. Resolusi biasane mapan ing mburu diarani ....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

eksposisi

13.

Bocah-bocah lagi dolanan . . . .

a)

guyonan

b)

egrang

c)

delikan

d)

bethengan

14.

Pawarta kang diwartakake dening wong liya kanggo pamirsa lumantar swara langsung diarani ....

a)

wacan

b)

tulisan

c)

lisan

d)

gagasan

15.

Nulis pawarta iku kudu ana irah-irahan. Irah-irahan iku tegese ....

a)

isi

b)

judul

c)

pambuka

d)

panutup

16.

Titikane teks narasi yaiku . . . .​ (jawaban luwih soko siji)

a)

nyejekake rerangkene warta utawa kadadeyan

b)

nampilake sawijine paraga (tokoh) prastawa utawa kedadeyan

c)

latar (setting) digambarake secara urip lan rinci

d)

disajakake sajroning urutan wektu

17.

Kagiyatan kang ditindakake kanthi swara banter lan cetha diarani maca . . . .

a)

sajroning batin

b)

kanthi swara being (nyaring)

c)

ekstensif

d)

cepet

18.

Salah sijine titikane dheskripsi yaiku...

a)

Nggambarake kedadean kanthi cetha

b)

Isine mujudake asli laporan kegiyatan

c)

Nggambarake panyaruwe saka penulis

d)

Isine mujudake rerangkene cerita kang urut

19.

Perangan struktur teks narasi kang ngandharake ngenani prekara kang diadephi dening para paraga (tokoh) diarani . . . .

a)

pasulayan (komplikasi)

b)

pambuka (orientasi)

c)

koda

d)

resolusi

20.

Ciri-ciri teks pawarta kang becik yaiku . . . . ( jawaban luwih saka siji)

a)

isi pawartane bener-bener dumadi (nyata)

b)

kalebu prastawa arang dumadi (unik)

c)

kadadeyane wis suwe

d)

data kang diwartakake lengkap

21.

Pawongan kang gawe utawa golek warta diarani . . . .

(a)  

22.

Jodohne jenis-jenis pawarta !

a)

straight news

1.

wujudake pawarta (berita) langsung

b)

depth news

2.

pawarta kang jero banget

c)

investigatios news

3.

kang dirembakakake adhedhasar panaliten

d)

interpretative news

4.

dirembakakake kanthi panemu saka panulis

e)

opinion news

5.

ngenani panemune sawijine pawongan

23.

Jodohne unsur-unsur pambangun pawarta !

a)

what

1.

apa kang dumadi jero sawijine prastawa ?

b)

who

2.

sapa wae sing ana ing sajrone warta ?

c)

where

3.

ing ngendi dumadine prastawa iku ?

d)

when

4.

kapan dumadine ?

e)

why

5.

geneya prastawa iku dumadi ?

24.

Sing dudu termasuk unsur pertanyaan berita yaiku . . . .

a)

where

b)

why

c)

what

d)

way

25.

When iku nunjukake katerangan . . . .

a)

wektu

b)

paraga

c)

papan

d)

cara

26.

Gatekna pratelan ing ngisor iki !

(1) Pembukan sekolah anyar

(2) Kunjungan Presiden

(3) Crita objek wisata

(4) Kobongan

(5) Pengalaman pribadi

Kang kalebu pawarta crita katujokake nomer . . . .

a)

(1) lan (2)

b)

(2) lan (3)

c)

(3) lan (5)

d)

(4) lan (5)

27.

Ing ngisor kang kudu digatekake nalika nulis irah-irahan, kajaba . . . .

a)

ngedohi salah tafsir

b)

kudu nggambarake isine pawarta

c)

nganggo tembung kang angel

d)

nganggo ukara tanduk

28.

Teras kang tulisan inti saka kedadeyan pawarta kasebut teras . . . .

a)

deduktif

b)

induktif

c)

ringkasan

d)

kontras

29.

Adicara punika mapan ing Dhusun Rejodadi, ananging ugi karegengaken ing tigang dhusun sanesipun, inggih punika Dhusun Ongkobayan, Ngrepeh, sarta Tegal Ongkobayan.

Unsur pawarta kang katon ana ing ukara kasebut yaiku . . . .

a)

apa

b)

sapa

c)

ngapa

d)

ana ngendi

30.

Prastawa alam sing asring kedadeyan ing mangsa udan yaiku . . . .

a)

angin topan

b)

salju

c)

banjir

d)

gempa bumi