wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

wayang "jenengku gathutkaca"

Total questions: 10

Worksheet time: 9mins

Name
Class
Date
1.

Aku mung bisa nangis kekejer lan mancal-mancal. Bapakku Werkudara lan Ibu Dewi Arimbi kaya lagi kerubuhan gunung. Mengkono uga sing padha rawuh. Sri Bathara Kresna, Uwa Prabu Puntadewa, Paman Arjuna, Paman Nakula lan Sadewa uga melu sungkawa. Takdeleng panakawan, Uwa Semar, si Gareng, Petruk, lan Bagong sing biasane cengar-cengir uga melu sedhih.

Pratelan kang cithak kandel kasebut nudhuhake unsur instrinsik wayang kang diarani?

a)

alur

b)

tema

c)

latar swasana

d)

paraga

2.

Aku mung bisa nangis kekejer lan mancal-mancal. Bapakku Werkudara lan Ibu Dewi Arimbi kaya lagi kerubuhan gunung. Mengkono uga sing padha rawuh. Sri Bathara Kresna, Uwa Prabu Puntadewa, Paman Arjuna, Paman Nakula lan Sadewa uga melu sungkawa. Takdeleng panakawan, Uwa Semar, si Gareng, Petruk, lan Bagong sing biasane cengar-cengir uga melu sedhih.

Saka pratelan teks wayang kasebut nundhuhake sudut pandang wong kapira?

a)

wong kapisan

b)

wong kapindho

c)

wong katelu serba tahu

d)

wong katelu terbatas

3.

Aku digawa mabur, dilebokake ing kawah Candradimuka, digodhog bareng karo gamane para dewa. Aku nangis nanging arep kepriye maneh. Urip iku saderma nglakoni. Kabeh wis ana sing mranata. Kita mung kudu njaga kautaman lan tumindak becik. Aku pinaringan klambi wujud kotang Antrakusuma lan ajian Suryakantha. Aku bisa mabur tanpa swiwi. Jenengku Gathutkaca .

Pratelan ana ing dhuwur latar panggonanae yaiku ana ing…

a)

kayangan

b)

kerajaan ngastina

c)

omahe gathutkaca

d)

kawah candradimuka

4.

Aku digawa mabur, dilebokake ing kawah Candradimuka, digodhog bareng karo gamane para dewa. Aku nangis nanging arep kepriye maneh. Urip iku saderma nglakoni. Kabeh wis ana sing mranata. Kita mung kudu njaga kautaman lan tumindak becik. Aku pinaringan klambi wujud kotang Antrakusuma lan ajian Suryakantha. Aku bisa mabur tanpa swiwi. Jenengku Gathutkaca .

Pituitur luhur  kang ana ing pratelan dhuwur yaiku …

a)

Wong urip nang ndonya iku mung saderma nglakoni, manut marang takdire Gusti lan tansah tumindak becik.

b)

urip iku saderma wae.

c)

urip kang becik supaya pinaringan klambi kotang antrakusuma

d)

urip ora kudu tumindak becik, kabeh wis ana sing mranata.

5.

Temenan bareng warangka Kuntawijaya ditamakake ing ari-ariku, krasa mak thes. Getih abang netes. Ari-ariku pedhot. Kabeh padha bungah. Aku nangis maneh tandha gumbira. Nanging aneh, warangka sing kanggo ngethok ari-ari mau ilang musna.

Ana ing pratelan nduwur, latar swasanane yaiku…

a)

susah

b)

bungah

c)

tegang

d)

ayem tentrem

6.

Dumadakan ana sing teka. Pawakane lemu bunder. Anehe bisa mabur. Tekane mau saka langit.

”Prekincong..prekincong waru dhoyong ditegor uwong..lere..lere..kali codhe sapa sing nduwe.. Ingsun sing prapta Werkudara. Anakmu si Tetuka bakal dakgawa, disraya para dewa.”

”Hmm.. Narada dewaku, digawa kepriye? Wong bayi isih abang, lagi pupak pusere?”

