Font size
WorksheetsAsesmen Tengah Semester
Total questions: 30
Worksheet time: 23mins
Pandhawa iku cacahe ana ...
Siji
Telu
Papat
Lima
Sing dadi pambarepe pandhawa yaiku ...
Werkudara
Nakula
Yudhistira
Arjuna
Gambar wayang ing nduwur iki jenenge ...
Puntadewa
Werkudara
Arjuna
Sadewa
Ibune Nakula lan Sadewa yaiku Dewi ...
Kunthi
Madrim
Gandari
Sinta
Cacahe punakawan ana ...
Telu
Papat
Loro
Lima
Gambar Punakawan ing sisih ngisot iki jenenge ...
Gareng
Semar
Bagong
Petruk
Anake Semar sing awake lemu,mripate ombo lan lambene ndower yaiku...
Petruk
Semar
Gareng
Bagong
Tembang macapat iku kaiket dening wewaton kayata guru gatra,guru wilangan,lan guru lagu.Kang dikarepake guru lagu yaiku ...
Cacahing wanda saben sagatra
Cacahing gatra saben sapada
Tibaning swara ing pungkasaning gatra
Cacahing wilangan saben sagatra
Tembang ing ngisor iki kang kalebu tembang macapat yaiku...
Maskumambang
Cublak -cublak suweng
Pitik tukung
Padhang Mbulan
Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wiraga tegese...
Irama utawa intonasi
Obahing awak
Rasaning swasana ati
Pocapan cetha
Tulisan aksara jawa ing nduwur diwaca...
Rani tuku buku
Rini tuku buku
Rini tuku duku
Rini tuku soto
Wutah Getihe
Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelahi jagad nuswantara
Bumi pusaka wis kaawentar
Ombak -ombak samodra
Kencana kang ngrenggani
Wutah getihku daktresnani
....
Tegese bagaskara ana geguritan ing nduwur yaiku ...
Srengenge
Bumi
Wulan
Lintang
Tembang macapat sing gatrane paling akeh yaiku tembang .
Dhandhanggula
Asmaradana
Durma
Sinom
Urutane Pandhawa yaiku ...
Bima,Arjuna,Sadewa,Nakula,Puntadewa
Werkudara,Puntadewa,Arjuna,Sadewa,Nakula
Nakula,Sadewa,Puntadewa,Bima,Arjuna
Puntadewa,Werkudara,Janaka,Nakula,Sadewa
Miturut Serat Mahabharata,Arjuna iku putrane Bathara Indra.Nalika Dewi Kunthi mateg Aji Adityarendaya,yaiku aji panggendhaming dewa paringane Resi Druwasa.Arjuna uga sesilih Indratanaya kang tegese putrane Bathara Indra.Kesatriyane Arjuna ing Madukara,patihe asma Surata utawa Patih Rata.
Miturut Serat Mahabharata Arjuna iki putrane sapa?
Patih Rata
Resi Druwasa
Bathara Indra
Niwatakawaca
Wong kang nglakokake wayang diarani ...
(a)
Satriya Pandhawa sing kembar yaiku ...
(a)
Raden Arjuna iki kstariayane ana ing (a)
Punakawan sing awake dhuwur,irunge dawa lan wudele bodong yaiku ...
(a)
Gambar punakawan ing nduwur yaiku...
(a)
Geguritan iiu padha karo ... ing basa Indonesia
(a)
Cacahing guru gatra tembang Maskumambang ana...
(a)
Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani...
(a)
Nalika maca geguritan pangucapane vokal kudu...
(a)
Wong kang pagaweyane nabuh gamelan ana ing pagelaran wayang diarani...
(a)
Sebutna sapa wae sing kalebu Pandhawa!
(a)
Wayang kang kapacak ing gambar jlentrehna sapa jenenge lan gamane!
(a)
Sebutna 5 tembang macapat sing kok ngerteni!
(a)
Nadyan silih bapa biyung kaki nini
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan becik
Nora pantes yen den nuta
Sebutna guru gatra guru lagu lan guru wilangan tembang macapat ing nduwur!
(a)
Tulisna babagan kang kudu digatekake nalika maca geguritan!
(a)
