wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ragam Basa X

Total questions: 40

Worksheet time: 1hrs 18mins

Name
Class
Date
1.

pranataning basa miturut lungguhe tata krama diarani ....

a)

unggah-ungguh

b)

tata krama

c)

paramasastra

d)

sopan-santun

e)

patrap

2.

pawongan iku bisa diarani duweni sopan santun menawa ....

a)

ngerti basa krama

b)

nindakake tata krama

c)

tumindake becik

d)

andhap asor

e)

tresna sapadha-padha

3.

ukara bisa diarani ngoko utawa krama iku gumantung saka ....

a)

sapa sing nggunakake

b)

basa kang tinulis

c)

pamilihing tembung

d)

adicarane

e)

tata kramane

4.

ing materi unggah ungguh basa, uga disinaoni bab leksikon. leksikon uga diarani ....

a)

ukara

b)

kosakata

c)

wanda

d)

tembung

e)

swara

5.

ing ngisor iki kang ora kalebu peranganing (bagian) leksikon adhedhasar wujude yaiku ....

a)

ngoko

b)

netral

c)

madya

d)

krama

e)

alus

6.

tembung-tembung kang ora duweni padanan tembung liya diarani leksikon ....

a)

netral

b)

biasa

c)

ngoko

d)

madya

e)

krama

7.

ing ngisor iki tuladha saka leksikon madya yaiku ....

a)

jarene

b)

ajeng

c)

ndherek

d)

tindak

e)

cariyos

8.

wujuding tembung kang digunakake mung kanggo O2 lan O3 yaiku ....

a)

kramantara

b)

krama andhap

c)

krama inggil

d)

krama madya

e)

krama desa

9.

jinising tembung kang digunakake kanggo ngurmati mitra wicara kanthi cara ngasorake awake dhewe yaiku leksikon ....

a)

kramantara

b)

krama madya

c)

krama inggil

d)

krama andhap

e)

krama desa

10.

leksikon adhedhasar maknane bisa kaperang dadi papat, kajaba ....

a)

alus

b)

biasa

c)

kasar

d)

rinengga

e)

madya

11.

kanggo mbedakake antarane tembung ngoko lan krama, bisa dimangerteni saka tandhane. ing ngisor iki kang kalebu penanda leksikon dudu morfologis yaiku ....

a)

owahing swara

b)

wuwuhan

c)

ater-ater

d)

seselan

e)

panambang

12.

miturut wujude (secara umum) unggah ungguh basa iku kaperang dadi ....

a)

madya - krama

b)

ngoko - krama

c)

ngoko lugu - krama lugu

d)

ngoko alus- krama alus

e)

basa krama - basa antya

13.

wujud unggah-ungguh basa kang dumadi saka tembung-tembung ngoko kang ora ana kramane diarani ...

a)

ngoko madya

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko biasa

e)

ngoko kasar

14.

wujud undha usuking basa kang dumadi saka tembung ngoko lan ana kramane (1-2 tembung) diarani ....

a)

krama andhap

b)

krama madya

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

krama desa

15.

sajroning ragam ngoko alus, biasane tembung kang dikramakake iku winates (hanya terbatas) ana ing tembung ...

a)

Sesulih

b)

sipat

c)

kaanan

d)

kriya

e)

pitakon

16.

ing ngisor iki kang perlu digatekake nalika ngowahi (merubah) ukara saka wujud ngoko dadi ngoko alus, kajaba ...

a)

wuwuhan tembung diganti krama

b)

tembung sesulih diganti krama

c)

tembung kriya diganti krama

d)

tembung aran diganti krama

e)

wuwuhan ngoko ajeg

17.

wujud unggah ungguh basa kang dumadi saka leksikon krama, nanging ketambahan madya lan wuwuhan ngoko diarani ....

a)

kramantara

b)

krama lugu

c)

krama inggil

d)

krama andhap

e)

ngoko alus

18.

wujud unggah ungguhing basa kang dumadi saka leksikon inti krama, krama inggil, lan krama andhap diarani ....

a)

krama madya

b)

krama lugu

c)

krama alus

d)

krama andhap

e)

krama inggil

19.

nalika arep ngowahi ukara saka ragam krama lugu dadi krama alus, kudu nggatekake bab ing ngisor iki kajaba ....

a)

leksikon madya diowahi dadi krama

b)

kanggo wong liya nganggo krama inggil

c)

kanggo awake dhewe nggunakake krama andhap

d)

wuwuhan/imbuhan ajeg

e)

leksikon netral ajeg

20.

salah sijine tandha kanggo nemtokake tembung ngoko lan krama yaiku owahe swara vokal (perubahan bunyi) ing tetembungan kasebut, tuladhane ....

a)

ampun - sampun

b)

suwara-suwanten

c)

pendhet - pundhut

d)

pamirsa - pamiyarsa

e)

wicara - wicanten

21.

"menawi mekaten, mbenjing kula kemawon ingkang .... dhateng dalem panjenengan".

tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ksebut yaiku ....

a)

sowan

b)

mara

c)

dolan

d)

rawuh

e)

dugi

22.

tembung lunga, mangan, turu, lan mati, miturut maknane iku kalebu leksikon ....

a)

alus

b)

biasa

c)

kasar

d)

kawi

e)

ngoko

23.

ragam basa kang digunakake dening pak lurah nalika guneman karo sesepuh ing dhusun becike nggunakake ragam basa ....

a)

ngoko alus

b)

krama madya

c)

krama alus

d)

ngoko lugu

e)

krama desa

24.

nalika aku lagi nyritakake lelakone uripku marang kancaku, lumrahe nggunakake ragam basa ....

a)

krama lugu

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

e)

krama madya

25.

