wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

REMIDI UTS X (ARTIKEL)

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Gatekna pethilan teks ing ngisor!

Saya akeh awake dhewe nggunakake tisu lan kertas, sangsaya akeh wit sing ditegor kanggo bahan prodhuksi. Bisa dibayangke menawa saben wong luwih tliti mriksa tulisan ing kertas sadurunge dicithak tamtu bisa luwih nyuda panganggone kertas. Kanthi nyuda nganggo kertas, bisa nyuda wit-witan sing ditegor kanggo bahan prodhuksi. Saengga saya akeh wit sing ana, sangsaya akeh karbondioksia kang bisa disedhot dening wit- witan kasebut.

Pethilan teks ing dhuwur klebu ing perangan....

a)

irah-irahan

b)

isi

c)

andharan topik

d)

pambuka

e)

panutup

2.

Artikel kang surasane mbabarake kawruh babagan samubarang prakara kanthi nyawisake panyengkuyung awujud bukti, tuladha, apadene alesan kang tinemu nalar saengga mundhak kawruhe pamaca diarani artikel ....

a)

Argumentasi

b)

Narasi

c)

Deskripsi

d)

Eksposisi

e)

Persuasi

3.

Gatekna wacan iki!

Sampah isih dadi underaning prakara ing negara iki. Sampah sing dikasilake saben dina luwih dhuwur tinimbang upaya kanggo nyuda. Sampah pomahan lan indhustri dadi pehak sing nyumbang paling gedhe sampah domestik sing ing jerone uga ngandhut sisa tekstil utawa klambi.

Kahanan sampah tekstil ing lingkungan kasebut jalari kadang kanoman ing Desa Dawarblandong, Kabupaten Mojokerto melu ing lembaga sosial Damar nglumpukake klambi bekas ing masarakat. Klambi sing isih patut dianggo banjur diadol maneh marang masarakat sing butuhake kanthi mbayar saeklase.

Data Kementerian Lingkungan Hidup taun 2018 nuduhake menawa tumpukan sampah ing Indonesia nganti 65,79 ton klebu sampah tekstil. Miturut The Sustainable Fashion Forum, taun 2030 konsumsi klambi bakal mundhak nganti 63%, saka 62 yuta dadi 102 yuta ton. Indhustri mode sacara global uga nyumbang kurang luwih 10% saka total emisi karbon donya lan 20% saka limbah banyu donya.

Pehak saka Komunitas Nol Sampah Surabaya ngandharake menawa ora mung sampah plastik, klambi bekas uga bisa dadi jalaran dadi sampah sing bisa ngrusak lingkungan. Masarakat kudu mangerteni anane klambi saka prosese gawe wis gawe pangaribawa tumrap lestarine lingkungan. Wiwit saka bahan lan sarana kanggo menehi werna wis dadi jalaran pencemaran lingkungan.

Ing prosese tekstil kerep nggunakake pewarna sintetis sing ngandhut logam, kayata chromium. Panaliten sing wis tau dilaksanakake, logam chromium akeh ditemokake ing limbah cair indhustri bathik. Jinis logam iki uga ditemokake ing indhustri tekstil sacara umum. Menawa ora diolah kanthi cara lan proses sing bener, wusanane bakal mbebayani kauripan manungsa ing sakupenge.

Katrangan ukara kang ora trep karo surasane teks ing dhuwur yaiku ….

a)

Kadang kanoman ing Desa Dawarblandong, Kabupaten Mojokerto melu lembaga sosial Damar nglumpukake klambi bekas sing isih patut dianggo.

b)

Klambi bekas uga melu dadi pangaribawa tambahe sampah sing bisa ngrusak lingkungan.

c)

Adhedhasar panemu kang diandharake The Sustainable Fashion Forum, ing taun 2030 konsumsi klambi bakal mundhak nganti 50%, saka 60 yuta dadi 120 yuta.

d)

Klambi kang isih patut dianggo banjur diadol ing masarakat kanthi bayaran saeklase.

e)

Sampah pomahan lan indhustri minangka pehak kang menehi pisumbang gedhe marang sampah domestik.

4.

Gatekna wacan iki!

Sampah isih dadi underaning prakara ing negara iki. Sampah sing dikasilake saben dina luwih dhuwur tinimbang upaya kanggo nyuda. Sampah pomahan lan indhustri dadi pehak sing nyumbang paling gedhe sampah domestik sing ing jerone uga ngandhut sisa tekstil utawa klambi.

Kahanan sampah tekstil ing lingkungan kasebut jalari kadang kanoman ing Desa Dawarblandong, Kabupaten Mojokerto melu ing lembaga sosial Damar nglumpukake klambi bekas ing masarakat. Klambi sing isih patut dianggo banjur diadol maneh marang masarakat sing butuhake kanthi mbayar saeklase.

