WorksheetsUH 2 BAHASA JAWA
Total questions: 20
Worksheet time: 2hrs 40mins
Omong-omongan antarane wong loro utawa luwih babagan salah sawijine bab kang ditindakake kanthi langsung diarani ....
persuasi
eksposisi
pacelathon
narasi
Jeneng liyane pacelathon yaiku ....
pidhato
wara-wara
dhialog
pawarta
Wong kata diajak omongan ing pacelathon diarani ....
panutur
mitra tutur
tuturan
pamedhar sabda
Pacelathon saka tembung celathu entuk ater-ater pa- lan panambang ...
-on
-un
-in
-an
Pacelathon kang nduweni tujuwan supaya mitra tuture gelem nindakake apa kang dikarepake diarani ...
menehi hiburan
menehi duka
menehi informasi
sarana pangajak
Ing ngisor iki klebu ancas pacelathon kajaba ....
menehi informasi
menehi hiburan
sarana pangajak
sarana ngapusi
Pacelathon iku ditiindakake paling sithik ... wong
1
2
3
4
Nalika omongan karo wong kang wis akrab banget migunakake ragam basa ....
krama lugu
ngoko lugu
krama alus
ngoko alus
Unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi ......
4
3
2
1
Kanggo nggampangake gawe pacelathon, diwiwiti saka nemtokake ...
jenenge paraga
tema pacelathon
tujuwane pacelathon
swasana pacelathon
Pacelathon bisa kalaksanan menawa ditindakake paling sithik wong cacah ...
lima
papat
telu
loro
Unggah-ungguh kang becik nalika tetepungan yaiku ...
bengak-bengok saka kadohan
nyedak karo meneng
nyedak karo ngajak salaman
mripate ngawaske wong liya
Tuladha ukara kang becik kanggo tetepungan marang wong liya yaiku ....
"Halo, kenalan yo!"
"Eh, kenalan yok! Jenengmu sapa?"
"Mas, kowe wong ngendi?"
"Mbak, nderek nepangaken nama kulo Jono, panjenengan?"
Semaken pacelathon ngisor iki!
Firdaus : "Coba padha nyedhak mrenea dakkandhani, omong-omomh sinambi sinau. Listrik iku bisane murup kanthi tenaga kang nggegirisi banget, yaiku disel arane PLTD, banyu arane PLTA, lan uap arane PLTU."
Nurwan : "Mas Firdaus, aku tahu krungu saka berita TV kae, jare ana kang nganggo tenaga surya."
Ardi : "Surya sapa mas? Kancane budhe Anwar kae ya?"
Rembugane para paraga iki mau nggunakake setting ing ...
omah
sekolah
kantor
pinggir dalan
Ukara ing ngisor kang migunakake ragam ngoko lugu yaiku ....
kowe wingi neng ngendi?"
mbak, aku nyuwun jajan maneh
ibu kesah nyambut damel
ibu tindak dhateng Surabaya
Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Ibu : "Srengenge wes mlethek, lampu kamarmu yen arep budhal sekolah aja lali dipateni."
Arka : "Inggih Bu, kula boten ngantos kesupen. Matur nuwun."
Pacelathon kasebut ditindakake nalika wayah ....
isuk
awan
sore
bengi
Pacelathon kudu nggunakake ragam krama yen paragane antarane .....
bocah cilik marang wong enom
wong enom karo wong enom
wong tuwa karo wong enom
wong tuwa karo kancane
Tegese unggah-ungguh basa yaiku ....
sopan santune wong-wong jawa
sopan satun, tata susila, tata pranata
kebiasaane wong jawa marang liyane
sopan satntun, tata susila, tata pranatane basa sing tujuwane kanggo ngajeni wong liya
Gatekna pacelathon ing ngisor!
Bima : "Niku ing luar Jawa, Pak, ingkang dereng wonten listrik."
Pak Bawa : "Ya yen wis ngerti, saiki TV ne ndang dipateni."
Bima marang Pak Bawa migunakake ragam ....
krama lugu
ngoko lugu
ngoko alus
krama alus
Ragam krama alus saka tembung "turu", yaiku ....
siram
sare
unjuk
mundhut