"aku mengko arep nyuwun dhuwit marang ibu kanggo tuku buku tulis"

ukara kasebut nggunakake ragam basa ....

a)

krama alus

b)

krama lugu

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

26.

"rani kuwi bocahe pancen pinter tur ayu sisan, mula akeh bocah lanang kang padha ngesir dheweke"

ukara kesebut nggunakake ragam basa ...

a)

krama alus

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

ngoko lugu

27.

ing ngisor iki ukara kang nggunakake ragam ngoko alus yaiku ....

a)

pesenan kula dadose benjing napa

b)

sampeyan napa siyos tindak kempalan?

c)

sepatu warna soklat puniki kagunganipun sinten

d)

aku wegah yen dikongkon ngeterake menyang solo

e)

menteri sing anyar kae asmane sapa ta?

28.

"buku niki badhe kula kirimke dhateng kanca dosen ing solo"

ukara kasebut ngginakake ragam basa ....

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

krama andhap

d)

krama inggil

e)

ngoko alus

29.

"mbenjing kula sakulawarga ajeng sowan teng daleme simbah ing purwokerto"

ukara kasebut nggunakake ragam basa ....

a)

krama alus

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

ngoko lugu

e)

krama andhap

30.

"ibu tindak dhateng pasar badhe .... menapa? kok mboten nimbali kula mawon, kula ugi badhe .... buku gambar"

a)

tumbas - mundhut

b)

tumbas - tuku

c)

mundhut - tuku

d)

mundhut - tumbas

e)

pados - ningali

31.

A. .......

B. "lha kuwi sing aku ora ngerti Sur"

a)

"lha pak Joko ketemu kowe ora ngendika apa-apa?"

b)

"lha pak Joko ketemu kowe ora ngomong apa-apa?"

32.

A. "ngapunten mbak, kula pareng lenggah ngriki?"

B. " ......"

a)

"ya mas mangga yen arep linggih ngriki"

b)

"nggih mas mangga yen badhe lenggah ngriki"

33.

A. "nang lungguha kene, bapak arep ngendikan karo kowe babagan sekolah lan gegayuhanmu mbesuk"

B. ......

a)

"nggih pak, kula mirengaken"

b)

"nggih pak, kula midhangetaken"

34.

A. "gegayuhan iku bisa diarani cita-cita. apa kowe wis nduwe cita-cita le, lan apa gegayuhanmu?

B .....

a)

"o nggih pak, temtu kula kagungan gegayuhan, kula kepengen dados dokter pak"

b)

"o nggih pak, temtu kula gadhah gegayuhan, kula kepengen dados dokter pak"

35.

A. Panjenengan ngasta menapa kok kadosipun awrat sanget?

B. Kula ... gendhis niki nembe tumbas wonten wande.

a)

ngasta

b)

mbekta

c)

nggawa

d)

mundhut

36.

Ahmad : ”Kula nuwun.....”

Pakdhe : ”Mangga....., we lha nak Ahmad. Mangga-mangga, kene Nak lenggah kene.

Ahmad : ”Inggih Pakdhe matur nuwun.”

Pakdhe : ”Iki kok njanur gunung, kadingaren Nak Ahmad tekan kene, ana perlune

apa mung dolan wae?

basa ingkkang digunakake Pakdhe yaiku...

a)

Krama alus

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Ngoko lugu

e)

Madya

37.

Unggah-ungguhing basa kang digunakake dening sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajat pangkate yaiku ...

a)

ngoko

b)

krama

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

krama alus

38.

“panjenengan .... dinten menapa? kula .... kala wingi sonten”. Tembung kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing ukara kasebut yaiku ...

a)

Dugi – rawuh

b)

dugi - dhateng

c)

rawuh-sowan

d)

dhateng - teka

e)

rawuh- dugi

39.

“tulung aku mengko tukokna lurik ing pasar legi ya”. Ukara kasebut menawa didadekake krama alus yaiku ...

a)

Nyuwun tulung kula mangke panjenengan tumbasaken lurik ing peken legi nggih

b)

Nyuwun tulung kula tumbasaken rasukan ing pasar legi nggih

c)

Nyuwun tulung kula mangke tumbaske lurik ing pasar legi nggih

d)

Nyuwun tulung kula mangke pundhutaken lurik ing peken legi nggih

e)

Nyuwun tulung kula pundhutaken lurik ing peken legi nggih

40.

Bakul  : Mase niki dhahare kalih napa?

Wong tuku  : Sekul pecel mawon, lawuhe tahu tempe.

Wingi bakda, inggih wangsul ngetan Yu?

Bakul : enggih Mase, ning namung sekedhap. Jane enggih ajeng radi dangu, ning pripun yen kedangon onten ngomah mangke kendhile ngglempang.

Wong tuku : lho napa boten panen?

Bakul  : wah panen pripun ta mas, wong parine dipangani tikus. Turahane ajeng ngge nyarutang mawon kirang.

Unggah-ungguh kang digunakake dening paraga ing dhuwur yaiku ....

a)

Ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama desa

e)

krama alus