NEW
Font size
WorksheetsPTS BAHASA JAWA
Total questions: 33
Worksheet time: 8hrs 15mins
Tembang dolanan ing dhuwur dumadi saka ... gatra.
5
6
7
8
Sing diarani panganan sehat yaiku ....
panganan sing regane larang
panganan sing jinise akeh
panganan iku rasane kudu sing enak
kudu duwe kandhutan gisi sing akeh
Panganan 4 sehat 5 sempurna saora-orane kudu ngenal apa sing diarani ...
karbohidrat, lemak, lelawuhan, vitamin, obat-obatan, sesayuran, sarta susu
panganan baku, lelawuhan, bahan pengawet, sesayuran, mineral lan buwah
panganan baku, panganan utama, sesayuran, lelawuhan,lan buwah lan susu
panganan baku, karbohidrat, panganan utama, lelawuhan, sesayuran, lan lemak
Jinise panganan kayata tela kendhang, gandum, lan beras kalebu jinise ...
lelawuhan
sesayuran
mineral
karbohidrat
Jinis lelawuhan sing akeh ngandhut protein yaiku ...
tahu, tempe, wortel, endhog
tahu, tempe, endhog, iwak
kenthang, tela jagung, gandum
tomat, kangkung, sawi, lan bayem
Pangan sing sehat kudu murakabi tumrap kesehatane awak.
Tembung "murakabi" tegese ...
mbebayani
nyukupi
nulayani
ngasilake
ing ngisor iki sing diarani ater-ater tripurusa yaiku...
dak-/tak- , kok- , di-
kuma-,kami-, kapi-
sa-, pa-, pi-, tar-, pra-
am-, an-, any-, ang-
Adhik wingi ... (pundhut) dolanan dening Bulik Lastri.
Tembung sajrone kurung yen didadekne tembung andhahan sing trep yaiku ...
takpundhutake
dipundhutake
mundhut
mundhutake
Kowe kuwi wis gedhe kok panggah isisnan, piye ta?
Tegese imbuhan jroning tembung "isinan" yaiku ...
nindakake
ngongkon
duwe sipat
barang
Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....
Geguritan
Paribasan
Pantun
Tembung
Kumpulan larik kang selaras diarani ....
Bait
Tembung
Larik
Irah-irahan
Wirama yaiku ....
Kumpulan larik kang selaras
Tujuane penulis gawe geguritan
Endhek-dhuwur, cendak-dawa, utawa alus kasare swara seng diucapake
Tembung seng ora sebenere
Kita kudu gemi energi supaya ora kentekan.
Tembung gemi tegese ....
Awet
Boros
Utuh
Irit
Budhe badhe ... pundhi?
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....
Tindak
Lunga
Kesah
Wangsul
Nalika penulis ngarang teks geguritan miwit kanthi netepake ....
Tema karangan
Judul karangan
Isi karangan
Kesimpulan karangan
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....
Guyub rukun
Sapu sada
Adiwiyata murih rahayu
Jumat asri
Wirama yaiku ....
Kumpulan larik kang selaras
Tujuane penulis gawe geguritan
Endhek-dhuwur, cendak-dawa, utawa alus kasare swara seng diucapake
Tembung seng ora sebenere
Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani ....
Wirama
Purwakanthi
Surasa
Sastra
Tema geguritan bisa ditemoake kanthi cara ....
Ngerungokno kanthi saksama
Ngerungokno kanthi ngomong
Maca geguritan kang titi
Maca kanthi ngomong
Tembung-tembung sing dipilih kanggo nulis geguritan yaiku tembung-tembung kang ....
Mentes lan mantesi
Lumrah digunake
Angel dingerteni
Ora tau digunakake
“Nerangake guyub rukune kulawarga iku kena kanggo tepa tuladha” yaiku termasuk bagian .... ing geguritan
Surasa / makna
Larik
Pada / bait
Tembung
Raden Gatotkaca kuwi satria sing gagah .......
prakosa
mandraguna
duwur
gantheng
Ukara ing ngisor iki sing kalebu tembung saroja yaiku... .
Ibuku mususi beras ketan ing pawon.
Adhiku nangis gulung-koming.
Bola-bali mangan ancene weteng karet.
Kabare ngenani rajapati wis sumebar warata ing ngendi-endi.
.....walik. lengkapi tembung sarojo iki
Jungkir
tibo
ngarep
maju
Ora becik ngalap berkah ing kuburan, artine
Tidak bagus mencari berkah di kuburan
Tidak bagus menunggu berkah di kuburan
Tidak bagus meminta berkah di kuburan
beber kabeh
Dadi bocah kudu andhap asor marang wong tuwo... artine andha asor
sopan santun
ngelamak
uanggah ungguh
rendah hati
Saben liwat tanduran sinawang ijo...
Memplak
Branang
Royo-royo
Gadhing
Wartini iku bacahe ayu, alise.....
Nawon kemit
Blalak-blalak
Miji timun
Nanggal sepisan
Isenana tembung camboran sing mathuk!
Yen ana wong nginang mesthi ana ...
bulik
tata tertib
cilik
dubang
Isenana tembung camboran sing mathuk!
Pirang pirang ndino ora doyan mangan, awake kari ...
jiro
tuwa
wadon
lunglit
Isenana tembung camboran sing mathuk!
Akeh sing padha turu, sing melek kari ..
wadon
jiro
cilik
tuwa
tukar padu mbarakake buyar lan permusuhan. paribasan seng cocok yaiku...
crah agawe bubrah
rukun agawe sentosa
cancut tali wanda
gotong royong
basa kramane gula yaiku...
gendhis
tigan
uwos
tuyo
