wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH Bab 1 & 2 Kelas 8 Semester Ganjil

Total questions: 50

Worksheet time: 4hrs 10mins

Name
Class
Date
1.
a)

A

b)

B

c)

C

d)

D

2.

"Jaka.. Jaka, wis rampung aduse durung!."

"Durung Pakdhe, lha... cepet-cepet ana apa ta Pakdhe?" Saking Pakdhe Darsono wis anyel karo Jaka Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Jaka Bodho. Jaka Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok dheweke dikongkon cepet-cepet aduse. Bubar adus Jaka Bodho banjur nemoni Pakdhene sing tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.

Manut crita ing dhuwur, Jaka Bodho nduweni sifat... .

a)

minteri

b)

nengsemake

c)

ngguyokake

d)

ngayelake

3.

Tembung lingga kang antuk ater-ater anuswara (ang-, any-, am-, an- ).  Ana Ing basa Jawa diarani tembung ….

a)

lingga andhahan

b)

tanggap

c)

tanduk

d)

Dwiwasana

4.

Aku didhawuhi ibu (eter) adhiku menyang Taman Wisata Tirtanadi. Tembung sing ana ing jero kurung yen didadekake tembung tanduk kang mathuk dadi ... .

a)

diterake

b)

diteri

c)

ngeterake

d)

ngeteri

5.

Anoman mlumpat saka Gunung Maliawan. Perangan saka Gunung Maliawan iku nglungguhi gatra … .

a)

 jejer

b)

wasesa

c)

lesan

d)

katrangan

6.

Ana ing dina pancawara.

1. Pahing= jenar, 2. Pon  = palguna, 3. Wage= cemengan, 4. kliwon = kasih 5. Legi =  ....

Tembung kang trep kanggo njangkepi angka 5 yaiku ... .

a)

manis

b)

wilis

c)

seta

d)

hartati

7.

Yen dirunut saka caritaning legendha Gagak Rimang, tembung Gagak Rimang minangka jeneng apa? ….

a)

Terminal

b)

Radio 

c)

Jaran

d)

Lapangan

8.

Wekasane padha mangerteni sapa kang ana ing ngarepe kuwi yaiku Gusti Bupatine dhewe. Nalika Harya Penangsang  ndangu sapa kang kagungan jaran iki, sanalika dijawab bebarengan “ Punika Turangganipun Riman”.  Krungu jawaban  kaya mengkono iku Sang Adipati kalegan atine. Mula  jaran kang saiki dadi titihane iku diwenehi jeneng “GAGAK RIMAN”. Amarga jaran kasebut duwe ules ireng kaya manuk gagak lan sing  duwe Riman. Ana ing sabanjure nyebut gagak riman kuwi rada kangelan wekasane akeh kang nyebut “GAGAK RIMANG”.

Jaran kang dadi titihane Sang Adipati Haryo Penangsang diwenehi jeneng Gagak Rimang amarga ... .

a)

Jaran kasebut duwe ules putih kaya manuk gagak lan sing duwe Riman

b)

Jaran kasebut duwe ules ireng kaya manuk gagak lan sing duwe Siman

c)

Jaran kasebut duwe ules ireng kaya manuk gagak lan sing duwe Haryo Penangsang

d)

Jaran kasebut duwe ules ireng kaya manuk gagak lan sing duwe Riman

9.

Kocap kacarita nalika samono Harya Penangsang lan Patihe, kang asma Mentaun nembe bebadra (mlaku-mlaku) ana laladan Jipang-Panolan  ing sisih lor, ana ing satengahing ara-ara kang jembar lan nedheng-nendhenge thukul suket kang ijo, ing kono Harya Penangsang priksa ana sawijing jaran kang lagi nyenggut suket. Nyenggut tegese ...

a)

gawa

b)

mangan

c)

ngambus

d)

ngidaki

10.

Yen dirunut saka caritaning legenda asal-usule Cepu, tembung Cepu nduweni teges ...

a)

kena ing pupu

b)

mancep sepupu

c)

tumancep ing pupu

d)

ora mancep pupu

11.

Suwe saya suwe, anggone mimpin rakyat Jipang Panolan, saya ora karuwan. Pangeran Benawa saya degsura marang rakyat Jipang Panolan. Katitik saka anggone narik pajeg utawa upeti kang dhuwur banget lan ngabotake kawula cilik.

Adhedhasar pratelan iki Pangeran Benawa nduweni watak … .

a)

apikan

b)

wani/kendel

c)

adhap asor

d)

degsura

12.

Simbah saben esuk lan sore ngunjuk jamu kang rasane legi bratawali. Legi  bratawali  tegese ...

a)

legi banget     

b)

legi kaya bratawali     

c)

pait banget

d)

ora pait

13.

