Font size
WorksheetsBAHASA JAWA 7
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Gunane kanggo
ngrimbag tembung lingga dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) yaiku ….
konfiks tripurusa -i/-I utawa tripurusa -/-ake
konfiks anuswara -i/-I utawa anuswara -/-ake
konfiks pa-/-an utawa pa-/-n
konfiks ka-/-an utawa ka-/-n
Gunane kanggo
ngrimbag tembung lingga dadi tembung kriya tanduk (kata kerja aktif) yaiku ….
konfiks tripurusa -i/-I utawa tripurusa
-/-ake
konfiks anuswara -i/-I utawa anuswara -/-ake
konfiks pa-/-an utawa pa-/-n
konfiks ka-/-an utawa ka-/-n
Jinise konfiks ing antarane yaiku ….
-in-, -um-, -el-, -er-
-a, -e, -en, -an, -ana, -ne, -na, -ku, -mu
m-, n-, ny-, ng-, da-, kok-, di-, sa-, pa-, pi-, pra-, tar-, ka-
anuswara/tripurusa (-/-i) utawa (-/-ake)
Wuwuhan gabungan antarane ater-ater lan panambang diarani ….
ater-ater (awalan)
seselan (sisipan)
panambang (akhiran)
konfiks (gabungan awalan lan akhiran)
Tembung lingga (bayar), tembung andhahan (bayaran), pangrimbage yaiku ….
bayar + en
bayar + an
bayar + na
bayar + i
Tembung lingga (tulis), tembung andhahan (tulisen), pangrimbage yaiku ….
tulis + en
tulis + ana
tulis + na
tulis + i
Wujude panambang ing antarane yaiku …
-in-, -um-, -el-, -er-
-a, -e, -en, -an, -ana, -ne, -na, -ku, -mu
m-, n-, ny-, ng-, da-, kok-, di-, sa-, pa-, pi-, pra-, tar-, ka-
anuswara/tripurusa (-/-i) utawa (-/-ake)
Wuwuhan sing ana ing saburine tembung diarani….
ater-ater (awalan)
seselan (sisipan)
panambang (akhiran)
konfiks (gabungan awalan lan akhiran)
Golekana tembung linggane (kata dasar) saka tembung andhahan ing ngisor iki! ~ karaharjan = ~ dicampurna = ~ digarapake =
(a)
Tembung ing ngisor iki oleh kang diwenehi seselan -er-, yaiku . . . . (jawaban luwih saka siji)
Grandhul
Crongot
Krelip
Tliti
Seselan (sisipan) iku imbuhan ing tengahing tembung. Ing ngisor iku kang kalebu seselan, yaiku . . . . (jawaban luwih saka siji)
sa-
-um-
-in-
-el-
Mayang (utus) Bu Guru maca tulisan Jawa. Tembung sajrone kurung kang bener, yaiku . . . . Kautus Diutus Dakutus Kokutus
Kautus
Diutus
Dakutus
Kokutus
Panambang yaiku imbuhan sing dununge ing buri tembung. Carane nulis disambung karo tembung lingga (kata dasar). Tembung ing ngisor iki kang diwenehi panambang, yaiku . . . . (jawaban luwih saka siji)
Ginambar
Udana
Tambani
Gawanen
Eyang Jono (unjuk) jamu beras kencur. Tembung unjuk benere . . . .
(a)
Tembung dijupuki minangka tembung kang wis diwenehi imbuhan . . . .
(a)
Tembung jaranan iku tembung kang diwenehi panambang . . . .
(a)
Sebutna 5 tuladhane ater-ater anuswara
Contoh ater ater anuswara
Nyapu
Tulis
Turu
Disapu
Gunane ater ater anuswara kanggo apa?
Tembung andhahan kuwi tembung apa?
Teks Dhèskriptif iku apa??
Jolen iku diarak ngubengi Desa Somangari kang sadurunge diwiwiti upacara ing ngarep pepundhen Desa Somangari yaiku Kedhana-Kedhini. Kabeh jolen sing digawe saben RT dikumpulake, yen wis kumpul didongani, tayuban sababak banjur jolen dipikul saperlu diarak mubeng desa kanthi diregengake kabeh kelompok seni, ana jaran kepang, incling, ndholalak, lan liya-liyane. Para warga desa nyandhang busana kejawen dene lurah desa nunggang jaran minangka tetungguling bergada. Sawise mubeng desa rampung, bali ing ngarep baledesa, jolen direbutake dening sing padha nonton.
Ing ngisor iki sing ora kalebu kelompok seni kang ngramekake adicara jolenan yaiku ....
jaran kepang
dolalak
angguk
incling
Jolen iku diarak ngubengi Desa Somangari kang sadurunge diwiwiti upacara ing ngarep pepundhen Desa Somangari yaiku Kedhana-Kedhini. Kabeh jolen sing digawe saben RT dikumpulake, yen wis kumpul didongani, tayuban sababak banjur jolen dipikul saperlu diarak mubeng desa kanthi diregengake kabeh kelompok seni, ana jaran kepang, incling, ndholalak, lan liya-liyane. Para warga desa nyandhang busana kejawen dene lurah desa nunggang jaran minangka tetungguling bergada. Sawise mubeng desa rampung, bali ing ngarep baledesa, jolen direbutake dening sing padha nonton.
Sinten ingkang ngregengaken adicara Jolenan?
Saben RT
Kedhana-Kedhini
Pegawe Bale Desa
Sedaya Kelompok Seni
Jolenan iku arane upacara merti desa saka asil tetanen. Dene jolen minangka piranti utawa papan kanggo nyelehake tumpeng, ingkung, jangan sawernane, lawuhan sarta sawernane pacitan. Jolen iku digawe saka pring kang digawe memper kranjang. Dhasare persegi papat diwenehi tutup saemper piramide. Kanggo rerenggan ing njaba ing antarane: rengginan, opak ( krupuk tela amba) kang maneka warna ditalini ing pring iratan banjur dituncep-tuncepake ing saubenge jolen.Kejaba kuwi uga ana kang karengga maneka warna asil alas kayata manggis, duren, gedhang, salak, tela sarta janganan mentah.Kabeh mau mengku karep yen Desa Somangari iku sugih asil bumi.
Pitakonan sing wangsulane jumbuh karo isine wacan ing dhuwur yaiku ....
Kados pundi wujudipun Jolenan?
Kadospundi wujudipun Jolen punika?
Sinten ingkang damel Jolenan?
Kapan Jolenan dipunangge rebatan?
Desa Somangari sawijining desa kang dumunung ing tlatah Kecamatan Kaligesing,Kabupaten Purworeio.udakara rong kilometer mangidul saka Kecamatan Kaligesing.Kalebu tlatah Pegunungan Menoreh kang kawentar asil manggis lan duren.Desa kasebut uga kondhang mengku sejarah Bangsa Indonesia yaiku anane priyayi pangripta lagu Kebangsaan Indonesia Raya yaiku Wage Rudolf Supratman kang miyos ing dhukuh Trembelang, Desa Somangari.
Ukara ing ngisor iki kang jumbuh karo isine teks ing dhuwur yaiku ...
Desa Somangari dumunung setunggal kilometer saking Kecamatan Kaligesing
Desa Somangari dumunung rong kilometer saka Kecamatan Purworejo
Wage Rudolf Supratman iku pahlawan saking Desa Kemanukan
Dhukuh Trembeleng mingka papan miyosipun pangripta lagu Kebangsaan Indonesia Raya WR Supratman