”Aku ra papa.. percayaa karo para dewa. Anakmu iki bakal bisa mikul dhuwur mendhem jero. Dewa saiki golek jago. Ana ratu buta Kala Pracona. Ora ana sing bisa nandhingi kejaba si Tetuka”

Ana ing pratelan dhuwur, paraga Tetuka yaiku….

a)

arjuna

b)

werkudara

c)

Gathutkaca

d)

narada

7.

Dumadakan ana sing teka. Pawakane lemu bunder. Anehe bisa mabur. Tekane mau saka langit.

”Prekincong..prekincong waru dhoyong ditegor uwong..lere..lere..kali codhe sapa sing nduwe.. Ingsun sing prapta Werkudara. Anakmu si Tetuka bakal dakgawa, disraya para dewa.”

”Hmm.. Narada dewaku, digawa kepriye? Wong bayi isih abang, lagi pupak pusere?”

”Aku ra papa.. percayaa karo para dewa. Anakmu iki bakal bisa mikul dhuwur mendhem jero. Dewa saiki golek jago. Ana ratu buta Kala Pracona. Ora ana sing bisa nandhingi kejaba si Tetuka”

Ana ing pratelan dhuwur, paraga kang nggawa tetuka marang kayangan yaiku….

a)

Arjuna

b)

Werkudara

c)

Gathutkaca

d)

Narada

8.

Temenan bareng warangka Kuntawijaya ditamakake ing ari-ariku, krasa mak thes. Getih abang netes. Ari-ariku pedhot. Kabeh padha bungah. Aku nangis maneh tandha gumbira. Nanging aneh, warangka sing kanggo ngethok ari-ari mau ilang musna. Uwa Arjuna bingung lan kaget. Prabu Kresna mung mesem lan ngendika supaya aku dijaga lan diadohna saka Kuntawijayane Adipati Karna nganti tekan wektune. Aku ora ngerti apa maksud ngendikane. Dumadakan ana sing teka. Pawakane lemu bunder. Anehe bisa mabur. Tekane mau saka langit.

Saka pratelan ing dhuwur, alur kang ana ing crita yaiku…

a)

maju

b)

mundur

c)

campuran

d)

maju mundur

9.

Aku digawa mabur, dilebokake ing kawah Candradimuka, digodhog bareng karo gamane para dewa. Aku nangis nanging arep kepriye maneh. Urip iku saderma nglakoni. Kabeh wis ana sing mranata. Kita mung kudu njaga kautaman lan tumindak becik. Aku pinaringan klambi wujud kotang Antrakusuma lan ajian Suryakantha. Aku bisa mabur tanpa swiwi. Jenengku Gathutkaca .

ana ing pratelan dhuwur nudhuhake sifat saka Gathutkaca yaiku …

a)

ora becik

b)

sabar lan nrima ing pandum

c)

kereng

d)

licik

10.

Weruh Ibu Arimbi nangis, aku melu nangis maneh, tambah banter. Ari-ariku isih gandheng karo awakku. Bapakku Werkudara wis nyoba nganggo kuku Pancanaka, ora bisa. Kembang Wijaya Kusuma kagungane Uwa Kresna ora masah. Pasopati lan Arda Dedaline Uwa Arjuna uga ora mempan. Sanjata Cakra kagungane Uwa Kresna malah ngetokake geni mletik-mletik, ning pancet ari-ariku ora bisa pedhot.

Bebarengan karo Bathara Kresna kabeh padha muji donga, padha prihatin supaya enggal nemu pepadhang. Akhire rawuh Buyutku, Begawan Abiyasa. Panjenengane banjur ngutus paman Arjuna nyuwun pitulungan pusaka marang dewa. Baline ngasta sarunge pusaka Kuntawijaya.

Nilai moral kang isih relevan saka pratelan ing dhuwur yaiku…

a)

kudu pasrah

b)

kudu tansah usaha lan ndedonga

c)

urip mung saderma wae

d)

yen ibu sedih, anak melu sedih