NEW
Font size
WorksheetsQuiz Badhe Mantu Jawa
Total questions: 13
Worksheet time: 9mins
Urut-urutan sedurunge pawiwahan mantu, yaiku ....
Nontoni, Panembung, Liru Kalpika, Akad, Pawiwahan
Panembung, Nontoni, Liru Kalpika, Akad, Pawiwahan
Liru Kalpika, akad, Pawiwahan
Nontoni, Liru Kalpika, Pawiwahan
Ancas saking tumindak nontoni bakal panganten, yaiku
Kanggo pados seduluran
Kanggo golek sisik melik bakal panganten
Liru kalpika lan slametan
Kagem adicara mantu
Tumindak ingkang dilampahaken dening tiyang sepuh lare jaler nembung dening tiyang sepuh lare estri, dipunwastani ...
Paningset
Nontoni
Nglamar
Liru Kalpika
Dhasar hanjodhoaken lare wonten 3, yaiku
bobot, Watak, Sugih
Bibit, Bebet, Watak
Watak, Akhlaq, Bandha
Bibit, Bebet, Bobot
Bab kang perlu digatosaken nalika jodhoaken anak yaiku bobot, kang ndhuweni teges...
Kawontenan kadonyan
Blegere awak
Bobot bakal panganten
Watakipun
Bab kang perlu digatosaken nalika jodhoaken anak yaiku bebet, kang ndhuweni teges...
Kawontenan kadonyan
Ngenani Watak
Blegere awak
Ayu/Baguse pasuryan
Bab kang perlu digatosaken nalika jodhoaken anak yaiku bibit, kang ndhuweni teges...
Ngenani tatalair/kesehatan
Kawontenan kadonyan
Ayu / Baguse rupa
Blegere awak
Ingkang kalebet paningset baku, yaiku ...
Kalpika, stagen, tebu wulung, gedhang setangkep
Kalpika, gedhang setangkep, sinjang truntum
Jeram gulung, kalpika, Sindur
Kalpika, Stagen, Sindur, Sinjang truntum
salah satunggaling paningset baku yaiku kalpika. Kalpika uga isa diarani ...
Ali-ali
Gelang
Kalung
Mahar
Minangka tandha resmining pepancangan, biasane dilakoni tatacara apa?
Midodareni
Liru Kalpika
Adol Dawet
Panggih Manten
Werdi saking suruh ingkang matemu rose yaiku ...
Rasa tunggal antawisipun jaler lan estri
Kanggo pasemon bilih sampun sah dados garwa
Pasemon bilih jaler lan estri nyawiji
Kanggo pasemon bebrayaning bale wisma
Ingkang kalebu tatacara adat krobongan, yaiku ...
Dhahar kembul, sungkeman, kacar kucur, sinduran
Sinduran, midak endog, Dulangan, kacar kucur
Dhahar Klimah, Midak endog, kacar kucur, bobot timbang
Dhahar klimah, kacar kucur,bobot timbang, sungkeman
Wujud nafkah lahir saking manten kakung dhateng manten putri menika dipunlantaraken saking prosesi
Balangan gantal
Kacar kucur
Dulangan
Bobot timbang