Data Kementerian Lingkungan Hidup taun 2018 nuduhake menawa tumpukan sampah ing Indonesia nganti 65,79 ton klebu sampah tekstil. Miturut The Sustainable Fashion Forum, taun 2030 konsumsi klambi bakal mundhak nganti 63%, saka 62 yuta dadi 102 yuta ton. Indhustri mode sacara global uga nyumbang kurang luwih 10% saka total emisi karbon donya lan 20% saka limbah banyu donya.

Pehak saka Komunitas Nol Sampah Surabaya ngandharake menawa ora mung sampah plastik, klambi bekas uga bisa dadi jalaran dadi sampah sing bisa ngrusak lingkungan. Masarakat kudu mangerteni anane klambi saka prosese gawe wis gawe pangaribawa tumrap lestarine lingkungan. Wiwit saka bahan lan sarana kanggo menehi werna wis dadi jalaran pencemaran lingkungan.

Ing prosese tekstil kerep nggunakake pewarna sintetis sing ngandhut logam, kayata chromium. Panaliten sing wis tau dilaksanakake, logam chromium akeh ditemokake ing limbah cair indhustri bathik. Jinis logam iki uga ditemokake ing indhustri tekstil sacara umum. Menawa ora diolah kanthi cara lan proses sing bener, wusanane bakal mbebayani kauripan manungsa ing sakupenge.

Paragrap kapisan teks kasebut klebu perangan teks artikel sing diarani ...

a)

Pambuka

b)

Isi

c)

Ancas Panulisan

d)

Panutup

e)

Dudutan

5.

Gunggunging sampah adhedhasar data Kementerian Lingkungan Hidup taun 2018 yaiku ...

a)

62 yuta ton

b)

65,79 ton

c)

102 yuta ton

d)

67,59 ton

e)

56,79 ton

6.

Ora klebu tata cara nindakake analisis tumrap teks artikel yaiku....

a)

papan panggonan dumadine

b)

irah-irahan artikel

c)

swasana

d)

asmane panulis artikel

e)

medhia kang digunakake

7.

Babagan kang kapisan ditindakake nalika nulis artikel yaiku....

a)

ngrembakakake cengkorongan migunakake ukara panjelas

b)

nulis perangan kang mligi

c)

nemtokake tema

d)

golek data kang magepokan karo tema

e)

nemtokake katrangan umum

8.

Sawijining artikel kawangun saka pirang-pirang paragrap kang sinambungan lan nyengkuyung tema. Saka dawane wacan artikel kasebut bisa diringkes lan dicekakake migunakake basane dhewe, nanging ana babagan sing ora kena dilirwakake. Babagan sing dikarepake yaiku ...

a)

ukara panjelas

b)

gunggunging kaca

c)

isi pokok wacan

d)

kaendahane basa sajroning wacan

e)

pambukane wacan

9.

Artikel mujudake gancaran kang surasane medhar panemu kinanthenan data kanggo nyengkuyung. Gunggunging tembung kang ndhapuk artikel yaiku....

a)

500 nganti 5.000 tembung

b)

400 nganti 5.000 tembung

c)

300 nganti 1.000 tembung

d)

300 nganti 5.000 tembung

e)

500 nganti 10.000 tembung

10.

Ing ngisor iki kang ora klebu jinis artikel adhedhasar ancase yaiku ....

a)

artikel eksposisi

b)

artikel deskripsi

c)

artikel narasi

d)

artikel argumentasi

e)

artikel ilmiah

11.

Artikel minangka wujud gancaran kang ngemu ancas kanggo medharake panemu apadene asil pamikiran kanthi ilmiah. Saben teks duweni struktur sing mangun ing jerone. Artikel uga kawangun saka saperangan struktur, yaiku …

a)

tema

b)

irah-irahan

c)

pambuka

d)

isi

e)

panutup

12.

Artikel duweni saperangan titikan kang bisa kanggo mbedakake karo jinis teks liyane. Sing dadi titikane artikel yaiku …

a)

Surasane artikel dawa lan ngayawara

b)

Surasane teks artikel mligi panemune panulis tanpa linandhesan bukti kanggo nyatakake

c)

Artikel katulis kanthi sistematis manut urutan struktur

d)

Sawijining artikel bisa katulis migunakake basa resmi utawa ora resmi

e)

Cekak aos, padhet, lan cetha

13.

Adhedhasar isi lan cara, wujud artikel kaperang dadi papat, yaiku …

a)

Artikel Praktis

b)

Artikel Narasi

c)

Artikel Ringan

d)

Artikel Opini

e)

Artikel Ilmiah

14.

