wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Daerah (Jawa)

Total questions: 10

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...

a)

Dhefinisi Umum

b)

Identifikasi

c)

Dheskripsi Bagean

d)

Dheskripsi Manfaat

2.

Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......

a)

Basa kang kulina digunakake ing karya sastra

b)

Basa Rinengga

c)

Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni

d)

Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna

3.

"Pakdhe bali saka Semarang numpak bis"


Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku....

a)

Pakdhe tindak dhateng Semarang nitih bis

b)

Pakdhe wangsul menyang Semarang numpak bis

c)

Pakdhe kondur dhateng Semarang nitih bis

d)

Pakdhe kondur saking Semarang nitih bis

4.

Ibu mundhut gilingan bumbu. Tembung gilingan tegese ….

a)

piranti/alat

b)

asal

c)

panggonan

d)

tindakan

e)

merk

5.

Pgelaran kethoprak umume nyeritakake cerita keratonan. Ragam basa sing digawe ing pagelaran kethoprak yaiku...

a)

krama ndesa

b)

ngoko

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

krama alus

6.

Hasna arep mangkat les privat. Olehe matur pamitan marang ibune yaiku …

a)

Bu, nyuwun pamit kula badhe bidhal les

b)

Bu, nyuwun pamit kula badhe tindak les

c)

Bu, nyuwun pamit kula badhe kesah les

d)

Bu, nyuwun pamit kula badhe jengkar les

7.

Esuk iku Faisal ngrasa wis ra kepenak awake. Mula Faisal enggal-enggal matur pak guru nyuwun idin/ijin arep menyang UKS arep nyuwun obat. Ature Faisal kang bener yaiku …

a)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula mundhut pamit badhe nyuwun obat ing UKS.

b)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit badhe nyuwun obat ing UKS.

c)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula jaluk pamit badhe nyuwun obat ing UKS.

d)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit arep jaluk obat ing UKS.

8.

Pak Sidik ___ kantor ___ mobil. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku …

a)

menyang, numpak

b)

tindak, numpak

c)

menyang, nitih

d)

tindak, nitih

9.

Minggu ngarep adhikmu miwiti PTS ing sekolahane, dheweke sumelang menawa ora bisa anggone nggarap. Kepriye anggonmu nyemangati adhikmu?

a)

Semangat dhik! Menawa kowe wis sinau lan dedonga muga-muga bisa anggone nggarap.

b)

Alhamdulillah yen kowe sumelang ora bisa nggarap.

c)

Sokor kowe dhik! PTS mesthi soale angel-angel.

d)

Makane sinau dhik! Ra dolanan HP wae.

10.

Kampung Sukuh arep nganakake latian karawitan, mula Pak RW nganakake rapat kang dirawuhi dening tamu undangan. Ing pakumpulan iku, Roni minangka wakil saka pemudha arep nyaruwe wangsulan saka Pak RW kang miturute Roni pamanggihe durung bener. Kepriye ature Roni kang becik nalika nyaruwe wangsulane Pak RW iku?

a)

Miturut kula pamanggihipun panjenengan sae Pak, ananging langkung sae malih menawi wekdal latianipun dalu kemawon.

b)

Miturut kula pamanggihipun panjenengan boten sae Pak, ingkang sae menika menawi latianipun saben dalu.

c)

Miturut kula pamanggihipun panjenengan sae Pak, sae malih wekdalipun latian bebas.

d)

Kula minangka wakil pemudha manut latianipun badhe wayah menapa kemawon.