Si Kancil lagi wae ngombe ana kali, dumadaan ana baya nekani, mula Si Kancil banjur mencolot playune lonjong botor. Playune lonjong botor tegese ….

a)

gepeng banget

b)

banter banget

c)

rendhet banget

d)

kaya botor

14.
a)

A

b)

B

c)

C

d)

D

15.

Bu Ana ora budhal ing sekolahan amarga lagi lara. Ukara iki yen diowahi basa ngoko alus dadi … .

a)

Bu Ana boten tindak ing sekolahan amargi nembe gerah

b)

Bu Ana boten bidhal ing sekolahan amargi nembe sakit

c)

Bu Ana ora tindak ing sekolahan amarga lagi sakit

d)

Bu Ana ora tindak ing sekolahan amarga lagi gerah

16.

Cerkak utawa crita cekak mujudake salah siji asiling karya sastra Jawa kang awujud... .

a)

gancaran

b)

gurit

c)

tembang

d)

sandiwara

17.

Sing kalebu titikane cerkak kaya kasebut ing ngisor iki, kajaba... .

a)

wujud tulisane ringkes, padhet katimbnag karo crita novel

b)

dawane tulisan kurang luwih 10.000 tembung

c)

mbutuhake wektu suwe banget kanggo maca

d)

njupuk crita saka kahanan ing saben dina

18.

Sing kalebu titikane cerita legendha kaya kasebut ing ngisor iki, kajaba... .

a)

kedadeyan ing alam kanyatan lan kaya-kaya nyata anane

b)

paragane manungsa lan bangsa lelembut utawa gaib

c)

nyritakake asal usul dumadine papan panggonan

d)

njupuk crita saka kahanan ing saben dina

19.

Tuladha tembung tanduk kriya wantah ing ngisor iki yaiku... .

a)

nandur, nyapu, mbuntel

b)

nyilihi, makani, nyontoni

c)

nukokake, ninggalake, nguncalake

d)

tandur, sapu, pakan

20.

Tuladha tembung tanduk i kriya ing ngisor iki... .

a)

nyilih

b)

nyilihi

c)

nyilihake

d)

silih

21.

Tuladha tembung lingga ing ngisor iki... .

a)

nandur, nyapu

b)

niyilihi, makani

c)

ninggalake, nguncalake

d)

silih, sapu

22.

Pak Usada wis teka ing kelas nggawa buku. Ukara iki yen diowahi nganggo basa ngoko alus dadi... .

a)

Pak Usada sampun rawuh ing kelas nggawa buku

b)

Pak Usada wis rawuh ing kelas mbeta buku

c)

Pak Usada sampun dugi dateng kelas ngasta buku

d)

Pak Usada wis rawuh ing kelas ngasta buku

23.
a)

A

b)

B

c)

C

d)

D

24.
a)

A

b)

B

c)

C

d)

D

25.
a)

A

b)

B

c)

C

d)

D

26.

Sanepa ing ngisor iki golekna tegese

a)

banyune katon bening leri

1.

buthek banget

b)

awake kuru semangka

2.

lemu banget

c)

playune banter keong

3.

alon banget

d)

dedege dhuwur kencur

4.

endheg banget

e)

bobote abot kapuk

5.

entheng banget

27.

Arane dina saptawara

a)

Senin

1.

soma

b)

Selasa

2.

anggara

c)

Rabu

3.

buda

d)

Kamis

4.

respati

e)

Jumat

5.

sukra

28.

Sasi jawa kuwi cacahe ana 12. Coba saiki sebutna arane sasi jawa!

4 lines
29.

Owahana nganggo basa ngoko alus!

"Nalika David adus, bapak lagi wae teka saka kantor."

4 lines
30.

Sebutna bab-bab kang perlu digatekake nganggo ngetrapake unggah-ungguhing basa!

4 lines
31.

Sebutna arane Windu!

4 lines
32.

Bab apa wae kang kudu digatekake nalika arep maca cerkak! Sebutna!

4 lines
33.

Match the following

a)

Pancawara

1.

dina pasaran kang cacahe lima

b)

Saptawara

2.

dina kang cacahe pitu

c)

Petungan jawa

3.

ngrembug dina, pasaran, sasi, taun jawa

34.

Tuladha tembung tanduk

a)

Tanduk kriya wantah (TKW)

1.

mbantah, nyonto, njoged, nyetrika, nulis

b)

Tanduk i kriya (TKI)

2.

makani, ngresiki, nyaponi, mriksani

c)

Tanduk Ke Kriya (TKK)

3.

mbalekake, nyelehake

35.

Bab kang kudu digatekake kanggo ngetrapke unggah ungguh basa, kajaba... .

a)

Umur lan paprenah

b)

Drajad pangkat lan drajad semat

c)

Luhuring pribadi lan tetepangan

d)

kanca paseduluran

36.

Bab kang ora kudu digatekake nalika arep maca cerkak yaiku... .

a)

Vokal utawa pakecapan

b)

Gerak utawa mimik

c)

Komunikatif

d)

Busana

37.

