Worksheetslat sts bj
Total questions: 31
Worksheet time: 16mins
Name
Class
Date
1.
Saka prethelan crita ing dhuwur, latar panggonan kang trep yaiku ….
a)
Ana ing omahe Adri
b)
Ana ing kantor kecamatan
c)
Ana ing sakulone omah
d)
Ana ing omahe Pak Camat Heru
2.
Geneya kok nganti Mboh Rah ora ngerti ana ing ngendi Wawan ……
a)
Merga wawan dolanan karo dhik Adri
b)
Merga wawan ora pamit naika dolan
c)
Merga ibu lan bapake menyang kecamatan
d)
Merga dheweke lagi nggoreng kopi ing pawon
3.
Jebule Wawan ana ing ngendi ……
a)
Ana ing mahe Adri
b)
Ana ing kamare ibune lagi dolan
c)
Ora ana sing meruhi merga isih digoleki
d)
Ana ing kali mburi omah
4.
Saben crita mesti nduweni tema, apa kang diarani tema …
a)
Undhering (inti) crita
b)
Puncaking crita
c)
Paraga kang ana ing crita
d)
Panggonan kang ana ing crita
5.
Bu Maryati tindak menyang Jakarta nitih ….
a)
sepur argajali
b)
sepur argawilis
c)
sepur argapura
d)
sepur arga dwipangga
6.
Bu Maryati iku putrane ana … .
a)
2
b)
3
c)
4
d)
5
7.
Bu Maryati wis marem atine, sebab ….
a)
Pak Satmoko ninggali warisan sing akeh
b)
Anake dadi sarjana lan padha cekel gawe
c)
Seno anake ragil arep dadi manten
d)
Bisa menyang Jakarta numpak sepur
8.
Bu Maryati dicedhaki sawijining kenya. Kenya tegese pada karo … .
a)
Wong wadon isih enom
b)
Wong lanang isih enom
c)
Wong wadon wis tuwa
d)
Wong lanang wis tuwa
9.
Amanat kang bisa dijupuk saka cerkak Tilas Murid yaiku … .
a)
dadi guru iku ing endi-endi bakal ketemu muride, mulane aja nganti marang muride
b)
aja gampang percaya marang wong liya, senajan ngakune tilas murid.
c)
Yen dadi murid kudu tansah nyapa marang gurune
d)
putrane bu Maryati wis mapan kabeh uripe.
10.
Unen-unen kang ajeg panganggone nduweni teges wantah lan ora dipindhakake, teges saka …..
a)
Paribasan
b)
Bebasan
c)
Saloka
d)
Pepindhan
11.
Unen-unen “Desa mawa cara negara mawa tata” kalebu …..
a)
Paribasan
b)
Bebasan
c)
Saloka
d)
Wangsalan
12.
Unen-unen “kacang ora ninggal lanjaran” kalebu ….
a)
Bebasan
b)
Saloka
c)
Paribasan
d)
Cangkriman
13.
Para murid ora biyasa nggunakake basa krama alus lan ngetrepake andhap asor . Tembung andhap asor kalebu tembung ….
a)
Saroja
b)
Entar
c)
Camboran
d)
Wangsalan
14.
Janur Gunung, kadingaren kok sambang mrene. Janur gunung tegese ……
a)
Klapa
b)
Aren
c)
Tebu
d)
Klaras
15.
Kebo nusu gudhel, tegese …..
a)
Wong tuwa kasrakat merga kakean anak
b)
Wong tuwa kang njaluk wurug marang wong enom
c)
Wong kang bingung merga ora ngerti apa apa
d)
Wong kang tansah ngajeni marang liyan
16.
Bebasan sing tegese ora adil, yaiku ....
a)
Arep jamure ora arep watangane.
b)
Ora uwur ora sembur
c)
Rebutan balung tanpa isi
d)
Emban cinde emban siladan
17.
Paribasan sing tegese ora duwe apa-apa, ora gelem ikhtiyar nanging kepingin dadi panguwasa, yaiku....
a)
Adang-adang tetesi embun.
b)
Blilu tau, pinter durung nglakoni.
c)
Cebol nggayuh lintang.
d)
Durung pecus keselak besus.
18.
Saloka sing tegese wong asor/ala wewatekane nanging sugih bandha donya, yaiku ..
a)
Asu belang kalung wang.
b)
Bathok bolu isi madu.
c)
Cecak nguntal empyak.
d)
Dom sumurup banyu.
19.
Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut aturan unggah-unggahe yaiku …..
a)
Kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu.
b)
Kula empun nedha arta, nanging dereng disukani kalih ibu.
c)
Kula sampun nedhi yatra, ning dereng disukani kalih ibu.
d)
Kula empun nedhi yatra nanging dereng diparingi ibu.
20.
Kutha kang disebutake ana ing sajrone cerita cekak ”Tilas Murid”, yaiku ... (JAWABAN LUWIH SAKA SIJI)
a)
Solo
b)
Surabaya
c)
Padang
d)
Jakarta
e)
Malang
21.
Jinis pakaryan apa wae kang disebutake ana ing cerita cekak ”Tilas Murid ”...(JAWABAN LUWIH SAKA SIJI)
a)
Guru
b)
Dokter
c)
Pengacara
d)
Tentara
e)
Polisi
22.
Kang kalebu tembung saroja yaiku ….
a)
Cilik atine
b)
Babak bundhas
c)
Lemari kaca
d)
Tambal ban
e)
Peteng dhedhet
23.
Kang kalebu Saloka yaiku ….
a)
Anak polah bapa kepradah
b)
Belo melu seton
c)
Bebek mungsuh mliwis
d)
Ancik-ancik pucuking eri
24.
Cerkak nduweni telu unsur, yaiku ekstrinsik , intrinsik lan katrinsik.
a)
BENER
b)
SALAH
25.
Bapak teka Surabaya kalawingi sonten nitih bis. Tembung teka basa kramane rawuh.
a)
BENER
b)
SALAH
26.
Unen-unen Asu belang kalung wang kalebu saloka, merga dipindhakake nganggo kewan. Teges saka unen-unen "asu belang kalung wang" yaiku wong asor nanging sugih kapinteran.
a)
BENER
b)
SALAH
27.
Jenang gula, aja lali marang aku. Jenang gula tegese glali.
a)
BENER
b)
SALAH
28.
Tata krama marang guru kudu tansah dicakake dening sapa wae, utama para bocah kang sekolah. Salah siji wujud tata krama marang guru yaiku bocah kudu nganggo basa ngoko yen ngomong karo gurune.
a)
YA
b)
ORA
29.
Ukara kang wasesane oleh ater-ater tripurusa diranani ukara tanduk.
a)
YA
b)
ORA
30.
Gajah ngidak rapah, kalebu unen unen Saloka, amarga dipindhakake kanggo kewan.
a)
YA
b)
ORA
31.
Paribasan, Bebasan, Saloka kalebu basa rinengga
a)
YA
b)
ORA
100 %
