Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

STS GANJIL 2024/2025 JAWA

Total questions: 20

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Kena apa lingkungan iku kudu sing resik?

a)

Amarga panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa

b)

Amarga saka lingkungan resik bisa ndadekakke urip sehat.

c)

Amarga wargane nduweni kebiyasaan becik

d)

Amarga kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri.

e)

Amarga wargane supaya ora kemroh

2.

Ukara kang nuduhake sifat ora resikan yaiku....

a)

Lingkungan sing kita panggoni bisa ndhukung lan nduweni pengaruh tumrap panguripane manungsa dhewe.

b)

wargane nduweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat.

c)

Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita.

d)

Lingkungan resik urip sehat nduweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat

e)

kita manggon ing warga kang nduweni pakulinan kemroh lan seneng omben-omben bab iki bakal nduweni pengaruh psikis lan mental kita

3.

Kepriye carane mujudake lingkungan omah supaya resik?

a)

Mbuwang sampah ing panggonan.

b)

Njaga lingkungan tetep teles lan garing.

c)

Tansah reresik omah, mbuwang sampah ing panggonan kang wis disiapake.

d)

Sampah dijarake numpuk lan kebak ing panggonane.

e)

Sampah nuwuhake ganda kang kurang enak lan diparani laler utawa coro.

4.

Panulise artikel manawa kaudhal manut Strukture yaiku ....

a)

Isi masalah, dudutan, irah-irahan

b)

Dudutan, isi lan masalah, irah-irahan

c)

Irah-irahan, Pambuka, panutup lan masalah

d)

Irah-irahan, Pambuka, isi lan panutup

e)

Pambuka, isi lan masalah, irah-irahan

5.

Sampah elektronik kudu diolah kanthi bener lan pamisahane komponen kudu diselektif kanthi bener. Amarga ana zat-zat sing mbebayani ing sajrone komponen elektronika sing mbutuhaken penanganan khusus lan ora bisa kacampur karo sampah liyane.

Ukara ing dhuwur cuplikan saka ..

a)

pambuka

b)

dudutan/panutup

c)

isi

d)

pambuka lan dudutan

e)

irah-irahan

6.

Artikel sing nengenake ing babagan katrampilan lan isine ngenani pituduh gawe utawa ngoperasikake samubarang diarani….

a)

Artikel Deskripsi

b)

Artikel Eksposisi

c)

Artikel Praktis

d)

Artikel Argumentasi

e)

Artikel Ringan

7.

Artikel sing isine gegayutan karo rerangkene kedadean sing dumadi ing sawijine wektu diarani artikel……

a)

Narasi

b)

Eksposisi

c)

Deskripsi

d)

Persuasi

e)

Argumentasi

8.

Ngringkes yaiku nyawisake wacan sing asale dawa dadi sethithik. Bab sing ora kena diilangake nalika ngringkes yaiku…

a)

Ukara panjelas wacan

b)

Kaendahan basa sajroning wacan

c)

Pambukaning wacan

d)

Pamawase pangarang

e)

Pokok isine wacan

9.

Artikel sing isine petungan utawa ramalan apa kang bakal dumadi ing mengkone miturut petungane panulise diarani.......

a)

Artikel eksploratip

b)

Artikel eksplanatip

c)

Artikel prespektip

d)

Artikel prediktip

e)

Artikel deskriptip

10.

Manfaat sing bisa dijupuk saka maca teks profil tokoh yaiku....

a)

Kanggo hiburan manah sing lagi susah

b)

Bisa nyonto tindak-tanduk lan gagasan sing bisa dituladha saka tokoh

c)

Bisa sinau sejarah sing kedadean ing jaman biyen

d)

Bisa mangerteni babagan sing bakal dumadi

e)

Bisa kanggo nggolek informasi kanggo paneliten

11.

Ing ngisor iki sing klebu ciri-iri utawa titikane artikel yaiku…..…

a)

Duweni sifat faktual lan inormatif

b)

Ditulis migunakake metode sistematis

c)

Migunakake majas lan basa rinegga

d)

Ditulis nganggo basa kang endah

e)

Bisa katulis nganggo basa resmi utawa ora resmi

12.

Nalika nulis artikel ana cara sing bisa dittindakake. Semana uga nalika arep gawe artikel prasaja ana carane. Ing ngisor iki sing klebu carane nulis artikkel yaiku…..

a)

Nemtokake tema sing arep ditulis

b)

Nulis perangan sing wigati

c)

Ukara panjlentreh miggunakake basa sing ngayawara supaya katon lengkap

d)

Golek data sing ana gegayutan karo tema

e)

Ing paragraf pungkasan ngandhut dudutan artikel

13.

Bab sing kudu digatekake nalika ngringkes artikel yaiku.. .

a)

Maca teks artikel kanti titi supaya mangerteni lan mahami isine

b)

Nyatet babagan sing penting sajerone teks

c)

Nyatet pikiran pokok saben paragraf kanti urut

d)

Golek katerangan latar belakang panulis artikel

e)

Ngembangake babagan sing penting nganggo basane dhewe

14.

Bab sing kudu diamati nalika maca teks profil tokoh yaiku.........

a)

Alur ceritane.

b)

Irah-irahane teks

c)

Babagan sing narik kawigaten sing tau dialami tokoh

d)

Gagasan lan tindak-tanduk tokoh sing bisa dituladha .

e)

Unsur ekstrinsik teks profil

15.

Ki Hajar Dewantara gedhe banget lelabuhane ing jagade pendidikan ing Indonesia. Sing klebu ajaran-ajarane sing dadi panutan yaiku .......

a)

Ing dhuwur aja gumedhe

b)

Ing mburi aja ngendoni

c)

Ing ngarsa sung tuladha

d)

Ing madya mangun karsa

e)

Tut wuri handayani

16.

Jelasna 6 urut-urutane / carane nggawe / nulis teks artikel prasaja/ sederhana !

4 lines
17.

Jelasna 4 hal sing kudu digatekake nalika ngringkes teks artikel !

4 lines
18.

Sebutna 4 wujude artikel  adhedhasar isi lan carane  !

4 lines
19.

Jelasna  4 perangan strukur teks artikel !

4 lines
20.

Gawea artiikel persuatip ngenani pentiinge sholat limang waktu !

4 lines