Udhalen manut kalungguhane gatra

a)

Pak guru

1.

jejer

b)

lagi ngasta

2.

wasesa

c)

buku basa jawa kelas wolu

3.

lesan

38.

Udhalen manut kalungguhane gatra

a)

Bu Guru sing daleme beran

1.

jejer

b)

Nyerat

2.

wasesa

c)

Tembang gambuh

3.

lesan

d)

Wonten ing papan tulis

4.

katerangan

39.

Udhalen manut kalungguhane gatra

a)

Kanjeng Susuhunan Pakubuwono IV

1.

jejer

b)

nganggit/menciptakan

2.

wasesa

c)

serat Wulangreh

3.

lesan

d)

taun 1808 M

4.

katerangan

40.
a)

A

b)

B

c)

C

d)

D

41.

Perangan teks cerkak "Baskoro" kanggo pitakonan ing ngisor. 

Yen diarani kampungan utawa kurang gaul ketoke kok ora. Tumpakane wae Kawasaki Ninja 250. Ketoke dheweke kuwi anake wong sugih. Ketambahan pinter basket lan ngedram. Kegiyatan loro iku ing sekolahanku kagolong mewah. Dadi ora bener yen Baskoro diarani kampungan utawa ora gaul. Merga dheweke pinter basket. 

Manut crita ing dhuwur, kapinteran lan kaprigelane Baskoro yaiku... .

a)

pinter

b)

sugih

c)

ndhongkrak

d)

basket lan ngedram

42.

Perangan teks cerkak "Baskoro" kanggo pitakonan ing ngisor. 

Yen diarani kampungan utawa kurang gaul ketoke kok ora. Tumpakane wae Kawasaki Ninja 250. Ketoke dheweke kuwi anake wong sugih. Ketambahan pinter basket lan ngedram. Kegiyatan loro iku ing sekolahanku kagolong mewah. Dadi ora bener yen Baskoro diarani kampungan utawa ora gaul. Merga dheweke pinter basket. 

Baskoro arep ditokake saka sekolahane nanging bapak ibu guru rada kangelan, apa sebabe?

a)

Sekolah ora rumangsa kelangan Baskoro

b)

Sekolah rumangsa kapotangan budi marang wong tuwane Baskoro

c)

Sekolah isih mbutuhake kawasisane Baskoro

d)

Sekolah rumangsa mesakake wong tuwane Baskoro

43.

Kawasisane Baskoro ing babagan olahraga bas-ket pancen bisa diunggulake sekolah. Tembung kawasisane tegese.....

a)

kaluwihane

b)

kasugihane

c)

karaosane

d)

kapinterane

44.

Wacan utawa karangan kang isine kawruh lan informasi kang jelas, ringkes, dikantheni alesan saka panulise diarani karangan....

a)

eksposisi

b)

narasi

c)

dheskripsi

d)

persuasi

45.

Ing abad XVI Blora kabawah wewengkon kadipaten Jipang. Wektu iku Jipang isih kabawah Kasultanan Demak. Adipati Jipang sinebut Arya Penangsang kang kondhang aran Arya Jipang. Dene panguwasane nganti tekan Pati, Lasem, Blora, lan Jipang dhewe. Nanging sawise Jaka Tingkir (Sultan Hadiwijaya) nglenggahi dhampar Kasultanan Demak, punjering paprentahan kaboyong menyang....

a)

Mataram

b)

Pajang

c)

Yogyakarta

d)

Majapahit

46.

Pak Sujimin wis teka ing kelas nggawa buku. 

Ukara iki yen diowahi nganggo basa ngoko alus dadi....

a)

Pak Sujimin sampun rawuh ing kelas nggawa buku

b)

Pak Sujimin wis rawuh ing kelas mbeta buku

c)

Pak Sujimin sampun dugi dateng kelas ngasta buku

d)

Pak Sujimin wis rawuh ing kelas ngasta buku

47.

Murid siji kuwi ora ning kelas ya ora ning njaba, tansah muser wae. Polahe pancen anteng kitiran. Tembung anteng kitiran tegese... .

a)

anteng banget

b)

kalem banget

c)

kakehan polah

d)

ora tau polah

48.

Ing satengahing palagan resi Bisma dikrocok panah nagnti tatune arang kranjang. Apa tegese tatune arang kranjang.... .

a)

akeh banget

b)

sithik banget

c)

amba banget

d)

ciut banget

49.

Bubar adus Jaka Bodho banjur nemoni Pakdhene sing tengak-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.

Tembung thengak-thenguk tegese meh padha karo.... .

a)

mlaku

b)

lungguh

c)

mlayu

d)

ngadeg

50.

Bubar adus Jaka Bodho banjur nemoni Pakdhene sing tengak-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.

Tembung jagongan tegese meh padha karo.... .

a)

omong-omongan

b)

gegojekan

c)

tukaran

d)

seneng maido