wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Sts Bahasa Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Geguritan asale saka tembung...

a)

Gegurit

b)

Ngurit

c)

Gurit

d)

Guritan

2.

Tembung "Gurit" artine ....

a)

Milih

b)

Tulisan

c)

Maca

d)

Cerita

3.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

4.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. Tantiningsih

d)

R.A. Kartini

5.

Diparingi hadiah bapak ngucapake ... .

a)

Nuwun sewu

b)

Nuwun pangapunten

c)

tindak pundi

d)

Maturnuwun

6.

Ketemu mbah wayah esuk ngucapake ... .

a)

sugeng dalu

b)

sugeng enjing

c)

sugeng siang

d)

sugeng selamet

7.

Cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku...

a)

siji utawa luweh

b)

ora bisa dietung

c)

loro utawa luweh

d)

akeh banget

8.

Piwulang kang diwedhar panggurit marang pamaca lumantar surasane geguritan diarani ....

a)

tema

b)

amanat

c)

lelewaning basa

d)

diksi

9.

Banyu

Dening : Miftahul Dina Anggraeni

Gemricik swaramu ing wayah esuk

Agawe tentrem ing ati

Kricik - kricik kaya tatanan tembang kang endah

Putih bening netes ing ndonya

Nggawe adhem ning sukma

Krasa seger ning njero kalbu

Kahananmu dadio tuladha ing jagad

Yen urip kudu terus mili

Kowe sumber panguripan manungsa

Kang digambarake sajroning geguritan yaiku ...

a)

gegambaran alam

b)

carane jaga alam

c)

tuladha tumindhak becik

d)

gegambaran banyu

10.

Tembung "Kricik - kricik kaya tatanan tembang kang endah" bisa dimangerteni lumantar pancadriya, yaiku ...

a)

pandeleng

b)

pangganda

c)

pangrungu

d)

pangecap

11.

Banyu

Dening : Miftahul Dina Anggraeni

Gemricik swaramu ing wayah esuk

Agawe tentrem ing ati

Kricik - kricik kaya tatanan tembang kang endah

Putih bening netes ing ndonya

Nggawe adhem ning sukma

Krasa seger ning njero kalbu

Kahananmu dadio tuladha ing jagad

Yen urip kudu terus mili

Kowe sumber panguripan manungsa

Surasaning geguritan kasebut yaiku ....

a)

kudu gemi gunakake banyu

b)

banyu dadi sumber panguripaning manungsa

c)

swara banyu bisa gawe ayeme ati

d)

banyu bisa nuwuhake uni kaya tatanan tembang

12.

Maca geguritan iku ora kaya maca cerkak amarga nggatekake intonasi lan praupan. Kang mangkono klebu maca ...

a)

seru

b)

cepet

c)

kritis

d)

endah

13.

Tetembungan sajroning geguritan ngemu teges kang jero. Mangkono nuduhake geguritan nggunakake basa sing ....

a)

pinilih

b)

endah

c)

cekak aos

d)

mentes

14.

Geguritan kang sapadane kasusun saka patang gatra diarani...

a)

gita nawagatra sapada

b)

gita caturgatra sapada

c)

gita pancagatra sapada

d)

gita saptagatra sapada

15.

Kangen

Dening : Edi Winarno

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis anakku

Umpama Jerman kuwi mung etan kali

Wis wingi-wingi dak parani

Adhedasar surasane, panggurit dhunungake dhirine minangka ....

a)

Ibu

b)

Sedulur

c)

Bapak

d)

Anak

16.

Kangen

Dening : Edi Winarno

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis anakku

Umpama Jerman kuwi mung etan kali

Wis wingi-wingi dak parani

Sawise maca geguritan, rasa pangrasane pamaca dadi ...

a)

Mongkog

b)

Seneng

c)

Sedhih

d)

Bungah

17.

Kangen

Dening : Edi Winarno

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis anakku

Umpama Jerman kuwi mung etan kali

Wis wingi-wingi dak parani

Paraga seng diantu ning geguritan kasebut yaiku ...

a)

Bapak

b)

Ibu

c)

Anak

d)

Sedulur

18.

Obahing awak nalika maca geguritan lan obah salumrahe diarani ...

a)

wicara

b)

wiraga

c)

wirasa

d)

wirama

19.

Nalika maca geguritan bisa ngrasakake surasane geguritan, kaya susah, seneng, getun, nesu, lan sapanunggale diarani...

a)

wirasa

b)

wicara

c)

wirama

d)

wiraga

20.

Ide pokok kang dadi dhasare geguritan, yaiku ...

a)

Intonasi

b)

Tema

c)

Amanat

d)

Swasana