Irah-irahan minangka babagan kapisan sing diwaca dening pamaca artikel. Mula panulisan ukara kanggo irah-irahan prayogane ….

a)

ngayawara

b)

cekak aos

c)

fiktif

d)

becik

e)

narik kawigaten

15.

Perangan panutup ing artikel mujudake simpulan utawa dudutan. Babagan panutup mujudake ukara kunci sing ngrangkum andharan kanthi …

a)

ringkes

b)

padhet

c)

dawa

d)

rowa

e)

cetha

16.

Sajroning artikel kawedhar panemu utawa gagasan babagan sawijining kedadeyan nganti panyaruwe tumrap kahanan kang ngrembaka ing masarakat katulis kanthi migunakake basa kang ilmiah. Adhedhasar tujuwan utawa ancase, artikel kaperang dadi limang jinis, yaiku ...

a)

artikel dheskripsi

b)

artikel narasi

c)

artikel opini

d)

artikel eksposisi

e)

artikel persuasi

17.

Ngringkes iku nyekakake wacan tanpa ngilangi sing dadi gagasan pokok sawijining wacan migunakake basane dhewe sing gampang dimangerteni. Babagan kang kudu digatekake nalika ngringkes yaiku ...

a)

Ditulis babagan dudutane wacan

b)

Isi wacan bisa dibedek saka irah-irahane

c)

Wacan diwaca kanthi titi supaya mangerteni isi wacan

d)

Nyathet babagan wigati sajroning wacan

e)

Pikiran pokok saben pada bisa urut

18.

Anggone nulis artikel kawiwitan saka tema utawa pokoking gagasan amrih artikel sing ditulis ora ngambra-ambra. Miturut gunggunging tembung, kang kalebu artikel yaiku ...

a)

200 tembung

b)

300 tembung

c)

700 tembung

d)

850 tembung

e)

10.000 tembung

19.

Amrih panulisane artikel bisa karantam kanthi becik, bab-bab kang kudu digatekake yaiku ...

a)

nemtokake tema

b)

nulis perangan kang mligi

c)

pada kapisan mujudake dudutan

d)

ngrembakake perangan kang mligi migunakake ukara panjelas sing cetha

e)

gawe kesimpulan

20.

Artikel ilmiah lumrahe ngemot lapuran kang sistematis ngenani sawijining asil panaliten sing migunakake basa baku lan ilmiah. Tuladha artikel ilmiah yaiku ….

a)

Parikan

b)

Skripsi

c)

Geguritan

d)

Tesis

e)

Disertasi

21.

Cocogna tembung utawa ukara kang kalebu struktur artikel lan tembung utawa ukara kang kalebu titikane artikel.

a)

Struktur Artikel

1.

Irah-irahan

b)

Titikane Artikel

2.

Faktual lan Informatif

c)

Struktur Artikel

3.

Pambuka

d)

Titikane Artikel

4.

Adhedhasar Data

e)

Struktur Artikel

5.

Isi

22.

Cocogna, kalebu wujude artikel utawa jinise artikel.

a)

Jinis Artikel

1.

Deskripsi

b)

Jinis Artikel

2.

Narasi

c)

Jinis Artikel

3.

Eksposisi

d)

Wujud Artikel

4.

Praktis

e)

Wujud Artikel

5.

Ringan

23.

Cocogna irah-irahan artikel iki karo jinis artikel.

a)

“Adat Slametan: Tradhisi Jawa kang Isih Ngrembaka”

1.

Artikel Deskripsi

b)

“Ayo Nguri-Uri Basa, Sastra, lan Budaya Jawa”

2.

Artikel Persuasi

c)

“Pentinge Basa Jawa Tumrap Pendhidhikan ing Sekolah”

3.

Artikel Argumentasi

24.

Cocogna irah-irahan artikel iki karo wujud artikel.

a)

“Analisis Pengaruh Teknologi marang Prestasi Siswa SMAN 1 Rejotangan”

1.

Artikel Ilmiah

b)

“Basa Jawa: Apa Mung Kanggo Wong Tuwa?”

2.

Artikel Opini

c)

"Analisis Panganggone Basa Jawa Sajroning Pacelathone Siswa SMAN 1 Rejotangan"

3.

Artikel Ilmiah

25.

Cocogna tembung iki manut undha usuke basa Jawa.

a)

Krama Lugu

1.

Nedha

b)

Krama Lugu

2.

Tilem

c)

Krama Alus

3.

Siram

d)

Krama Alus

4.

Kundur

e)

Krama Alus

5.

Sare