wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

B JAWA kls 3

Total questions: 25

Worksheet time: 16mins

Name
Class
Date
1.

bu guru (gawa) buku

a)

nggawa

b)

mbekta

c)

njinjing

d)

ngasta

2.

tembung kramane sirah...

a)

Mustaka

b)

Rikma

c)

Suca

d)

Paninggal

3.

Ani bali saka sekolah, Ibu ..... saking peken.

a)

Tindak

b)

Kondur

c)

Rawuh

4.

Basa kramane teka yaiku ...

a)

Rawuh

b)

Kondur

c)

Tindak

5.

Basa kramane gawa yaiku ...

a)

Ngasta

b)

Damel

c)

Nyekel

6.

Anggone urip lan nyambut gawe direwangi adus kringet.

Adus kringet tegese ....

a)

nyambut gawe abot

b)

sumuk

c)

urip e kepenak

d)

sinau tenanan

7.

Rampung garap ulangan Matematika , Galang katon padhang pikire.

Padhang pikire tegese ....

a)

seneng lan lega

b)

dadi susah atine

c)

kuwatir rasane

d)

bingung

8.

Amarga saben dina dolanan Game Online, anggone sinau mung bisa ngemut driji.

Ngemut driji tegese ....

a)

nomer siji

b)

entuk ngelmu

c)

ora entuk apa-apa

d)

drijine pegel

9.

Yen senengane ngekep dhengkul, mesthi uripe nakal rekasa.

Ngekep dhengkul tegese ....

a)

wegah sinau

b)

wegah nyambut gawe

c)

seneng nyolong

d)

dadi gawe

10.

Tegar digoleki ora ketemu-ketemu, Pak Guru nganti entek atine.

Entek atine tegese ....

a)

minder

b)

kuwatir banget

c)

ora diteruske

d)

ora oleh apa-apa

11.

Mangsa udan diarani mangsa ....

a)

rendeng

b)

ketiga

c)

banjir

12.

Yen akeh bledug, angin, panas, iku biasane mangsa?...........

a)

paceklik

b)

ketiga

c)

rendheng

13.

Langit peteng /mendhung, angin banter lan ana suara gluduk kalebu pertandha ...

a)

Ketiga

b)

Bedhiding

c)

Arep udan

14.

Yen akeh bledek, angin, udan iku biasane mangsa?...................

a)

panas

b)

Rendheng

c)

adem

15.

Kang kalebu tanda mangsa rendheng yaiku ... .

a)

hawane panas

b)

tanduran akeh sing mati

c)

udah saben dina

16.

Ing Mangsa Rendheng sawah sawah pada ditanduri pari.

Tembung Mangsa tegese ... .

a)

Udan

b)

Wayah

c)

Terang

17.

Sing ora kalebu jinise tetuwuhan sing iso ditandhur ing mangsa rendheng yaiku ....

a)

pari

b)

jagung

c)

semongko

18.

Tanduran sing bisa urip ing mangsa ketiga yaiku..

a)

Telo

b)

Kubis

c)

Sawi

19.

Dina Minggu esuk, udakara jam enem aku wis dandan necis.


Tembung "udakara" ing ukara kapisan kasebut tegese… .

a)

pas

b)

pinuju

c)

nalika

d)

kira-kira

20.

Menawa matur karo kanca kang sapadha-padha, becike nggunakake unggah-ungguh sing bener.


Ukara iku migunakake unggah-ungguh basa…

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

21.

Menawa matur karo bapak, ibu, guru, lan para pinisepuh becike nggunakake unggah-ungguh sing bener.


Ukara iku migunakake unggah-ungguh basa…

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

22.

Pak aku arep tuku buku dongeng, nanging ora duwe dhuwit kepriye, Pak?


Yen diowahi dadi karma sing becik yaiku…

a)

Pak aku arep mundhut buku dongeng, nanging ora kagungan dhuwit kepriye, Pak?

b)

Pak aku arep tumbas buku dongeng, nanging ora gadhah dhuwit kepriye, Pak?

c)

Pak, kula badhe tumbas buku dongeng, nanging boten gadhah arta kados pundi, Pak?

d)

Pak, kula badhe mundhut buku dongeng, nanging boten kagungan arta kados pundi, Pak?

23.

Crita pengalaman kang becik kudu runtut, yaiku ana…

a)

Pambuka lan panutup

b)

Irah-irahan, pembuka, panutup

c)

Pambuka, isi, panutup, lan keterangan liyane

d)

Irah-irahan, isi, panutup, lan keterangan liyane

24.

Crita ngenani kadadeyan (peristiwa) sing nate dialami dhewe diarani crita... .

a)

rakyat

b)

novel

c)

cekak

d)

pengalaman

25.

Nulis crita pengalaman pribadi iku supaya gampang sing luwih dhisik ditindakake…

a)

Gawe irah-irahan

b)

Gawe pitutur luhure

c)

Gawe cengkorongan

d)

Nemtokake topik utawa temane crita