NEW
Font size
WorksheetsUH 1
Total questions: 10
Worksheet time: 10mins
Gatekna punggelan cerkak ing ngisor iki!
Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane adhem banget. Nanging, ora nyuda kekarepane bu Umi dodol Pohung menyang pasar. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing kelas 1 SMP.
Punggelan cerkak iku ngemu unsur intrinsik amarga ….
A. nuduhake watak lan tema
B. nuduhake alur lan amanat
C. nuduhake latar lan paraga
D. nuduhake susut pandang
Gatekna punggelan cerkak ing ngisor iki!
Dakjagang sepedha motorku ing parkiran. Aku mlebu kantor antri absen sedhela banjur gage-gage mlebu ruangan Tata Usaha, papan kerjaku saiki. Aku rada mlengak, wis jam setengah pitu ngene kanca kantor sing teka lagi siji.
Punggelan cerkak ing ndhuwur iku nuduhake pangripta migunakake sudut pandang ….
A. wong kapisan
B. wong kapindho
C. wong katelu
D. minangka pengamat
Gatekna punggelan cerkak ing ngisor iki!
Bu Umi biasane menyang pasar jam setengah lima esuk. Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar amarga pohung sing digawa kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali menyang omah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah.
Amanat kang trep kanggo punggelan cerkak ing ndhuwur iku nuduhake unsur ….
A. yen menyang pasar kudu wayah isuk
B. wis dadi kuwajibane anak ngrewangi wong tuwa
C. sadurunge budhal sekolah kudu ngrewangi wong tuwa
D. ngrewangi wong tuwa nalika mung repot wae
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
(1) Aku nggarap tugas karo kanca kelompok.
(2) Sanadyan taksih enjing, bulik sampun kesah.
(3) Ibu mundhut gendhis tigang kilo.
(4) Bapak gerah padharan.
Ukara kang nuduhake panganggone basa ngoko lugu manggon ing nomer ….
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
Mas Yudha wis kondur saka dinas luar kota.
Basa sing digunakake ing ukara kasebut yaiku ….
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama alus
D. krama lugu
Gatekna ukara ing ngisor iki!
(1) Simbah sampun tindak pendhapa badhe mirsani ringgit purwa.
(2) Mas Damar durung kondur saka nyambut gawe.
(3) Ibu arep ngaturaken undhangan kanggo bu RT.
(4) Mbak Yuni arep menyang sawah jam pira?
Tuladhane ukara kang migunakake basa krama alus manggon ing nomer ….
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
Mas, sampeyan benjing dikengken bapak dhateng Malang.
Basa kang digunakake ing ukara kasebut yaiku basa ….
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
krama alus
Sampeyan badhe kesah dhateng pundi?
Ukara kasebut nggunakake basa ….
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
Gatekna ukara ing ngisor iki!
(1) Sliramu arep kondur jam pira?
(2) Ibu, layangipun sampun kula aturaken dhumateng pakdhe.
(3) Mas Damar arep tindak jam pira?
(4) Dhayohe sapa ta, ndhuk?
Ukara kang nuduhake panganggone basa ngoko lugu manggon ing nomer ….
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
Gatekna ukara ing ngisor iki!
(1) Bayu, bu Ida ora rawuh mula awake dhewe diparingi tugas nggarap iki!
(2) Sampeyan sadean tekan jam pinten?
(3) Ibu punapa saestu badhe tindak dhateng dalemipun pakdhe?
(4) Watri, mengko sore gladhen drama ing omahku wae ya!
Ukara kang migunakake basa ngoko alus manggon ing nomer ….
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
